Senin, 18 April 2016

Puisi (Geguritan) Balada Bahasa Jawa



BALADA ANAK LANANG
(marang Suripan Sadi Hutomo)

Iki critane si anak lanang
sing duwe gegayuhan ngregem kerlipe konang
sarana getih putih dheweke ngilangi pupuk lempuyang

Bapa! Bapa! Aja tegakna anakmu mlaku
jer nyatane lagi ajar nyekel garu lan luku
durung pana endi kerlipe lintang
gampang kapilut gumandhang swarane kompyang
Bapa! Bapa! Anakmu lumaku
lagi bisa kudhungan tumbu
lagi bisa sruwalan kacu
aja tegakna aja jorogna
anakmu sing klebu kedhunge samodra

Piwelingmu piweling bapa
piwulangmu piwulang brahmana
Panggah daklacak satriya kang angejawa
sing tetembangan Kinanthi lan Dhandhanggula
        Kalamunta wus winengku
        kadya sumpahing prajurit
        nguri-nguri kabudayan
        weh kuncara sastra jawi
        aywa lena ing paningal
        aja kendhang jroning warih

        Jejering panggurit tama iku
        santosa lir kridhane turangga
        pindha arga upamane
        jroning ngrungkebi wahyu
        winahya mring dhiri pribadi
        tetapa lara lapa
        sumpah trus winengku
        datan melik bandha donya
        ngugemi jejering gunawan utami
        labuh mring kabudayan

Iki critane si anak lanang
sing kasasar ing dalan cawang
mbuwang kembang banjur milih bathang
awit kapilut pocape kadang
Jare ana gumuk emas
anak lanang nglalekke wekas

Gojag-gojeg batine si anak lanang
gojag-gojeg si tukang kendhang
gojag-gojeg sedyane si tukang satang
Bapa! Bapa! Anak lanang kabotan pikir
kadereng rambatane guritan saya kapuntir
jare Jawa jumawa tanpa waja
dene jiwa jinawi tanpa yuwana
Eman-eman wong Jawa kaya kedanan
lunga sawah nganggo sepatu suthik tudhungan
eman-eman wong manca saya kepranan
kabudayan sing wis suwe dadi sirikan

Iki tekade si anak lanang
maju perang tanpa rowang
sangu tumbak paringane sang maha guru
japa mantra aji sekti trus lumintu
        “Anak lanang! Anak lanang!
        langit mlerah mbranang abang
        aja disengguh cabe lempuyang
        Anak lanang! Anak lanang!
        njomplang singgasana sang Giri Nata
        yagene sliramu malah dolanan dahana?
        Anak lanang! Anak lanang!
        endi sedyamu ngruwat si prawan Wuri
        Mahesasuramardini wanita patrap kemaki?”
Bapa! Bapa! Adhuh lungkrah iki kunarpa
adoh daksasak wana wasa
Endi dununge Angin Sumilir
Sedya dakiling isining takir!

Ambal Kebumen, Januari 1997
(Panjebar Semangat. No. 25-Tgl. 21 Juni 1997)

2 komentar: