Kamis, 28 April 2016

Geguritan



DAYANING SASTRA
Tembung-tembung kang ginantha lelarikan,
Tinata binaris kadya bata,
Sinambung pinetung manut ukuran,
Dene banjur kasinungan daya.

Kumpule bata dadi yayasan,
Aweh nggon apik, brukut, sentosa,
Ngepenakake wong urip babrayan,
Semono dayane bata tinata.

Gegedhongan tembung kang mawa isi,
Katiyasane ngungkul-ungkuli.
Wohing laku,pamikir, lan pangarsa,
Para empu, pujangga, sarjana.

Simpen,ginebeng, ing gegubahan,
Mawindu-windu dadi turutan.

R. Intoyo
(Kejawen no.26 - 1 April 1941)

0 komentar:

Posting Komentar