Warti lagi judeg. Amerga ditakoni wae dening Ardi,
anake lanang ontang-anting kang lagi umur udakara limang taunan kuwi.
“Mak, Bapak sesuk yen bakda bakal teka ya Mak?”
“Iya le… Bapak suk mben teka.” Wangsulane kepeksa
goroh kanggo ngayem-ayemi atine Ardi.
“Asyikkk…. Aku suk malem bakda iso dolanan kembang api
karo Bapak, kaya Mbak Ade karo Mas Riyan yo Mak?” tembunge sajak seneng banget,
bayangne; ndah neya seneng-e atine mengko iso dolanan kembang api karo Bapak-e,
kaya sedulur-sedulur misanane yen angger wayah bakda idul fitri mesti pada
ketunggonan dening wong tuwane sowang-sowang.
Warti ora wangsulan, mung manthuk karo ngunjukne katok
kolor-e Ardi sing rada mlorod. Banjur ngarasi pipine Ardi sing pating plenthu
kaya bakpao kuwi. Mripate mbrabak mbrebes mili, atine keranta-ranta merga ora
ngerti apa sing lanang bakal bali tilik anak bojone maneh apa ora.
Biyen patang tahun kepungkur, sing lanang minggat saka
ngomah merga ditundung dening mertuwane lanang, yo bapak-e Warti. Nalika semana
Ardi isih umur sangang sasinan. Wartono sing rumangsa ketonyok atine merga
diunek-unekake dening mertuwane lanang banjur minggat ninggal anak ninggal
bojo, lunga mbuh menyang endhi juntrunge ora ana sing weruh, lan ora nate
kirim-kirim kabar engga saiki.
“Wong lanang kok mung klular-klulur, saben dina
gaweyan mung mangan-turu-mangan-turu wae! Anak bojo rak diopeni, sembarang
dengah kari nyadong. Mbok macul-macul apa resik-resik kebon kana rak yo iso.
Ngertiya yen biyen kowe mung arep dadi panji klantung, Sarjana rak gableg
gaweyan! Rak bakal Warti tak wenehne kowe! Rak sembada karo umuk-mu biyen,
jarene anak-e wong sugih blegedhu,anak pejabat, kajen kerinan. Preett… Endhi
buktine?! Dapurmu rak gableg apa-apa, anak bojo ben dino sing nyandangi sing
makani kok isih aku! Malah kowe barang yo melu mangan ngising gur trima nunut!
Rai-mu rai gedeg, rak dhuwe isin! Wes kana minggata wae, timbang nyepet-nyepeti
mataku!”
Di uring-uring kaya mengkana, Wartono banjur
ringkes-ringkes sandangane. Banjur lunga minggat mbuh ning ngendi parane. Ora
maelu karo Warti sing nangis mingseg-mingseg karo gendolan tangane.
“Kang… aku melu. Aku melu kowe!” tangise karo
lenden gawangan kori omah nalika Wartono nyegat colt ing pinggir ratan.
“Wes menenga kowe War! Nek arep melu dadi kere
tretekan turut-turut dalan yo kana melua minggat sisan. Lanangan kaya mengkana
dapurane wae mbok gendoli barang. Biyen wes tak tuturi rena-rena rak tau mbok
gugu omonganku. Nek manut karo karepe Buapak-a-mu iki, biyen rak kowe wes
dirabi karo lurah Karno. Uripmu mulya kajen kerinan!” Warti malah katut oleh
srengen saka Bapak-ne.
Tinimbang ndedawa perkara, Warti banjur pilih mlebu
kamar baleni nyusoni anak-e lanang. Senajan atine isih sedih ditinggal sing
lanang, eluhe pating dlewer nelesi bantal. Atine disabar-sabarake lan
ditatag-tatagne kanggo ngadepi dina-dina sak-banjure.
Lan ora krasa, gilir gumantine wektu sing muyer seser
kaya kitiran iki. Saiki wes ganep telung pasa telung bakda, Wartono ora
bali-bali ngêndhangi dhewekne; kaya lagu dangdut Bang Toyib-e Ade Irma, sing ‘…
tiga kali lebaran tiga kali puasa abang nggak pulang-pulang…’ Warti kaya
dielingne maneh dening pitakon saka anak-e lanang “Mak, Bapak sesuk yen bakda
bakal teka yo Mak?” pitakonan lumrah ning kaya ngungrah-ngungrah rasa pangrasa
ing atine kang wes meh kesirep lan kegiles dening puteraning wektu kang lumaku.
Ning watak kaya Warti kuwi patut diacungi jempol, ora
gur jempol siji wae. Jempol loro patut diacungake, nek perlu jempol papat karo
jempol sikil sisan. Senajan dhuwe rupa ayu, lan kathik awak yo isih sedet padet
ora kalah karo prawan-prawan ning ndesane, nanging atine ora banjur goreh
pengen golek gantine Wartono. Senajan sak-umpama gelema, sing antri ora ana
entek-entek-e. Wiwit saka Lurah, Carik, lan Kamituwa gelem yen mung ngrabi
Warti. Durung sing Duda Kamdi sing juragan Sapi, lan uga nom-noman PNS lan
Guru-guru sing pada makarya ing sak kiwa tengen desane Warti. Kabeh padha
antri, arep ngrabi Warti. Ning atine Warti ora sulap dening kuwi kabeh, isih
tetep nganti-anti baline Wartono, guru lakine sing banget ditresnani kuwi.
“Mak… Bapak tekane kapan?” Pitakone Ardi nalika Warti
lagi ibut nguleg bumbu opor kanggo kanca kupat lan lontong sesuk esuk.
“Iki aku diwenehi Pak dhe kaos karo kathok Mak. Ana
gambare mobil sedan. Apik yo Mak?”
“Di paringi” ujar-e Warti mbasakake anak-e.
“Eh iyoo di paring Pak Dhe.”
“Iyoo apik banget. Kana disinggahne njero lemari, gen
ora reged.” Ujare.
Ning sing dikongkon ora banjur sumingkir, malah neruske kojah-e.
Ning sing dikongkon ora banjur sumingkir, malah neruske kojah-e.
“Aku mau yo digawakne Kembang Api karo Mbak Ade. Ning
Aku emoh Mak, kan mengko digawakne karo Bapak yo Mak.. yo..”
“Heekh ehk… wes kana dolanan karo Mbak Ade lan Mas
Riyan dhisik. Emak tak ngrampungne gawe masakan kanggo sesuk.”
“Iyoo Mak.” Ardi banjur mlayu nyusul sedulur-sedulur
misanane kang lagi pada teka saka Jakarta lan Surabaya. Ninggali Warti sing
wiwit ibut ngelapi mripat-e kang wiwit kekembeng banyu eluh, ora merga kena
uwab brambang sing lagi dirajang, ning merga kena uwab saka njero atine sing
kerajang-rajang, trenyuh nyawang anak-e sing tansah ngarep-ngarep tekane
Bapak-e.
“Ah… kok yo kebangeten to Gusti nasib awak niki. Dhuwe
bojo wae kok yo ninggal anak ninggal bojo nyah mana-nyah mene ora tau ana
kabar-e babar pisan. Ah… coba biyen aku manut karo kandane Bapak, apa yo bakal
kelakon nasibku kaya ngene iki.” Pangresulane ing jero atine.
“Lhoo kenapa Dek, kok nangis.” Tanpa kinawruhan dening
Warti, ujug-ujug Mbakyune ipe wes ngadeg ing sanding-e.
“Eh… Mbak Yun. Mboten-mboten napa kok Mbak. Niki napa
kenging uwab brambang.” Tembunge goroh karo ngelapi mripate nganggo lengen kaos-e.
“Oalah…. Nganggo nggeget korek jress Dek. Jarene iso
ngilangi perih ing mata.”
“Ah… napa nggih tho Mbak.”
“He he…. Jarene. Wes kene tak ewangi.”
Wong loro banjur lungguh ngadepi tampah wadah brambang
lan baskom cilik isi banyu kanggo
wadah brambang sing wes dikoceki.
“Anu.. sapa? Bapak-e Ardi sesuk sida teka mrene yo
Dek? Mau kok Ardi crita jare sesuk arep dolanan Mbang Api karo Bapak-e.”
Mbakyune ipe bukani rembug sinambi uwal-uwil ngoceki brambang. Ali-ali lan
gelang emas-e pating clorot kena sorot srengenge sing mlipir-mlipir nembus
liwat bolongan-bolongan gentheng sing kurang rapet.
Warti sumendhal atine. “Ah… duka nggih Mbak.
Niku lak kula naming ngayem-ayemi Ardi kemawon. “
“Oh… alah. Sepurane yo dek, tak kira nek pancen iya
teka temenan aku melu seneng.” Tembunge api-api. Warti meneng wae.
“Ma.. ma.. ayo main ke pantai.. ayoo ma.. wes ditunggu
karo Papa diluar.”
“Bentar, mama gek bantu Bulik Warti masak ngene lho.”
“Bentar, mama gek bantu Bulik Warti masak ngene lho.”
“Sampun Mbak ditilar mawon mboten napa-napa. Kersane
kula rampungne
tiyambak.” Tembunge Warti nalika Mbakyune ipe
digeret-geret dening anak-anak-e arep diajak mlaku-mlaku.
“Eh… alah arek-arek iki. Wong gek kangen-kangenan karo
Bulik Warti kok ya diganggu wae. Tak tinggal dhisik yo Dek… wes jan
bocah-bocah.”
“Nggih mboten napa-napa Mbakyu…” Warti mesem banjur neruske
anggone ngoceki brambang.
--- QAP ---
Bubar buka pasa ing dina pungkasan, kabeh anak putu-ne
Mbah Sarman pada kumpul ing ruang tamu. Kabeh pada gayeng crita ngalor ngidul,
sinambi ngrahabi pacitan lan wedang. Suara takbiran wiwit kepungru saut-sautan
saka langgar lan mesjid ing sak kiwa tengene desa. Nanging Warti ora melu awor
kumpul karo sedulur-sedulur-e kuwi, dhewekne malah ribut korah-korah ing pawon.
Ardi sing sakawit dholanan karo sedulur-sedulur
misanane banjur memburi goleki Simbokne. Mbuh apa sing ana ing pikirane bocah
sak-mana kuwi. Mbok menawa dhewekne wiwit mikir yo gene kabeh pada kumpul lan
guyon ing ngarepan, kok Simbokne malah ora katon.
“Mak… Mak… Mak kenapa kok malah ana kene?”
Warti ora semaur, mung ngulatke anak-e lanang sak
keplasan. Banjur nerusake anggone korah-korah piring lan gelas sisa ajang
mangan buka wong sak omah mau.
“Ayooo Mak… Ayoo ing ngarepan wae. Lungguh ngarepan
karo ngenteni Bapak Mak.” Ardi wiwit ngrengek-ngrengek karo gondeli pundak-e.
Atine Warti suwe-suwe ora mentala karo anak-e lanang kuwi.
“Yoo nggo sek. Emak tak ngrampungne isah-isah sek yo
cah bagus.” Wangsulane karo mesem nyawang anak-e.
“Wes kana, emak dienteni ing ngarepan. Mengko disusul
yen wes rampung.”
Bubar korah-korah, Warti netepi janji-ne. Nyusul Ardi
sing lagi pada dolanan ing ngarep omah karo nonton pawai takbiran. Ning anggone
nyusul mlipir lewat iringan omah, sengaja nyimpangi sing lagi pada jagongan ing
ruang tamu. Atine ora kuat nyawang kabeh sedulur-sedulure sing dikanteni dening
anak bojone, sedeng dhewekne mung saderma ijen karo anak-e lanang. Gek sak
suwene iki mung dadi sanggan-e wong tuwa. Rasane jiann ora kuwat temenan. Isin,
wirang, lan mbuh kepiye maneh rasane campur wor suh ing njero atine.
Tekan ngarep omah, Warti banjur lungguh lincak ing
ngisor wit nangka. Sengaja milih lungguh ing kana, merga sak liyane isa
ngawasne bocah-bocah uga panggonane rada nyisih lan kaling-kalingan ayang-ayang
godong wit nangka. Yen kanggone sing ora kulina, ora ngira yen ana wong sing
lagi lungguh ing panggonan kuwi. Ning ora kanggone Ardi, senajan kanca-kancane
ora graita yen ana sing ngawasne. Ardi wes pana yen Emak-e lagi lungguh ing
lincak ngisor wit nangka kuwi, sebab merga ing papan kuwi saben-saben Ardi karo
Emak-e tansah lungguh ngenteni Bapak-e teka.
Wengi sang saya dalu, bocah-bocah sing pada dolanan
siji mbaka siji wiwit pada ngantuk lan mapan turu. Semana uga Ardi uga banjur
nyusul Emak-e ing ngisor wit nangka.
“Wes ngantuk cah bagus?” pitakone Warti nalika Ardi wis cedak karo panggonane lungguh.
“Iyo Mak.” Saure karo ngapyuk.
“Wes ngantuk cah bagus?” pitakone Warti nalika Ardi wis cedak karo panggonane lungguh.
“Iyo Mak.” Saure karo ngapyuk.
“Bobok kamar yoo… “ Warti ngrangkul anak-e banjur
dibopong diunggahne ing pangkone sinambi diarasi pipine.
“Emoh… Aku arep ngenteni Bapak sik.”
Atine dadi ngendelong maneh, krunggu wangsulane Ardi.
Rumangsane anak-e lanang wes keslimur, jebul ora. Bocah lanang cilik kuwi isih
ngarep-arep tekane Bapak-e kaya sing dikandhakake dening Warti. Ah… rasa dosa
ngebaki dadane, dosa wis kumawani goroh marang anak-e lanang sing banget
ditresnani kuwi. Lan rasa kuwi ora isa diampet maneh saknalika tangis-e ambrol.
“Mak… nyang apa emak kok nangis Mak?”
“Ora.. ora apa-apa le.”
“Emak sedih yo Bapak kok durung teka-teka. Aku yo
sedih Mak… nyang ngapa Bapak kok suwiii… gak mrene-mrene.”
Tangise Warti sangsaya mingseg-mingseg. Sakwetara kuwi
takbiran ing Mesjid wiwit diganti dening swara takbir saka kaset. Pertanda yen
wengine wis ngancik wayah tengah wengi, paling ora saiki wes jam sepuluh
punjul. Ardi sing wiwit liyer-liyer ing pangkone Warti banjur digendong, digawa
mlebu omah.
Esuk umun-umun kabeh wong sak omah wes pada umyeg,
tata siap-siap kanggo soal ied. Ana sing ribut ngedusi anak-anak-e, ana sing
ngeneng-eneng anake sing nangis merga isih ngantuk lan wegah tangi. Semana uga
Warti uga wes ribut adang lan ngangeti olah-olahan kanggo sogatan mangan mengko
nek pada bali saka sholat ied.
Rampung anggone cepak-cepak ing meja dahar, Warti
banjur nggugah anake lanang
“Le, cah bagus. Tangi yoo… pakpung terus menyang mesjid.” Alon anggone nggugah karo ngelus-elus gegere supaya bocahe ora kaget.
“Le, cah bagus. Tangi yoo… pakpung terus menyang mesjid.” Alon anggone nggugah karo ngelus-elus gegere supaya bocahe ora kaget.
Sing digugah banjur kruget-kruget, ngolet, banjur
ngelek-e mripate.
“Bapak wes teka Mak?”
Warti unjal abegan landung, “Durung Le… isih ning
ndalan, kena macet ing dalan mbok menawa. Wes pakpung wae sek yo.”
Wong loro banjur klunuh-klunuh, runtung-runtung metu
saka kamar banjur adus ing padusan mburi omah.
Bubar sungkem-sungkeman, lan ngapura ing apuranan.
Keluargane Warti banjur kembul bojana andra wina, ngrahabi sogatan lan masakan
sing mirasa. Ana lontong opor, kupat, trancam kacang lan sak panunggale. Nalika
lagi nedeng-nedenge pada mangan rame-rame, katon ing latar ngarep ana sedan
Honda jazz ireng tleser-tleser mlebu karangan omah.
“Lho kae sapa yo, ana tamu teka.” Aloke Mbah Prawira
sing weruh dhisik dhewe anane tamu sing teka.
Sak wis-e markir sedan ing panggonan kang eyub, sing
nunggang sedan banjur mudun karo nyangking tas kresek lan rangsel ing pundak-e.
Sajak-e priya umur-umuran udakara telung puluhan, nganggo kaca mata ireng,
kaosan oblong werna biru, clana jeans. Rambute rada gondrong rada awut-awutan.
“Kula nuwun. Assalamualaikum.”
“Walaikum salam, sinten nggih?” Warti nyelehake piring
isi lontong kang lagi arep dicori duduh lontong, terus bagekake tamu kasebut.
Tamu kasebut nyelehake gawane ing jogan, banjur mbukak
kacamatane, tangane di daplangake karo ngumbah esem-e marang Warti.
“Masya Allah…. Kang Warta…..” Warti gapyuk sing lanang
banjur nangis sesengukan ing dadane sing lanang kang banjur ngruket sing lanang
lan diarasi bola-bali tanpa wigah-wigih lan lali yen lagi dadi tontongan wong
sak omah.
“Iyooo iki aku wong ayu….”
“Ardi… Ardi endi? Le… Ardi.. Ardi iki Bapak. Bapakmu
teka le..” Warti nyeluki anak-e lanang. Ardi mara sajak wedi-wedi lan bingung nyawang
wong lanang rambut gondrong sing digandeng dening Emak-e.
“Ardi… Iki Bapak Nak. Sepurane Bapak yoo suwee ora tau
tilik kowe lan Ibumu.” Ujare Wartono karo ngrangkul anak-e lanang. Bocah kuwi
banjur digendong lan diajak metu mengarep jupuk oleh-oleh kang ditinggal ing
jogan tritisan omah.
--- QAP –
Wengi kuwi kaya-kaya ora ana wong sing bungah-e
ngungkuli bungahe Ardi, Warti lan Wartono. Wong telu pada gegojegan ing sak
ngisore wit nangka. Ardi ora leren-leren anggone nyumed Kembang Api kang
digawakne dening Bapak-e. Wengi kuwi dadi wengi sing paling endah banget
kanggone Ardi
[Cuthel].
Sumber: http://romansecuil.blogspot.co.id/
0 komentar:
Posting Komentar