Minggu, 06 Desember 2015

Naskah Cerita Wayang Duryudana Gugur Disc 3 dan Disc 4 (Bahasa Jawa)



Duryudana Gugur

DISC 3

97. Patih Harya Sengkuni : ”Hantisura!”
98. Hantisura       : “Kula rama.”
99. Patih Harya Sengkuni: “Lah kok koe meneng wae iki piye, adhimu wus pacatara la kok mbok tonton, kowe tekan kene iki butuh nonton apa perang.”
100.           Hantisura       :  “Anggen kula boten tumut cawe-cawe, dene mengsahipun namung Patih Nirbita sampun tiyang ndungkap yukswa badhea digdaya wis wong tuwa niku rak pun apes jayane.”
101.            Patih Harya Sengkuni: “Nirbita iki aja kok anggep wong loro saudon telu saurupan gak isih kusumar rembese mati, koe lak ra ngerti ta? Akeh sing rung ngerti, Nirbita kuwi anake Setomo, Setomo kuwi sedulure enom rama Begawan Abiyasa, dadine Nirbita kuwi karo Pandu nak-sanak ngger.”
102.           Hantisura       : “Oh.. lah dosipun Seta niku sing pun pejah dek mben.”
103.           Patih Harya Sengkuni: “Lah lak Seta putrane Prabu Maswapati, nek Seta mau kuwi lehe seda ngarepe laire tata Prabu Destrarata ngono mula sah takon karo wong tuwa.”
104.           Hantisura       : “Oh.. inggih.”
105.           Patih Harya Sengkuni : “Dadi aja kok anggep tem iku loro saudon.”
106.           Hantisura       : “Keparingipun rama.”
107.           Patih Harya Sengkuni : “Tulungana adhimu Nirbita lepasana gegaman saka kadoan.”
108.           Hantisura       : “Naminipun kula lajeng dudu watak satriya lek perang ora wani tangkep jaja.”
109.           Patih harya sengkuni: “Wong perang ki butuhe menang dalan sewu ditempuh mengkono kudu migunake akal nak perlu nakal ngono he?”
110.            Hantisura       : “Nggih yen mekaten sekeca lenggah badhe kula lepasi pusaka.”
Sindhen.....
Sulukan :
oo..ng oo..ng oo.ng rembuningtyas netya gung kingkin lir sudama surem tanta..da..ng wee.. kelingan lampaahee...mega mendhung anghaayuu..ng lelayune tiyang re..nuu..wi.. kedah sambat prala..ya hoomm hee..m duduho betharane ja..gad o... yekti lila prapteka tangga.. e..
111. Manuk          : ”Gawoook-gawok gawoook.”
112.            Patih Nirbita   : “Jagad Dewa Bathara yen nitik gonku pacatara keweragangan musuhku tegese aku i kentumpang jayane nanging apa sababe ana wektu sawatara aku pisah karo mungsuh dandang lelunggungan tanpa wilangan kaya nyaut-nyauta niktragung sadela-sadela aku krungu panangise ponang jabang bayi, yen mengkunu-yen mengkunu Bethara wis bakal paring kanugrahan marganing kasampurnanku yen mengkunu kudu adu cecawis lair lan batin.”
Sulukan :
oo..hm oo..hm katetange emengingtyas marang risang karya ri..mang sang pekik kabyatanku..m oo..hm krengtengingtyas parang baya wekasanya kangkadiya surya pantara ratri mugi sinembating karsanira.. ee..hm hee..
Dhalang: Eling-eling raden nirbita wus kadukyukswa wus buntas kawruh marganing kasampurnan wonten pelap pita wus datang tumpang suh denya nampi nadyan toh tata gelar unggul jayane nang saklebeting dados pasrah marang korbaning kang kawasa semulinu kaprayitnan lumaraping jemparing kebat kaya kilat kesit pidatatip tumanem jajahne Patih Nirbita e..hurung hor madyaning paprangan
sulukan :
oo..hm surem-surem dewantara pimpin lirmanuswa kang laayooo..hm haa...
Dhalang: Ludruk pasugiyane kaya kapuk den wusane ana madyaning pandangan nguyah-ngayuh bastara wus titi wanci tatune dedamel mijil ludira yayah dineres mapan pernyatas sirna werga layu Patih Nirbita sukma sejati mijil saking raga jati katampi dewa ningan tapa pinita swargo mulya
sulukan :
oo..hm oo..hm oohm ana dandhang saka sabrang aba rupang gak landang cucuk wesi kwasrami paring pedhang ooohmm aja nyucuk sri sedana nyucuka sarak sawahne wong sutreta.. adohna tekan samudra duksina haaam hooom gojekna teguh wiyana selamet woo..hm linakcana  jati walela oooohm eeemm
Dhalang: Gawok gawok mapan pranyata seda wonten madyaning paprangan patih nirbita gagak lelunggungan umpamiya saged tatajelma angejak ruwang angelar suwiwi murih wewayanganing suwiwi ngayomi satriya pineksi dana madyaning paprangan ngelabeti kautaman kacarita patih udawa andagawana dugi mulat raden nirbita geladrahan wut madyaning paprangan njeleh patih harja sakngrikiya ngrumati dos pundi rad.
113.            Budawa         : “Wadhuh reti ana Patih Nirbita kula aturi ngentosi bungkure peparing baling paring bali penganti-anti boten nginten bilih panjenengan kalenggahan menika seda wonten madyaning paprangan kula boten mangertos pendalu marak majeng wonten madyaning paprangan.”
114.            Handaka Wana  : “Wadhuh kados pundi ki raka Patih Udawa?”
115.            Ki Raka Patih Udawa : “Waahh Udawa kakangku.”
116.            Budhawa        : “Kula yayi.”
117.            Ki Raka Patih Udawa : “Handhaka wana.”
118.   Handaka Wana  : “Kula gusti.”
119.  Ki Raka Patih Udawa : “Kok tangisana nganthi wijiling luh dadi ludira Nirbita bapakku ora bisa waliya tumahing jati aku mbelak kahanane wus mlayu tuwandhane pertandha wis titimangsa sapa Senopati perang saka Ngastina.”
120. Handaka Wana  : “Pawarta ingkang kula tampi Antisura Surabasah menika adhi kula ipe niku putranipun Rama Patih Sengkuni.”
121.    Ki Raka Patih Udawa : “Kowe aja melu-melu Nirbita bapaku kuwandanu rinukti saktataning panembah Antisura Surabasah tak tantange ya.”
Sindhen....
Sulukan :
Ridhu mahan awur-awur turahan ing araning ngajurit gung bari makru gangsa ooohm tetek kaya butula worbang rihying turahing weesti haaam.
122.           Surabasah : “Kakang Werkudara i.”
123.           Werkudara : “Iya kowe Surabasah oh apa Antisura?”
124.     Surabasah : “Aku Surabasah kowe maju ring madyaning paprangan dina iki musuh aku kepasang yogya ora oleh berasaning atimu yen aku ora ngakap lugyane Werkudara lak eman aja ngenteni babak gocik kulitmu ulungna tanganmu loro rak banda set anglungna gulumu tak tugel dhel tak cangking sirahmu tak gawa ana ngarsa dalem tapa Prabu Duryudana.”
Oah..( gelut )
125.           Surabasah : “Eddyaan aku omong krumutuk kaya brantal utah ora di wangsuli olehe mangsuli mung ngejrog lemah aku mumbul telung meter “ngombe sik”(dhalang) manas ludahku apa perbawane didelok wong ayu-ayu kuwi haha, oh iya i Werkudara.”
126.           Werkudara : “Apa?”
127.           Surabasah : “Kowe nibakke penggendaman druhun gawe kaget meh gogrok marasku.”
128.           Werkudara : “Ora prelu kakean murus hayo majua.”
129.           Surabasah : “Kene merganing patimu Werkudara.”
Sindhen... ( gelut )
130.           Werkudara : “Sambata kakean suwara ora ana buktine tak banting tak idak njoget ilatmu mendelek mripatmu plesir nyawamu tangia.”
Dhalang : Raden Surabasah den banting Raden Werkudara ketoke njaga wutuh ning remuk njero baban sanga kinarya mijil ludira antawisipun niktra grana talingan tutuk lan liya-liyane nirbabah depane lemah kacriyosing ngajeng kena lara luputing pati mati sedina ping pitu ora kebacuting tiwas yen greget ora anggranu den langkahi Raden Sura Antisura Surabasah waliya temahing jati majeng bar.
Sindhen...( gelut )
Dhalang : Hantisura pejah njerbabah depane lemah tuwandhane den langkahi Surabasah, Antisura gesang malih.
Sindhen...
131.            Kresna          : “Kadangipun kakang dhimas Werkudara leget penggalihmu gonmu lenggah njegrek kaya tugu manik arca molap, ana apa Werkudara?”
132.           Werkudara : “Kresna kakangku.”
133.           Kresna          : “Apa?”
134.           Werkudara : “Isih sabuh dadi botohe Pandhawa pora nek wis ra sabuh blaka mundur akeh sing gelem nggenteni dadi botohe Pandhawa.”
135.           Kresna          : “Sajak e kok buta.”
136.      Werkudara : “Leh ora nesu kepiye jarene botohe Pandhawa jagone wes maju ana paprangan botohe sik turu ngorok apa kaya ngono kuwi jejering bata.”
137.           Kresna          : “Eehh iki ta sing marahke nak kowe rumangsa dadi jago ana sing botohi apa sababe botohe hurung ngedu kok jagone wis tarung dhisik, kowe iki jago dikurung apa jago kebonan?”
138.           Werkudara : “Ya wis manut.”
139.   Kresna          : “Entek-entekane manut sing jenenge Werkudara i angger wis thingak-thinguk ngono kuwi arep golek dalan kuwi, pun kakang ndak pundhut pirsa sapa tandhingmu.”
140.           Werkudara : “Antisura Surabasa anake Sengkuni bapakku mangka Nirbita bapakku wis kepupu ana ngayudha musuh Antisura Surabasah.”
141.            Kresna          : “Aku kok hurung pati dhong, sing akeh-akeh kuwi nek Werkudara nyebut Nirbita ki Nirbita kakekku kok saiki muni Nirbita bapaku.”
142.     Werkudara : “Nirbita kuwi anake seta kakekku Setama dudu Seta sing musuh Bisma kakekku setama kuwi bebarengane Abiyasa kakekku anggone lair dadi Nirbita kuwi nek karo Pandu bapaku rak sedulur nak-sanak tuwa pandu bapaku aku isa pak cilik karo Nirbita kuwi.”
143.           Kresna          : “Ehh nek cara saiki isa om ngono ya?”
144.           Werkudara : “Ya.”
145.           Kresna          : “Lah rak kuwi ta ingkang baku kuwi lak kuwi ta geh ugi mas Wekudara dadi isa ndunung-ndunungke rene kowe iki aku barang iki ya wes tuwa nek arep nyabet sing apik wis ora isa ming karek crita sing cetha lak ngono.”
146.           Werkudara : “Ya.”
147.           Kresna          : “Nek kowe mungsuh karo Antisura Surabasa janji mati.”
148.           Werkudara : “Urip meneh.”
149.           Kresna          : “Antisura Surabasa kae prasetya ana ngarepe bapa guru urip nunggal sakamulyan matine nunggal sapapan nek mbok pateni mbaka siji ora mati-mati lah bisane Antisura Surabasa mati bareng mbok kapakke tak du uga.”
150.           Antisura  : “He Werkudara!”
151.            Werkudara : “Apa?”
152.    Antisura  : “Bebasan wis dadi jelantah isih wani maju sarah nyawa.”
153.           Werkudara : “Sak karepmu gonmu ngucap nanging Werkudara durung rumangsa gigrik mungsuh kowe Antisura.”
154.           Antisura  : “Nek pancen mangkono iki mengko tibane patimu Bratasena.”
Sindhen...( gelut )
155.           Antisura  : “Mati aku Werkudara aku culna tak mlayu, mati aku.”
156.           Werkudara : “Mlayua nek bisa.”
157.           Surabasa  : “Sampeyan i pripun ta kang mas lah kok ya dicekel Werkudara og manut.”
158.  Antisura  : “Manut apa bareng aku di jejak dhadhaku wis sumrepet ora weruh kiblat trus digendhong Werkudara aku ya wis polah bareng sirahku didedeg iwak klintek lah kowe ngerti nek aku wis digendong kok kowe ra mlayu.”
159.           Surabasa  : “Sing ngomong sinten nek kula ora mlayu, mriki le mlayu ngebut trus dijangkah ping telu pas geger kula kepenyak, waduuh Werkudara aku wis tobat aku culna tak mlayu mati aku, sampeyan boten sambat kangmas.”
160. Antisura  : “Ora , ora ana gunane sampeyan ya mati ora sampeyan ya mati ya wis kek apa prelune Werkudara kek rampung.”
161.            Surabasa  :  “Sampeyan iku kok dubleg ngoyak-oyak.”
162.           Antisura  : “Halah ora wurung ya ngono wee.”
Dhalang : Kacarita Werkudara mulat Raden Antisura Surabasa pindha singgat betatung matek aji Bandhung Bandawasa yen aji Bandhung Bandawasa wus kawatek karosane sayuta gajah bobote pitung gunung bobote Antisura Surabasa tumrap werkudara mung kaya kapuk selaba den undha-undha bukti wus kempal kekiyatane ya den ben kumba pecah mustakane ajur tuwandane mblabar dadi ludira tuwandane Antisura Surabasah.

163.           Prabu Surya Bupala : “Woy mandheka Werkudara.”
Sindhen...
Sulukan :
Ridhu mawur mangawur-awur wurahang pengaraning ngajuuu..riiit gang bari makru gangsa tetek kaya butula werparli ing turahing westi rekatak ingkang daja lelayu seee..giiit
164.           Prabu Surya Bupala  : “Oh jagad dewa Bathara he Werkudara durung entek mungsuhmu aja kowe mlayu aja kowe nduwe anggep nek menang Werkudara.”
165.           Werkudara      : “Waaah kowe sapa?”
166.     Prabu Surya Bupala  : “Sedulure tuwa Prabu Suryanggana, Suryanggana kuwi karo kowe sedulur tunggal guru biyen wes tekaning pati Suryanggana, iki Surya Bupala tekaku ana tegal kuru sedya ngrebut misuwurmu lega rasaning atiku aku bisa pinanggih weh padha dhewe nah kumpulna jimat kematmu wateken aji jaya wijayamu tumplak blak tamakna Prabu Surya Bupala, Surya Bupala ora mundur jangkah nanging lirna kaprayitnanmu Werkudara kelakon gigit sung benavit tughel gulumu. Aaahh...”
167.           Werkudara      : “Teka-teka kakean cangkem kaya ngono kuwi sing mbok jaluk nyata digdaya tangiya legaring aku.”
168.    Prabu Surya Bupala  : “Mati aku bwah emm edan tanpa wangsulan terus ngampleng pilinganku agih iki aku krungu Werkudara yahene muni cangkemu lah ya Bratayudha rapapa woh Werkudara majua kembarana kadigdayane Surya Bupala.”
Sindhen...( gelut )
Dhalang : Surya Bupala meng saraden Werkudara bebasan amung sakedheping netra Surya Bupala wus den kakahi Raden Werkudara kacarita wadya bala saking giri lupita dugi mulat sesembahanipun kepikut nyandhak dedamel ligan sesarengan antawisipun tombak tawak lembing pedhang wadung sapanunggalane sedya ngrayak Werkudara nanging waspada Werkudara ampyangipun Surya Bupala kalih kencandhak Werkudara tuwandhane Surya Bupala den ubengaken ngganjret kaya kitiran satemah kengin dedamelipun perjuritipun piyambak asta kanan kiring sempal jangga tughel ampyang kanan kiring sempal isining waduk madul-madul sumerep kawontenan mekaten kamigilan wadya balane bubar mawut Werkudara namung kantun ngasta ampyangipun Surya Bupala kalih.
Sindhen...
169.           Kresna          : “Kadangipun kakang dhimas Werkudara.”
170.           Werkudara : “Apa?”
171.            Kresna          : “Rajuten bermantyamu dhimas perjurite Surya Bupala wus bubar mawut candrane kaya tambak merang katrajan banjir bandang merga padha wedi gila weruh penganutmu perjurit tanpa wilangan nyekel gaman ligan tuwandhane surya bupala kok ubengke ngganjret kaya kitiran satemah matine Surya Bupala seka gamane perjurite dhewe sempal tangane sempal sikile madhul-madhul isining wadhuk tugel gulune ajur tuwandhane.”
172.           Werkudara : “Iya keparenge Kresna kakangku.”
173.           Kresna          : “Mung kakang wus bola-bali maring pengendika marang jeneng pala samatine yayi Karna aja mbok anggep entheng babating ngayudha Senopati kang bakal teka prayoga ayo mundur bali ana pakuwon gupalawiya pakuwon randukumbala percayakna dhimas Setyaki kakang pati Udawa sapanunggalane.”
174.           Werkudara : “Yen mengkono ayo Kresna kakangku tak ndhereki.”
Sindhen...
Sulukan :
Seritinan wanenging pangiyat busana maneka warna ooohh heeem renggeng kencana retna abra bandir lanyu gumiii..giiir sendrang bandres sing waruta ooohm saha brasta kayu pangka raapal wuspiiita anggrahing siiiti ooohm ooohhm ron mawur kadya penakan kene gupila angyarsuuu mbabar layeng kana
Dhalang : Wurung-urung pun kindan taksih mabur katrajan alas rungkut karungkat awit purbawaning Bandayuda wadya klasa jenar mengsah prajurit ingkang sabyantu para kadang Pandhawa nalika samanten Patih Nirbita kapupu wonten madyaning paprangan nanging raden Antisura Surabasa saged den sirnakaken gandyare Werkudara wiwah Prabu Surya Bupala bebasanane sak gebyaring taktip majeng wonten madyane paprangan mundur wus dadi kuwanda sak sirnane luh Prabu Suryabupala Prabu Bathara Kresna mrayogeaken  den Werkudara manjing pakuwon Bupalawiya sedya sarembat denya badhe ngajengaken senopatining Kurawa ingkang badhe dhateng wooooh sinigek ingkang wonten madyaning paprangan tegal kuru kacarita pandhita kang kinarya sabeting carita adoh saged kadamel celak-celak saged kadamel tebih sejati tunggal panggung namung sejeh caritane awit ewoh lamunta sinarngo nanging kaya bareng ngangkate kang kinarya sabeting carita engging nagari mandaraka para kadang sentana ngacarani rawuhnya Prabu Salya kaya gegandhengan kanca.
Gamelan...
Dhalang : Wooh..
Sindhen...
Dhalang : Wooh..
Sindhen...
Dhalang : Dwi makandha tegesipun perangan ing kengangka kalih kang kinarya sabeting cerita lenggih ladhari mandaraka ya negara madras tat kala semanten negari mandaraka kasebat negari kang tata titi tentrem ya gemah ripah loh jinawi ingkang jumeneng nata wonten negari mandaraka putra Prabu Andhana putra ya Mandra dipa jejuluk Prabu Salya ya Prabu Narasuma ya Prabu Mandra dhipa karup ingrat Prabu Salya narendra sekti mandra guna buntas kalus saliring rat lamun ta madhuting laranggana jalma pinelih saged ngendhih kridhane roh prabu salya paranggene Prabu Salya hangayomi sangya para kawula boten kanthi daksiya datan temarin ngendhak gunaning liyan dhuwur ora ngumpul-umpuli andhap ora kena den ashori saiki ja manjing ajer-ajer bisa hamangku hamengku hamengkani suwasana ora mokal saya imbuh yukswane nanging saya wuwuh puncarane nalika semanten katemben kundhur saking pakuwon sewuntana pinethuk ingkeng garwa kanjeng ratu dewi setyawati ya dewi ganawati lak punika ta warnanira Dewi Setyawati sanadyan ta wanodya ingkang wus ndungkap yukswa nanging maksih ketingal sumarat tejane ora mokal dhek nalika maksih kenya tau dadi ojat para priya pelindung para satriya ora mokal minangka tetimbangan nira prabu salya ngantos bebasan putra bebranan nanging dereng nate karengon dening ingkeng raka hawin saking saged denya ngarang tani wataking kangkung dewi Setyawati mengkraken raka dalem patih Tuhayata saha Prabu Salya mengkraken abdi emban kinasih embat sugandhini ning kaya banyuning kaya watu dereng keparingi jelmae ndika ingkang kepareng mencak sepining kawontenan Prabu Salya kepareng remendel mangkono panglindya samaraning driya kang dereng kawijil eee..hh eee..hh ooohmm ooo...hm ooo..hm ooohm eeehm ooo..hm eeehm
Sulukan :
ooohm ooo...hm dhene utamaning nata.. berbudi bawa leksana.. ooohm ooo..hm liring berbudi kang mangko..no hoo...hee..m rila legawaning driya.. ooohm ooo..hm hanggung denya paring daa..na.. hang geganjar saben ndiinaa.. lii..riiing kang bawa leksana ooo..hm ooo..hm netepi pangandikan nii..ra.. ooo..hm ooohm heeem hee ooo..hm
175.           Dewi Setyawati : “Jiwantun anggen kula wonten madya padha sinuwun kang paringa kula nyawusaken sembah pangabekti konjuka sahandhaping pepada sinuwun.”
176.           Prabu Duryudana    : “He he jagad Dewa Bathara ni mbok Ratu Setyawati banget panarimaku sira ngaturke pangabekti ana ngersanipun kakang pengestuku wae tampanana.”
177.            Dewi Setyawati : “Kula pundhi mustapa mugi dadosa jejimat sabdanipun ingkang sinuwun.”
178.           Patih Tuhayata : “Sesembahan kula wonten madyapada sinuwun kang abdi Tuhayata nyaosaken sembah pangabekti konjuka sahandhaping wekudha mawantu-wantu.”
179.           Prabu Duryudana    : “Patih Yuhayata.”
180.           Patih Tuhayata : “He kula hulun yayi.”
181.            Prabu Duryudana    : “Tak tampa gawe gedhening ati.”
182.           Sugandhini      : “Sewu nyadhong duka sinuwun kula nyaosaken sembah pangabekti.”
183.           Prabu Duryudana    : “He Sugandhini tak trima kowe ngaturke pangabekti.”
184.           Dewi Setyawati : “Kajawi kang menika sinuwun, sewu nyadhong duka panjenengan dalem ingkang sinuwun kepareng rawuh wonten negari ngastina konduripun wonten mandaraka sanged anggen kula anganti-anti kados ngentosi kumambanging sela Kresna sileming bata adus teka kalenggan menika ingkeng sinuwun kundur ketingal ben pelayan panjatan nuwun sewu sinuwun kados pundi kedadosanipun keng putra angger Prabu Duryudana menapa temtu pasulayan kaliyan anak-anak kula Pandhawa.”
185.           Prabu Duryudana    : “Ohoo ni mbok ratu perkara kuwi ora prelu kowe ngerti ingkeng baku pun ana mandaraka.”
 

DISC 4

186.           Salya      : “Ingkeng baku pun kakang wis kundur ana mandaraga, sukur mangewu bagya sira ingkeng nanggapi kunduripun kakang saka Ngastina.”
187.           Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
188.           Salya      : “Ingkeng baku pun kakang arep mundut preksa aku karo kowe iku jejodohan wis pirang tahun, wis pirang tahun kowe dadhi ketimbanganku.”
189.           Setiawati : “Jagad... kok ndadak dangu menika menku kersa kados pundi ta sinuwun.”
190.           Salya      : “Adile wong takon ki mung diwangsuli nek kowe kelingan wis pirang tahun?”
191.            Setiawati : “Inggih kirang sekedik yen langkah inggih mboten kathah, tiyang sampun gadhah wayah gemrayah kinten-kinten sampun 55 warsa.”
192.           Salya      : “55 taun.”
193.           Setiawati : “Inggih.”
194.           Salya      : “Wah wis wenang kawin mas kuwi ya?”
195.           Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
196.           Salya      : “Sliramu tahu ngrumangsa tak dukani cilik tak getak gedhe tak gitik?”
197.           Setiawati : “Kados dereng nate kula karma ingkang sinuwun.”
198.           Salya      : “Sukur beja 1000 yaiku bebrayan sing kena nggo tuladha, mangka akeh-akehe ratu we selire apuse 20, mangka aku sinajan nek ratu gungbinadara tetimbanganku ya mong mligi siji kowe, umpama aku arep rabo 20 ngono lak ya iso ta, neng ora katresnanku ora tak dom-dom kejaba mung tak parengke diajeng setiawati.”
199.           Setiawati : “ Kula nuwun inggih.”
200.         Salya      : “Dening kok ana uwong ora sembada teng greneng, kuwi jane njarak kepingin nyemplung neraka jahanam.”
201.           Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
202.         Salya      : “Dene leng muni ora papa ya betoke mblubut wis dadi tetimbanganku 55 Taun nek si adi kelingan nalika si adi dhawuh karo pun kakang kae sliramu ngagem nyamping apa njur aku dhodhot apa ya?” 
203.    Setiawati : “Menawi mboten klentu nalika dawuh kula panjenengan ngagem dhodhot sidhomukti kula nggih nyamping sidhomukti bareng ditemoke penjenengan ngagem dohdhot sidholuhur kula inggih nyamping Sidholuhur.”
204.         Salya           : “Nek ngono kelakon idam-idamanmu karo idam-idamanku ya mukti ya luhur.”
205.         Setiawati : “Inggih.”
206.         Salya      : “Isih dodot nyamping sing mbok enggo nalika dawuh karo aku lan rung nemokke tegese malah teksih ketingal inggal.”
207.          Setiawati : “Dereng wonten ingkeng ciri soganipun menapa malih kok dawir.”
208.   Salya      : “Sokur iku pramandaning katresnanmu karo katresnanku babar pisan durung lungset.”
209.         Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
210.           Salya      : “Akeh ratu ning ora kaya aku karo sliramu kaiden dening betara jejodohan sing bisa diarani nganti kaken-kaken ninen-ninen ora tahu padu ora tahu sulaya.”
211.            Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
212.           Salya      : “Nganti anakmu bebrantahan, laa saiki tak jawab lelakon anakmu Pandhawa karo Kurawa ditrenggalangana karosane manungsa lumrah ora bisa mbedak ukaning kodrat, kepinterane manungsa wae somantesi pesti pancen manungsa iku mung bisane nggawe pesta nanging pesti wuhung kepani nggawe diasa perang Bratayudha dadi.”
213.           Setiawati : “Tobat-tobat temtu dados Perang Bratayudha.”
214.           Salya      : “Wis lumadi 18 dina seprene, kurawa pendawa wis akeh bebantene sing tak mesakke wong cilik sing ora ngerti kentang kimpuleng perkara dadhi bebanten, mangka nalika durung dadi Perang Bratayuda umpama ketok tak trenggalani merga wong perang kuwi wengis,titenana mbok negara ngendi ta Negara ngendi ingkeng perang mesti wong cilik sing dadi korban.”
215.           Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
216.     Salya      : “La iki aja kowe kaget anakmu mantu karna anakmu wadon sortikanti dina wingi tumekaning pati sortikanti seko tresnane karo karno sudug slira anakmu Burisrawa tekaning pati bareng karo majune pendita durna, anak murug marata tekaning pati kasempyok perkara bareng karang matine seta ingkeng mateni ya seta ajur wandane anak murug marata, kalenga niki aku kondor mundut pamit ana bebasan wong wis gerang ning kudu isih gelem dadhi gerong- gerong anak, angger Prabu Duryudana wiji pun kakang supaya dina iki madeg suraning griya jumeneng senapati njepaning papranagan tegal kuru.”
o... o...ng o... rengkuning tyas nyeti obong tingpen ler suda mosurem tanpaga wo...ng, kasorlang lampa...hing mega mendung angnglayung o...ng, dalaniying dya anglawui tetesambat pralaya pralaya... duh dewa betharaning jagad yek durna praden antogog linang cana jati walila e...ng.
217.           Setiawati : “Sinuwun..... pindo dipun sendal mayang raosing manah kula dugi kula widateng pangandikanipun inkeng sinuwun paring preksa pejahipun anak- anak kula, nanging dubi kula widanget brandalem kapiji jumeneng Senapati mangka kraosing manah kula pertanda penjenengan dalem nadyan saben ndungkak yong suwa maksih kesindungan kaprawiraning kanglinan kung katitik maksih pingi kados dening Narendra Binatara teng Putra Duryudhana ndepani peprangan tegal kuru pertanda paduka titah ingkang kinaceh sesama samaning dumadhi sinuwun....”
218.           Salya      : “Inggih....nalika pun kakang priksa yayi tedhak seka pelenggahan ngrungkepi pangkonku tawang-tawang tangis kaget, nanging bareng aku widhanget ucapmu katon nek gede pikermu merga aku jinunjung senapati bombong atimu merga tetimbanganmu pancenki tak ingkeng kinacek kasudegyan.”
219.           Setiawati : “Kula nuwun inggih.”
220.         Salya      : “Pancen bener wanidya ikun nek kadhuk bungah dadhi nagis nek kadhuk susah ya dadhi nangis.”
221.           Setiawati : “Nanging keparengan kula gadhah penuwun.”
222.         Salya      : “Nduwe penuwun apa?”
223.         Setiawati : “Dereni penjengan sugeng wonten marcapadha yen mukti wibawa kula ngayom kamulyan paduka yen seda kula kedah mangertos alang juring wanda kula kepareng mboten kepareng badhe nderek wonten paprangan.”
224.         Salya      : “Aja...wong wadon melu ana ing paprangan ora gawe santosaning ati nanging malah gawe ribeting laku.”
225.         Seriawati : “Sinuwun...menawi mboten kepareng penjenengan inggih mboten kenging majeng wonten paprangan,awit yen kula nyuwun parengaken nderek yen penang unggul jayanipun, dipun sugya-sugya para kerula kula tumut rumaos mulya raosing manah kula yen penjengan seda kula bade bela seda paduka.”
226.         Salya      : “Dadhi ora kena tak...endakke karepmu.”
227.          Setiawati : “Mboten sinuwun....”
228.         Salya      : “Yo yo yo wis ora po po, nanging pun kakang arep manjeng madyaning peprangan sedya sesuci siram Dewa Sraya.”
229.         Setiawati : “Ing wingking sampun wonten tirta wening 7 njembangan kula sukani sekar ingkang mawar miwar limabar gadha alum minangka siram Dewa Sraya ingkang sinuwun sewawi kula derekaken.”
230.         Salya      : “Yo yo aku inggal nderekna manjing patirtan.”
o...ng wanedya ayutama mangambar arum o...ng, mangambar aruming kasokma tesmanya ngigit lati... o...ng e...ng
Kacarita Prabu Salya segra manjing patertam siram jamas kaping 7 dipun derekaken ingkang garwa saklebetipun siram jamas menggalih kengrayi supados sampun ngantos tumut wonten madyaning paprangan marginipun menapa, dutiwus purna daya siram jamas sedya ngadi busana nangin dereng saget ngagem busana kasenapaten kacandak astanira deneng ken garwa sarwi mesem anujiwat sanadyan dewi setiawati wis ndungkap yuswa eling-eling wanidya sulistya ing warna gebyaring, aja yayah mutiara rinonce satemah jlep raosing manah prabu salya tuwuh karaos sedya minang kaning panuwuning nira ingkang garwa ya minggak kantil gading, kekalihnya muja harganing asmara dadan kacarita solah hawaning priya lan wanodya Prabu Salya dupimolatken garwa sari kepati nanging wonten astanipun Prabu Salya, Prabu Salya morating garwa wusare tepati lon-lonan donya mlorot asta saking lungayange ngero ingkang garwa, medok sangking kantil gading ya ngagem busana kasenapaten mijil saking patunggon Prabu Salya.
e...ng leng-lenging griya mangun mangung-mangungkung o...ng wo...ng o...ng o...ng
231.           Salya      : “Patih tuhayata...tuhayata.”
232.          Tuhayata : “ Mriki dateng sendika.”
233.          Salya          : “Sendika ki ngapa aku durung dawuh.”
234.          Tuhayata : “Mbok menawi sampun dawuh.”
235.          Salya          : “Sora patutu seba kok turu?”
236.          Tuhayata : “Kula menika mboten tilem, ketileman.”
237.          Salya      : “Bedane apa?”
238.         Tuhayata  : “Menawi kula tilem menika lak nggledak sareng kula kaliyan, mogog- mogog.”
239.          Salya          : “Lenggah ora isa?”
240.          Tuhayata : “Awakke dewe dilenggah-lenggahake keleru menika rak namong ketileman, keturon makaten wis tangi mboten temtu tindakan awit pran manjeng datulaya kaderekaken kang garwa kok lajeng nyenyet, kula namung mireng dehem.”
241.           Salya      : “Swandamu lak menika aku arep maju ramadyaning paprangan.”
242.         Tuhayata  : “Nuwun sewu agemipun agemipun canela klentu menika clipu putri.”
243.         Salya      : “Ooo iya tujune kowe ngerti kok an.”
244.         Tuhayata  : “Inggih.”
245.         Salya      : “Wah mau tak jejerke seng marai, gustimu ratu bisa tak kilapke nggone sati tepati jalaran pancen aku nduwe pangangkak aja nganti klakon nderek ana paprangan.”
246.         Tuhayata  : “Inggih.”
247.          Salya      : “Aja nganggo unen-unen tatanan prajurit ing mandaraga budal kanthi sesideman aja nganti mbribeni gustimu, inggal njujug pesangrahan ngrunting tepineng alas tegal kuru.”
248.         Tuhayata  : “Mringi saking dawuh.”
249.         Salya      : “Sugandini.”
250.         Sugandini : “Kula nuwun wonten dawuh.”
251.           Salya      : “Mangsa bodoa kowe kudu bisa ngladeni sesembahanmu aja nganti klakon sungugusul ana paprangan.”
252.         Sugandini : “Kula nuwun inggih sembah kula nderek tindak paduka ingkang sinuwun.”
Sindhen...
253.         Setiawati : “ Nemban Sugandini.”
254.         Sugandini: “ Kula gusti raden ayu.”
255.         Setiawati : “ Ingkeng sinuwun iki mau kepiye ana ngendi, nalika mau kaya ana kantil gading ana pantunggon teka, aku lir nggonku sare tak wis macake ora katon emban.”
256.         Sugandini: “Ya joh sesemban kula raden ayu, sesemban kula sinuwun Prabu Salyantaka sampun bidal wonten nadyaning paprangan, milaha kanti sesideman mboten mawi tengara senajan kaderekaken madya ing wik mandaraga.”
257.          Setiawati : “Ora trima ora saoling atiku kudu aku arep sungusul.”
258.         Sugandini: “Dawuh dalem mboten kenging kula ingkang supados caos preksa, awit menika wonten madyaning paprangan kebak bebaya, kuwatos menawi ngantos penjenengan wau kesanja baya.”
259.         Setiawati : “Sugandini... kowe tega karo aku ya kena ora ya karepmu, aku dipalangono mlumpat ya arep medot kudu arep sungusul ingkang sinuwun.”
260.         Sugandini : “Duh sembahan kula gusti panjenengan nalika taksih timur kula ingkeng ngempit kula ingkeng nggendong kula ingkeng ngemban, bransak dewasa mukti wibawa kula ngiyup kamulyan paduka, yen pun njenengan nandang cintraka ngih kula labeti kula mboten saget misah layaning ingkang gusti reden ayu, badya manjing lak-lak aning naga kula derekken.”
Kacarita Dewi Setiawati, awit saking agenging katresna dateng niraka sungusul, keraka madyaning paprangan, eling-eling manugya dadanate preksa sak njawining kedaton. Kacarita tindakna Dewi Setiawati ketlangso-tlangso munggah gunung mudun jurang, dateng saking pinagya papan padungunan nira keengga apa Prabu Salya.
Sinden...
Kayon-kayutan purwa sejati weduana pangklebat pa...pat o...ng godonge mega rumenge... apret apa kekuwong... o...ng o...ng gembang rintang slaga langen o...ng o...ng senine ndaru i...l...hat was surya lanting suk asirat hun gawan udan wujude akasa bongkah prato oyote bayu bajra witing klapa o...ng e...ng o...ng..
Lepas tindaknya dewi setiawati kaderekaken emban Sugandini lenging panyepta sedya sungusul ingkang rata wonten madyaning paprangan tegal kuru eling-eling Dewi Setiawati datan nate preksa sak jamining kedaton, dugi manjing kelem ging wana, lepas wahdadi gregeding andana cala sumengka minggah harga tumuruning jurang terbis letlangsa-tlangsa lampae, dugi mulat kiblat paracima ketingal sang hyang pertanggawati konjeng pertiwi pertanda gumelaring jagad telasing rina sedya gumanti ratri tamtantara yowan candra mijil sedya merbrawaning jagad raja, lumampahing sang hyang candra panjer ing angkasa pertanda wis dumugi titi wanci, wancine ngancik goro-goro.


0 komentar:

Posting Komentar