Minggu, 20 Desember 2015

Busana Jawa

Artine Seko Busana Adat Jawa

  
Klambi adat Jawa biasane disebut  klambi kejawen sing nduwe pralambang dhewe kanggo wong Jawa sing nganggo. Klambi Jawa kebak karo piwulang, sugih ajaran sing terkait karo filosofi Jawa. 

Neng jero klambi kejawen iki ono  wulangan kanggo tumindhak  ing donya,  iki kanthi selaras sing hubungane karo aktifitas pendhak dinane, apik  hubungane karo sakpodo manusia, karo awake dhewe, utowo karo Tuhan Yang Maha Kuasa Pencipta sakabahe.

Klambi Kejawen sing dienggo neng mustaka yaiku, udheng lan iket sing  dienggo neng awak yaiku rasukan (klambi): jarik, sabuk, empek, timang bagian mburi  yaiku keris lan dienggo neng bagian ngisor utowo bagian sikil yaiku canela.

1. Udheng
Udheng dienggo neng mustaka kaya cara nganggo topi. Nek wis dienggo neng dhuwur mustaka, iket dadi angel dibedake karo udheng amarga ujudnya padha. Udheng asale saka tembung mudheng artine ngerti karo gamblang. Maknane  manusia  nduweni pikiran sing kukuh nek wis mudheng utawa mahami tujuan uripe. Manusia nduweni fitrah kanggo senantiasa nggoleki kesejaten urip dadi sangkan paraning dumadi.

2. Iket
Iket yaiku tali mustaka sing dibentuk angrupa kupluk  dadine bentuke bisa nutupi mustaka manusia. Cara nganggo iket kudu kenceng, ben kuwat supaya ikatanne ora gampang ucul. Kanggo wong Jawa artine  iket yaiku  manusia nduweni  pamikiran sing kencang, ora gampang terombang – ambing mung amarga factor situasi utawa wong liya tanpa pertimbangan sing matang

3. Rasukan
Dadi ciptaan Yang Maha Kuasa, arepa manusia ngrasuk utawa nganut salah siji dhalan utowo agama tetep karo kelingan nyembah Tuhan Yang Maha Esa.

4. Benik
Klambi Jawa kaya beskap mesti dipepaki karo benik neng sebelah kiwa lan tengen. Lambang  saka benik  yaiku menawa manusia nek tumindak kudu dipikir, ojo grusa-grusu. Opo wae sing di tindake ojo nganti ngrugeke wong liya, iso jaga antarane kepentingan dewe lan kepentingan liyan.

5. Sabuk
Sabuk dienggo  melingkar neng awak utawa  tepate neng bangkekan. Sa-buk artine  impas wae, ora untung & ora tuna. Makna sabuk yaiku ben manusia nggunakne awake kanggo nyanbut gawe sing  tenan , aja nganti kerjone  ora ngasilke. 

6. Epek
Persamaan Epek yaiku apek; golek; nggoleki. artine jero urip iki, awake dhewe kudu nggunakne dheweke karo nggoleki kawruh sing ngguna.

7. Timang
Timang yaiku pralambang menawa elmu sing ditempuh kudu dipahami seng  gamblang, ben ora gampang utawa nimbulke rasa kuatir. (samang – samang; asale saka tembung timang ).

8. Jarik
Jarik yaiku jarit sing dienggo kanggo nutupi  awak tekan sikil. Jarik artine wae serik. Aja gampang iri karo wong liya, amarga lara ati mung arep nimbulke rasa nesu, grusa - grusu nganggepi kabeh masalah.

9. Wiru
Nganggo  jarik utawa bebed kudhu nganggo diwiru ndisik. Wiru artine wiwiren  ojo nganti kleru. Olahlah samubarang hal samangkana rupa dadine nuwuhake rasa nyenengna lan harmonis, aja nganti menimbulkan kekleron lan disharmoni.

10. Bebed
Bebed yaiku bebed utawa jarik sing dienggo wong lanang. Bebed artine manusia kudu ubed ,tlaten lan sregep le nyambut gawe golek pangan.

11. Canela
Canela dijabarke saka canthelna jroning nala, utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu . Canela padha karo selop utawa sandhal. Canela dienggo neng sikil supoyo ben awake dhewe nyembah lan batin mung ning sikil-Nya.

12. Curiga lan warangka
Curiga utowa keris dadi wilahan, bilahan lan ana neng jero warangka utawa wadahe. Curiga dienggo neng  buri awak. Keris iki nduweni pralambang menawa keris sak warangkane padha karo manusia dadi ciptaan lan penciptane yaiku  Allah Yang Maha Kuasa, manunggaling kawula Gusti. Amarga didokokake neng mburi awak, keris nduweni arti dewe menawa nek nyembah Tuhan Yang Maha Kuasa. Supaya manusia iso  ngungkurake godhaning setan sing seneng mengagngu  manusia pas manusia arep tumindak kebecikan.

Sumber: http://www.beritajawa.com/2014/04/artine-seko-busana-adat-jawa.html

0 komentar:

Posting Komentar