Minggu, 20 Desember 2015

Watake Pandhawa



WATAKE PANDHAWA SIJI-SIJINE

Prabu Puntadewa watake lugu, jujur, lan lilan. Tegese lilan yaiku apa wae barang darbeke, yen ana sing nembung njaluk, mesthi diwenehake kanthi lilaning ati. Nadyan nyawane pisan yen ana sing nembung njaluk iya diwenehake. Sang Prabu iya duwe rasa welasan marang wong sing nandhang kasusahan.
Wrekudara watake kendel. Sapa sing gawe ala dialani, sapa sing gawe becik dibeciki. Jujur, temen ora tau goroh. Iya-iya, ora-ora. Wrekudara sekti mandra guna digdaya yen perang.
Janaka watake kendel, seneng maguru para pandhita linuwih. Jujur, digdaya sekti mandra guna, akeh bojone. Ora seneng kungkulan wong liya kapinteran lan kasektene. Welasan karo wong sing nandhang nandhang kasusahan.
Nakula lan Sadewa padha pintere. Bekti lan setya marang sadulur tuwa. Pinter nambani lelara warna-warna.
Prabu Darmakusuma iya Prabu Puntadewa kagungan pusaka wujud layang, sing diarani Jimat Kalimasada utawa komplite jenenge: Pusaka Jamus Jimat Kalimasada.
Wrekudara gamane wujud gada, diarani gada Lukitasari utawa gada Rujakpolo.
Janaka pusakane akeh. Ana panah, ana keris. Sing wujud panah yaiku dijenengake Pasopati karo Ardhadhedhali. Sing wujud keris diarani Pulanggeni lan Kalanadhah. Keris Pulanggeni lan Kalanadhah iku wujud keris tanpa luk. Keris sing mangkono iku diarani keris dhapur naga tapa. Dene yen keris mawa luk, diarani keris dhapur parung.

0 komentar:

Posting Komentar