TRADISI BARATAN ING DHUSUN KRIYAN,
KECAMATAN KALINYAMATAN, KABUPATEN JEPARA
Siti Malikhah
Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa,
Fakultas Bahasa dan Seni, Unniversitas Negeri Semarang.
Abstrak
Jepara kuwi
kutha kang manggon ana ing siseh lor pulo Jawa, biyasane diarani kutha ukir.
Jepara uga nduweni macem-macem budaya lan tradhisi. Salah sijine yaiku tradisi
baratan. Baratan
kuwi tradisi khas desa Kriyan, kecamatan Kalinyamatan, kabupaten Jepara ingkang
arupa arak-arakan dilah impes utawa lampion. Tradisi kasebut diwontenaken kangge mangeti malem nisfu sya’ban
utawa kangge nyambut pasa Ramadhan. Dianakake saben tanggal 15 sya’ban utawa
15 hari sadurunge pasa Ramadhan. Adicara arak-arakan diwiwiti saking Masjid
Al-Makmur desa Kriyan lan dipungkasi ana ing
pendopo kecamatan Kalinyamatan.
Kata
kunci : tradhisi baratan.
A. Pendahuluan
1.
Latar Belakang
Micara ngenani budaya, kutha Jepara kutha sing
dijuluki kutha ukir kuwi, iseh kenthel banget kaliyan unsur adat istiadat Jawa,
kaya ta ana ing panganggone basa Jawa
lan tradhisi-tradhisi sing isih padha dilestarikake ing daerah iki. Tradisi-
tradisi nenek moyang ingkang iseh bertahan kaya ta tradhisi sedekah bumi,
sedekah laut (kangge kang manggon ana ing cedhake pante), mitoni, nggunakake
gemblong/ ketan kangge syarat lamaran, metang puluh, nyatus, nyewu, dan lain liya-liyane.
Budaya khas sing unik saking kutha iki yaiku tradisi taunan perang obor, pesta
lomban, Jembul Tulakan, dan ora kalah
menarike yaiku pesta Baratan. Baratan kuwi pesta arak-arakan sing dianakake
ana ing desa Kriya kecamatan Kalinyamatan kabupaten Jepara kangge nyambut pasa
Ramadhan, sing ana kaitane dening Ratu Kalinyamat.
Tradisi ingkang dianakake ing satengah-tengahe wulan
sya’ban, luwih tepate yaiku 15 dina sadurunge pasa Ramadhan, dilaksanakake
masyarakat Jepara kanthi ritual sing sederhana,
kang kedadeyan ana ing desa Kriyan Kalinyamatan Jepara. Tradisi kuwi cukup unik
amarga ing pelaksanaane dianakake maca surat yasin ping telu, saliyane kuwi uga
ana karnaval Ratu Kalinyamat lan pengawal-pengawale. Unike maneh, ritual kasebut
namung berlangsung ing kecamatan Kalinyamatan Jepara.
2.
Rumusan Masalah
Jepara kuwi
kutha sing manggon ana ing siseh lor pulo Jawa. Wong-wong biyasa nyebut kutha
ukir, amarga rata-rata warga Jepara kerjane padha ngukir kayu. Saliyane kuwi, kutha
ukir Jepara kuwi nduweni akeh budaya lan tradhisi daerah sing macem-macem, kaya
ta tradisi sedekah bumi, pesta lomban, jembul tulakan, perang obor, lan ora
kalah menarike yaiku pesta baratan.
Pesta baratan kuwi
tradhisi khas kecamatan Kalinyamatan sing awujud karnaval utawa arak-arakan
dilah impes utawa lampion sing ana kaitane kaliyan Ratu Kalinyamat.
Saliyane nduweni
akeh tradhisi lan budaya, masarakat Jepara khususe ing wilayah Kalinyamatan,
umume nglaksanakake syariah agama kanthi ketat. Mangka ora gumun maneh yen wayah
maghrib, masjid lan pondok sing megah-megah ing desa iki kebak terus, kebak
jamaah. Senajan kaya ngono, ana uga
masyarakat sing 'nyeleweng' yaiku ngelakoni judi, ngumbe (mligine nalika ana hajatan).
Kahanan
budaya lan religius sing katon ing kecamatan kalinyamatan iki nuduhake yen wargane
padha njunjung budayane. Saliyane kuwi kenthele nalika beragama kuat banget. Saengga
bisa disebut masarakate bisa nyeimbangke antarane budaya dan agama. Saengga
ora fanatik marang salah sijine wae. Kuwi mau budaya sing ana ing Jepara.
3.
Landasan Teoritis
Miturut etimologi, tembung tradhisi kuwi saka basa latin
traditio sing artine yaiku diterusake lan saka basa Inggris, tradition sing
artine disampekake. Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), tradisi
didefinisikake dadi "adat pakulinan ingkang turun-temurun (saking leluhur)
sing iseh dilaksanakake dening masyarakat". Ing definisi iki, tembung tradisi bebas saking makna, bisa nduweni makna positif dan bisa negatif. Definisi versi KBBI iki gawe
apa wae sing diwarisake dianggep dadi tradisi, ora peduli kuwi sifate apik apa
ora.
Tembung “baratan” asale saka tembung Basa Arab, yaiku “baraah”
sing artine kesugengan utawa “barakah” yang artine kaberkahan. Tradisi baratan yaiku upaya nguri-nguri
tradisi leluhur. Saliyane kuwi, nduweni tujuwan kangge ngraketaken ukhuwah
Islamiyah lan semangat anggone ngadepi uripe mbesok supaya luwih apik. Selagi
tradisi kuwi nduweni makna positif, mangka ora ana salahe yen tetep
dilestarikake supaya tetep lestari.
B. Metode Observasi
Metode observasi ingkang digunakake yaiku wawancara
langsung kaliyan pihak ingkang kalebu ana ing acara baratan, kayata:
a.
Wujud
Baratan
kuwi tradisi khas desa Kriyan Kalinyamatan Jepara ingkang arupa arak-arakan
dilah impes. Tradisi kasebut dilaksanakake kangge nyambut wulan Pasa Ramadhan
yaiku saben tanggal 15 sya’ban utawi 15 dina sadurunge pasa Ramadhan. Wujud saking
observasi iki yaiku terjun langsung dalam meramaikan pesta baratan.
b.
Kemasan
Dikemas
awujud video lan foto-foto sing isine ngenani kabeh prosesi adicara baratan.
c.
Proses
Proses
observasi diwiwiti saking goleki informasi, ngumpulake data, wawancara, lan
sing pungkasan yaiu laporan utawa kasil.
C. Hasil lan Pembahasan
Tradisi baratan inggih menika tradhisi masarakat Kriyan,
Kalinyamatan, Jepara ingkang arupa arak-arakan utawi karnaval dilah impes utawi
lampion. Tradisi menika digelar saben taune ing tanggal 15 Sya’ban ana ing
tanggalan hijriyah utawi 15 ruwah ana ing tanggalan jawa utawa luwih tepate
yaiku 15 dina saderenge pasa Ramadhan. Ana ing arak-arakan baratan kasebut ana akeh peran sing nduweni peran ana ing
saben-saben formasine. Diwiwiti saking wong sing nduweni peran dadi Ratu
Kalinyamat, dilanjutke para dayang, prajurit, terbangan sholawatan masyarakat
sekitar lan bocah-bocah sing gawa lampion, obor, lan tetabohan- tetabohan.
Gambar 1.1 Adicara arak-arakan Ratu Kalinyamat
Ing wayah esuk dianakake lomba nglukis kanthi tema pesta baratan, lan
lomba marnai kanggo bocah-bocah. Dene ing wayah wengine warga desa nglaksanakake
solat maghrib jamaah, dilanjutna donga bareng ing pondok utawa mesjid. Donga
sing diwaca yaiku surat Yasiin nganti ping telu, donga nisfu sya’ban, lan donga-donga
liyane sing dipimpin dening para kyai utawa ustad. Sarampunge donga bareng uga
dianakake bancaan yaiku mangan bareng-bareng panganan sing khas ana ing baratan,
yaiku puli. Puli kuwi panganan sing digawe saka beras sing dimasak, nalika
berase kuwi wis masak, trus dicampuri bleng supaya rasane kenyil, trus ditumbuk
nganti alus, sawuse alus diirisi kotak-kotak lan diwenehi parutan kelapa ana
ing dhuwure. Sawuse bancaane rampung dilanjutna solat isya’ kanthi jamaah lan sawuse
solat arak-arakane diwiwiti. Arak-arakan diwiwiti saka Mesjid Al-Makmur desa
Kriyan, Kalinyamatan lan dipungkasi ana ing pendopo Kecamatan Kalinyamatan.
Gambar 1.2
Seserahan puli marang Pak Wakil Bupati Jepara
Warga desa sing ora melu utawa ora delok arak-arakan padha
nguripake obor utawa dilah impes ana ing sangarepe omah. Dene bocah- bocah
padha ngubengi desa gawa dilah impes. Dheweke percaya yen nguripake obor ana
ing ngarep omah lan ngubengi desa gawa dilah impes catetan amal warga kampung
bakal padhang amarga pas karo malem nisfu sya’ban yaiku tutupe buku catatan
amal umat islam.
Gambar 1.3 Dilah impes utawa lampion
Baratan ana sesambungane karo Ratu Kalinyamat. Sejarah diaanakake baratan yaiku jarene mbiyen
sasampunipun Sultan Hadlirin perang ngelawan Aryo Penangsang, Sultan Hadirin seda
lan jenazahipun digawa kondur garwane (Ratu Kalinyamat) kondur wonten ing
Jepara. Kahanan kuwi kedadeyan ing wayah wengi, saengga masarakat sing pengin
delok lan nyambut rombongane Ratu Kalinyamat kudu gawa pepadhangan awujud obor
utawa lampion.
Saliyane kuwi uga ana nilai-nilai
sing ana ing sajerone baratan, yaiku:
1. Bidang Agama, Tradhisi
baratan bisa dimanfaatake kanggo sarana syiar Islam. Amarga ing sajerone
baratan kuwi ana tradhisi maca Surat Yasiin ping telu supaya sing maca padha
slamet, ditambah rizkine lan dawa umure. Saliyane kuwi ana donga-donga sing
diwaca nanging saliyane kuwi mau lan dianakake solat kanthi jamaah. Uga ana acara liyane sing ana gandheng cenenge karo
agama Islam, saengga bisa ningkatake taqwa, nambah imane, lan ngraketake tali
silaturrahim utawa ukhuwah Islamiah.
2. Bidang Ekonomi, Ningkatake
kasilane kanggone warga sing adol kabutuhane baratan mligine pas dina
kaleksanane baratan. Dheweke dadi keatif kanggo gawe macem-macem kreasi bentuk
lan ukuran lampion sing padha didol.
3. Bidang Sosial, tradhisi
baratan nduweni pengaruh, amarga bisa nuwuhake sikap bebarengan siji marang
sijine. Apa maneh nalika mbagikake puli marang para tangga. Tambah apik lan
kenthel ukhuwahe.
D.
Panutup
Baratan kuwi tradhisi khas
kutha Jepara mligine ing desa Kriyan, kecamatan Kalinyamatan kabupaten Jepara kanggo
nyambut pasa ramadhan. Tradhisi kasebut dianakake saben taune yaiku saben
tanggal 15 sya’ban utawa luwih tepate yaiku 15 dina sadurunge pasa ramadhan. Tradhisi kasebut
uga ana tata carane yaiku maca surat Yasiin kang akehe ping telu, trus
dilanjutna bancaan. Bancaane kuwi mangan bareng-bareng ana ing pondok utawa
mesjid. Dene panganana khase yaiku puli, sing diwenehi parutan klapa ana ing
dhuwure. Warga desa uga nguripake obor utawa dilah impes ana ing saben ngarep
omah.
Saliyane kuwi, kanggo ngramekake malem baratan dianakake pawe dilah
impes lan obor sing diwiwiti saking Mssjid Al-Makmur desa Kriyan, Kecamatan
Kalinyamatan lan dipungkasi ana ing pendopo Kecamatan Kalinyamatan. Mula saka
kuwi, menawa kita dadi wong Jawa kudu tresna marang kabudayan lan tradhisi
Jawa. Lan kita kudu nglestarekake supaya ora ilang dipangan perkembangane zaman
sing saya suwe saya maju, lan saya ngrusak para muda. Kaya ana ing pepatah
“Bangsa yang besar adalah bangsa yang mampu melestarikan budayanya dan sejarah
negaranya.”
Daftar Pustaka
Ardans. 2015. “Tradisi Baratan di Jepara Masih
Dilestarikan.” http://www.kompasiana.com/ardans/tradisi-baratan-di-jepara-masih-dilestarikan_54fd7430a33311bf1750feb7. Diakses pada 20 Juli 2010 10:47:00
Diperbarui pada 26 Juni 2015 14:44:06
http://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi, diakses pada tanggal 10 Juni 2015
Mukholifatul. 2015. “Tradisi Pesta Baratan di
Kalinyamatan.” http://mukholifatul.blogspot.co.id/2015/06/tradisi-pesta-baratan-di
kalinyamatan.html
0 komentar:
Posting Komentar