Jumat, 15 Januari 2016

Artikel Babagan Basa Jawa lan Jati Dhiri



Kelompok 2 Pendhidhikan

Basa Jawa Ilang, Jati Dhiri Budaya Ilang
Dening: Siti Malikhah (2601414057), Zaenal awaludin (2601414059), Istikomah (2601414066), Ambar Kurniawati (2601414077).
Rombel 3

            Warta kang dibiwarakake ing sawatara iki mratelakake yen wulangan Basa Jawa bakal diilangake saka kurikulum pendhidhikan formal. Warta iki ndadekake rasa prihatin akeh pihak yen ngengrengan kasebut bakal disetujoni pemrintah, kayata guru, dhosen lan mahasiswa sing gayud karo pawulangan Basa Jawa. Yen wulangan Basa Jawa kuwi bakal diilangake wong-wong kasebut bakal kelangan pagaweyan.
           Nanging warta kasebut pancen durung cetha bakal ditrapake utawa ora, nanging ndadekake prihatin wong-wong sing preduli marang basa dhaerah utamane basa Jawa, amarga basa Jawa kuwi minangka jati dhiri bangsa. Ilange wulangan basa Jawa ing sekolahan kuwi uga bisa dadi awal sirnane kabudayan Jawa.
          Basa Jawa kuwi sarana nggayuh ngilmu, uga basa Jawa kuwi ndadekake generasi mudha ngreti kabudayan lan jati dhiri tradhisine. Nalika sarana kuwi ilang, generasi anyar ora bakal ngerti ngilmu kabudayan Jawa saengga ora suwe maneh kabudayan sing dadi jati dhiri kuwi bakal ilang. Menawa wulangan basa Jawa diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal, tahun baka tahun ora bakal ana sing sinau kabudayan Jawa.
          Kahanan basa lan budaya Jawa saiki samsaya nguwatirake, amarga bocah-bocah jaman saiki arang banget sing bisa wicara nganggo basa Jawa kanthi bener lan pener. Ing omah uga wis arang banget wong tuwa sing ngajarake basa Jawa marang anak-anake. Bocah-bocah jaman saiki wis akeh sing nganggo basa Indonesia ing urip padinan. Marang wongtuwane wis arang sing nganggo basa krama. Sejatine basa krama banget pentinge kanggo urip padinan, apa maneh kanggo pacelathon marang wong kang luwih tuwa. Basa krama bisa ngrubah kahanan kang panas dadi luwih adhem, amarga basa iki kalebu basa kang alus. Mula, yen bocah-bocah bisa basa krama marang wong tuwane mesthi wae polah lan tingkah lakune bisa luwih apik.
           Supaya pawulangan basa Jawa ora ilang saka kurikulum pendhidhikan formal, guru utawa pendhidhik kudu bisa nrapake teknis pawulangan kang menarik lan bisa dicandhak marang bocah-bocah. Pawulangan sing menarik bakal ndadekake bocah-bocah semangat ing sajroning nyinaoni basa Jawa.
           Salah sijine materi kang bisa diwenehake marang bocah yaiku dolanan tradhisional sing ana ing Jawa. Bocah saiki luwih seneng dolanan kang modhern, kaya playstation lan video game utawa game online. Mula, wong tuwa dijak supaya uga nepungake dolanan tradhisional marang bocah. Pancen dolanan modhern kuwi wis ora bisa dibendung, nanging dolanan tradhisional uga kudu tetep ditepungake marang bocah supaya ora ilang saka kabudayan Jawa.
          Ing sekolahan bocah-bocah uga diwenehi ilmu lan tata cara dolanan bocah. Ing mata pelajaran muatan lokal uga diajarake babagan dolanan bocah. Para murih kuwi kudune kajaba pinter ngilmu donya lan agama, uga pinter babakan seni, salah sijine seni kang ana ing dolanan tradhisional, supaya para bocah uga bisa nguri-nguri kabudayan Jawa.
          Salah siji dolanan tradhisional kang bisa diwulangake yaiku dolanan gobag sodhor. Gobag sodhor yaiku dolanan tradhisional sing sifate kelompok. Anane dolanan tradhisional gobag sodhor ing masyarakat kuwi wis suwe banget, nanging saiki katone dolanan tradhisional kuwi wis arang ditemokake ing urip padinan, utamane ing kalangan bocah. Kahanan kuwi kedadeyan amarga anane kemajuwan pangerten uga sosial ekonomi masyarakat.
         Mula dumadine dolanan gobag sodhor  yaiku saka tembung loro gobag lan sodhor. Gobag nduwe teges obah kanthi bebas banjur dadi nggobag ateges mlaku mubeng, dene sodor ateges watang yaiku tombak kang nduweni pucuk kang lancip. Nanging sajrone dolanan iki sodhor yaiku panjaga garis kang ana ing tengah mbagi papan dolanan.
          Gobag sodhor kalebu dolanan tradhisional kang sipate klompok. Mula kabeh kang melu dolanan iki kudu sportif ora oleh curang. Saliyane iku dolanan iki nduweni nile gotong royong. Sipat gotong royong iki trep karo uripe wong Jawa kang ngutamakake urip gotong royong nalika urip ing masyarakat. Dadi yen basa Jawa arep diilangake saka kurikulum pendhidhikan nasional rasa gotong royong bisa ilang saka urip ing masyarakat.
            Ngenani bab basa Jawa arep diilangi kuwi, gayud karo kurikulum sing ana ing sekolah-sekolah. Sejatine kurikulum kuwi alat kanggo ngubah polah lan tingkah laku anak dhidhik. Tanpa pendhidhikan formal, anak tetep wae ngalami sing jenenge dewasa. Nanging, tanpa pendihdhikan sekolah, perubahan-perubahan sing dikarepake mau ora bisa klakon.
            Sabenere kurikulum sekolah kuwi ora mung siji-sijine alat kanggo ngubah pola tingkah laku bocah. Kurikulum uga bisa kanggo ngramal apa sing bakal kagayud. Kurikulum kuwi tansah dinamis lan terpengaruh karo perubahan-perubahan faktor sing ndasari anane kurikulum mau.
            Sadurunge ngubah kurikulum, kudu nganakake penilaian ngenani bab kurikulum sing isih dilakoake. Penilaian kurikulum kuwi  prelu kanggo ngreti sepira adohe kurikulum bisa kalaksanan. Komponen sing kudu dinilai kuwi kayata 1) tujuwan kurikulum, (2) pengalaman kanggo ngembangke pengetahuan, tingkah laku, lan ketrampilan bocah. (3) organisasi pengalaman sinau mau, urutan-urutane, hubungan ngenani pengalaman, (4) cara ngevaluasi sinau bocah.
             Komponen kuwi tansah gathuk antara siji lan sijine. Tujuwan nentoake pengalaman sinau apa kang dipreluake lan pengetahuan apa sing kudu dipilih kanggo gawa murid dadi sing dikarepake. Bahan pelajaran ditentoake karo tujuan.
            Conthone basa dhaerah arep dileboake ana kurikulum nasional, kuwi kudu ngreti tujuane ngapa basa dhaerah kudu ana ing kurikulum mau. Salah siji tujuwane yaiku nguri-uri budaya dhaerah kuwi supaya ora ilang lan bisa dadekake rasa bungah marang kabudayan sing diduweni.
(Poerwanto : 2000) “Manusia dan kebudayaan merupakan satu kesatuan yang tidak dapat terpisahkan, sementara itu pendukung kebudayaan adalah makhluk manusia itu sendiri”.
            Pethikan ana ndhuwur mau gayud karo sebab menapa basa Jawa utawa basa dhaerah kudu mlebu kurikulum nasional. Manungsa lan kabudayan kuwi gathuk dadi siji. Kabudayan tanpa manungsa ora bisa dadi kabudayan. Amarga budaya kuwi hasil cipta, karsa lan rasa.
Ana bukune Taylor, njlentrehake  kata kabudayan kuwi “Keseluruhan kompleks meliputi pengetahuan, kepercayaan, kesenian, hukum, moral, adat dan berbagai kemampuan dan kebiasaan yang diperoleh manusia sebagai angggota masyarakat” Dadi menawa basa Jawa diilangi saka pelajaran sekolah, terus sing arep nguri-uri kabudayan sapa.
Kabudayan kuwi saya suwe saya akeh sarta komplek. Kanggo nerusake saka generasi ke generasi, prelu sistem komunikasi sing luwih apik tur komplek saka kewan, yaiku bahasa. Lesan, tulisan utawa kawujud bahasa isyarat. Mula prelu ana pembelajaran bab kuwi ana ing pendhidhikan formal kayata sekolah- sekolah.
Ananging saiki kebak bocah- bocah padha risih menawa arep ngomong basa Jawa. Miturut Asa, senajan dhewekke wong Jawa tapi ora tau ngomong Jawa. Jawa kuwi ndeso uga katrok. Tur maneh ora bis gaul
Semono uga ana ing omah, dhewekke ya ora tau ngomong Jawa marang wong tuwane. Ngomong Jawa wae ora tau, kepriye carane bisa ngerti bab unggah- ungguh.
Nalika ana kaluwarga wae ora tau nampa wulangan basa Jawa saka wong tuwa lan ditambahi ning sekolah ya semono uga, kuwi bisa dadi tadhane yen basa Jawa wus mati. Basa jawa baka ilang sithik mbaka sithik.
 (Imam:http://www.solopos.com/2012/12/27/basa-jawa-ilang-jati-dhiri-mati-362259)”Nalika basa Jawa tumpes, musna, tapsiran-tapsiran luhur utawa kearifan lokal warisan para pujangga ora bisa diwarisake marang generasi mudha kang bakal teka. Kuwi kapitunan temen-temen tumrap budaya Jawa lan budaya bangsa Indonesia,”
Ana kurikulum ndisik wulang basa kuwi kurang luwih ana rong jam saben minggu. Kuwi mau wis apik, sanadyan durung kabeh materi bisa kababar ana ing sangarepe kelas. Ananging, nalika ana ngengrengan bakal ngilangi wulangan Basa Jawa genah bakal sansaya angel tumrap upaya ngleluri lan ndayakake basa Jawa.
Nalika wulangan basa Jawa, lan ing tebane kang luwih amba ateges wulangan basa dhaerah, diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal tundhone  bakal ndadekake universitas sing duwe Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa utawa Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa bakal ora payu.
Nalika pawiyatan luhur basa lan sastra Jawa ora payu, ateges budaya Jawa bakal kelangan pangudi ilmu basa lan sastra Jawa. Kahanan mangkene iki anjoge ora liya basa Jawa bakal mati lan wusana budaya Jawa uga bakal enggal jeglong, wusana mati.
Mula menawa ana kabar wulangan basa Jawa arep diilangi kuwi, kita ora setuju. Amarga manungsa tanpa kabudayan mligine basa kuwi sabanjure ora bisa komunikasi kanthi apik. Sarta basa tanpa manungsa kuwi ora bisa mlaku.

Daftar Pustaka
Koentjaraningrat.1997.Kebudayaan, Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta : Gramedia Pustaka Utama.
Sujarna, dkk. 2012. Pemanfaatan Permainan Tradisional dalam Pembentukan Karakter Anak . Yogyakarta : Balai Pelestarian Nilai Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta.
Mujiyanto,Yan dkk. 2010. Pengantar Ilmu budaya. Yogyakarta : Pelangi Publishing.
Poerwanto, Hari.2006. Kebudayaan dan Lingkungan dalam Perspektif Antropologi Yogyakarta : Puataka Pelajar Nasution, S

0 komentar:

Posting Komentar