Rabu, 13 Januari 2016

Geguritan




Sajadah abang kuwi
Sing ngancani aku
Ing satengahing wengi
Kang sepi kaya ngene iki
            Sajadah abang kuwi
            Sing ngancani aku
            Nyembah lan sujud
            Marang panjenengan
Sajadah abang kuwi
Sing ngancani aku
Sinau maca lan mahami
Isi saking ayat-ayat suci Al-Qur’an
            Sajadah abang kuwi
            Sing ngancani aku
            Nangis lan mikirke
            Kabeh dosa-dosa sing tak lakoni
            Ing donya iki






0 komentar:

Posting Komentar