Jumat, 04 Desember 2015

Naskah Cerita Wayang Duryudana Gugur Disc 1 dan disc 2 (Bahasa Jawa)

DURYUDANA GUGUR
DISC 1

JEJER PAKUWON SEWUNTANA
Menika purwakaning bandha hamboja marwatasi mring sang hyang para pamriksa. Ngaturaken carita dek jaman purwa puniki tan nyedhehan wulan wuruk mung sumandha paring priksa den nira medhit palupi. He... Wasana mugi rahayu. Mugi rahayu kang samiya tinandya. Palungguhna dwining letas lukita linoden kidung kadung kader hamomong. Memangun manah rahayu hanjwana tan manggulung cumolong manastungkara. He... Tarungan karana pangatus puspitawan salap samrawut. Hong... Hong wilaheng. Hong wilaheng hawitnan hastu memasidan mastusilat mring nggon jagad sarola, siran tandha wiseksaning busana sana sinawung lan mula pangestuning sih listantun lan panjutur sinatur katur katuluk tetela mrih tulat ladin paradya. Winursita upama pramenwistara karan kodyan rumiyin jaman purwa. winisugra trah kang ginama gama winardikan lelaka madya cekap wasananing gupita tanduking pralamban matumpa-tumpa marma pandhung, pandheng, panggungngup sang hyang nata. He...
Hanenggih pandita kang kinarya bebuka murcita ing utawi samangke ingkang kaheka adi dasa purwa. Eka sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Sanadyan gumelaring jagad kathah titahing jawata ingkang sinangga pratiwi kasung, sung alingan akasa kinapit samodra kathah kang sami anggono raras. Nanging lamun ta kaupaya sewu datan saged mujudaken sadasa, satus datan jangkep tiga. Pranyata kang kinarya bebukaning carita rikalinggan menika menggih pakuwon bulupitu, ya kasebat pakuwon sewuntana.
Sanadyan ta gumelaring pakuwon wonten madyaning wana, nanging tan para beda kadhaton nggenggen. Awit nalika samanten ing tananggelar pakuwon munggwing telenging wana Bulupitu narendra binathara ingkang angrenggani turaya nagari Ngastina ingkang ajejuluk Prabu Duryudana, ya Prabu Jaka Pitana, ya Kurupati Gendarisuta, ya sang Dastratmaja, ya Tripanansah. Nalika samanten gumelaring jagad bebasan peteng ndhedhet linungan yayah bangun kasampun lebu maruta dhatan lumampah, ron-ronan dhatan nimbah amung sakedhat-sakedhat kapireng suwanten jumeglug sangking telenging samodralaya. Sayekti iki swaraning alun bantheng gumelaring bawana makaten awit kena prabawaning prangageng Baratayudha Jayabinangun ingkang sampun tumindak wolulas dinten rikalenggan menika. Lumampahing perang Baratayudha Jayabinangun ingkang sampun tumindak wolulas dinten rikalenggan punika ora mokal gedhe prabawane. Sinebat perang Baratayudha awit peranging dharah Barata, inggih punika Kurawa myang Pandhawa sami-sami dharah Barata, ingkang sami nggegeti leresipun piyambak. wonten bebasan cukeng klayan akri, dumadosing pasulayan ngantos dumadi dledhak perang Baratayudha Jayabinangun. Sanadyan ta sampun kathah ingkang dados bebanten wonten madyaning paprangan Tegal Kuru, namung kala samanten Prabu Duryudana yayah tugu raja panggalihna. Wantot ing penggalih dhatan kepareng minangkani panuwuning Pandhawa, ingkang sanyatanipun punika kwajibaning Pandhawa. Nalika samanten Prabu Duryudana lenggah wonten madyaning pakuwon, ngregemeng ingkang munggwing kanan kiring amung abdi emban ingkang kepareng ndherek wonten madyaning pakuwon. Kinen munggwing ngarsa tumungkul yayah konjem pertiwi, wedanane pisowanane naredra mantrinoka hiya Patih Harya Sengkuni, ya raden Tri Gantalpati, ya Harya Soma, ingkang lenggah klasa jenar. Ha....
Aja dumeh Patih Sengkuni wis kaduk yukswa, bebasan wis gempong pil kutu ampas jandil wanik, nanging kalukeng rat kacuriganing manah miwah dungkas kawruh salwiring elek datan mokal pinercaya ngasta abaning negari Ngastina, dhasar taksih kaleres bapa pamanira sang nata. Patih Harya Sengkuni mengkeraken pisowanipun kadang taruna nata Ngastina, satriya ingkang lenggah kasatriyan tirta kinalan. Kekasih raden Kartamarma ingkang pinarcaya minangka kahartadan negari Ngastina. Raden Kartamarma mengkeraken sowan para kadang santana ingkang taksih gesang kasambet pisowanipun para wadya. Nadyan wus datan sepintena kathahing para wadya turta sampun sami nandang tatu ora mokal ketingal pating tleset. Namung ingkang dereng nandang cintraka tansah ngencengi kendhoning gendewa. Anyudan gada miwah anglimis-limis gegaman kaya-kaya sedya nyirnakaken mengsahnya. Rikala samanten tan ana kang obah. Candrane yayah sang hyang candra katalengan hawa penggalihan nira sang nata. Leng-leng ngendriya manawung linanggung sang hyang wisesa kawekas kawespadaning cipta wilabeting bangsa titah dipuntanda pamayanging jawata sumlingut kabiyatan rucik dadiya muhung marang tumindak ing sunggulanggang toya. Ingkang amurwani tumembenging suntawa sang nata menggalih, donya katumben kicalan bagedhut negari Ngastina.
Mata landha Prabu Karna Basusena ingkang kapendhet kakukuh wonten madyaning Suramadyalaga. Eling-eling Prabu Duryudana, narendra gung binathara sanadyan tumendem sungkawa sinawung-sinawunggana ngantos dhatan kang wistara. Salebetna wonten datan kang obah horek ingkang sowan wonten sakjawining pratila ingkang hangurwani horek sawengkara wadya awit rawuhnya Narendra Mandaraka ya ora tumadras Prabu Salya, ya Narasuma, ya Prabu Mandradigda tedhak saking titianira sigra kapapat para kadang sentana den acara linenggah. Kalenggahanira kapareng caket kalenggahan dalem sang nata Duryudana. Dugi Prabu Salya wus mapan lenggah katingal mencorong cahya tejane, sirna sipating bathara, inggih Bathara Indra dewaning budaya mangejawantah. He.. Dene sang rawuh Prabu Salya bebasan ngrembug ngajeng sangga prawadya. Kacarita Prabu Duryudana dugi ngulat ngrawuhaken Prabu Salya ya Prabu Mandradigda kepareng ngacarani wonten rama sawesatis. Hanungkulaken jangga, mujudaken asta, kapareng rukming doya mangkana cipta wringganira kang dereng kawijil.  O... o... o... he...
Kerlap-kerlap sami tumonton rengganing pragata. O... Para dewa-dewi myang para resi. O... Para dewa-dewi myang para resi kadyas mawas ing dalu. Murbeng laku bangsa rarung. Fajar aruming katingal. O... Reng-renging driya manawung rinawung Sang Hyang Wisesa. He... Leng-leng ramyaning bangsa sangka wayah murbeng lagya somar. O... Maring garuning puri. Redyangitna sirmandaya, mandaya sekaring bawana. Ong.. Jaladri kang kapitaning surya, deneng diwangkara anjrah sumembur saking jariya risang sekaring narendra. Ho... Sukmeng nala sedya asmara, dewa dewataning sukmengnala. Sarira kang madibya-dibya. Hamuja harja harjaning bawana. O... Leng-leng dadiningkan awan saba-saba ning keng Ngastina samantara tekeng tegal kuru nararya ya Kresna langguh. Sireng prasurama, myang kang wa Janaka, dulur narada katandya tegal wiluri milu karya. O... Sang nohupati, sang nohupati.

Pasewakan ing Pakuwon Sewuntana.
1.     Duryudana  : “Jagad wasesaning bathara, estungkara manik raja dewaku. Paman
            Harya Sengkuni!”
2.     Sengkuni     : “Kawula nuwun wonten dhawuh ingkang ngendika, sinuwun.”
3.     Duryudana  : “Bilih mboten sisip pandulu putra pekenira ingkang katemben rawuh
Rama Prabu Mandaraka.”
4.     Sengkuni     : “Kawula noknon, kepasang yogya pangandika dalem ingkang sinuwun mawantu-wantu panuwun kula sinuwun. Kepareng lajeng ngacarani rawuhipun sinuwun, panjenenganipun Kaka Prabu Mandaraka.”
5.     Duryudana  : “Paman Harya Sengkuni! Rama Prabu, Rama Prabu Salya! Dereng dangu rawuh wonten madyaning pakuwon Sewuntana, putra jengandika nyaosaken pambagya palakrami saha pangabekti kula konjuka sahandhaping pepada mawantu-wantu.”
6.     Prabu Salya : “E...e... jagad Dewa Bathara. Dahat kadya kalinggamurda dugi nampi sabdanipun angger Prabu Duryudana ruwentah ingkang Bapa Mandaraka. Pangandikanipun anggen Prabu Duryudana kula tampi asta kalih kula pethelaken njaja nambahana daya kasantosan kula. Anggen prabu mundhut pirsa, sowanipun ingkang bapa wonten madyaning pakuwon sewuntana. Awit pamujinipun angger Prabu kasengguh pangayomaning hyang widiwasa. Sowan kula wonten Pakuwon Sewuntana winantu ing karahargayan mboten pinanggih sambekala, ngger. Puja pangestamanipun ingkang bapa sayogya katur ngarsaning angger Prabu Duryudana.”
7.     Duryudana  : “Ora walat panampi kula. Sabdanipun bapa prabu menapa rama prabu kula pundhi mestapa mugi dadosa jejimat. Keparenga dipunprayogakaken lenggah.”
8.     Prabu Salya : “E.... inggih.”
9.     Duryudana  : “Paman, sampun ngantos kadaluwarsa nyaosna pambagya ngersanipun rama Prabu Mandradiba.”
10. Sengkuni     : “Kawula noknon inggih dalem sendika. Kaka Prabu Salya ingkang rayi Prasa Jenar linepatna saking bebendhu, keparenga nyaosaken pambagya basuki rawuh wonten madyaning pakuwon Sewuntana.”
11. Prabu Salya : “Iya iya. Manguji nguwadi kepatihan ora ana ing sambekala.”
12. Duryudana  : “Rama Prabu Mandaraka?”
13. Prabu Salya : “Inggih kula, ngger.”
14. Duryudana  : “Sasampunipun lenggah kanthi Prayogi, sanadyan kula sampun mangertos bilih kaka prabu Karna kasangguping rana sejatos kejut raosing manah kula. Upaminipun tiyang cangkriman, kaka Prabu Karna tandhing klayan Janaka, kula batak kedah sasak, kaka adipati. Nanging sebab menapa katemahan kaka Prabu Karna ingkang kasangguh ing rananggana. Kula pengin mangertos kados pundi dedongenganipun? Dawanipun rama prabu ingkang ngasta kendali kendhalining kuda pangiriting rata titiyanipun kaka adipati, tamtunipun priksa sasolah bawanipun kaka adipati.”
Leng-leng ramyaning kang driya, e.. .katambanan katantreman sumuking tyas kang daduridan. Oooong kadadyan wujid. O....
15. Prabu Salya : “E...e... pancenipun awrat anggen kula badhe matur, jalaran kados mboten wonten paedahipun. Nanging bawaning prabu kepengin priksa kawontenanipun kang raka mwangga majeng raranggana, inggih sedya kula aturaken menapa kawontenanipun.”
16. Duryudana  : “Inggih.”
17. Prabu Salya : “Sasampunipun kang raka Awongga kanthi layan Arjuna tangkep jaja kang taran bahu genti milah tatu. Rame anggenipun pacakoro dedel pinedel, diya diniya, satemah anggenipun ngasta curiga ligan lajeng sesarengan kendel sami mundur saking pabaratan lajeng nitih rata. Karna nitih rata Jatisura, kula pinangka kusiripun, Arjuna nitih rata Jaladara kang raka Dwarawati kusiripun.”
18. Duryudana  : “Inggih.”
19. Prabu Salya : “Salaminipun Karna menika dados anak kula mantu, sayekti kula mangertos watak wantunipun raka Awongga jebul watak satriya estu.”
20. Sengkuni     : “Sebabipun kados pundi kaka prabu?”
21. Prabu Salya : “Aku iki kudu mangsuli kowe apa kanjeng prabu?”
22. Sengkuni     : “Kula ajeng caos kanjeng atur prabu Duryudana, kula namung badhe kepingin ndherek mirengaken.”
23. Prabu Salya : “Dugi rata punika sampun ngancik wonten madyaning blambang manunggal. Mboten wonten babar pisan mboten wonten ingkang mijil saking mendho kendanu naga sabongkoting ngetal.”
24. Duryudana  : “Naga sabongkoting ngetal?”
25. Prabu Salya : “Inggih. Naga wau saged tata jalma. Kula mirengi anggenipun rembagan. Naga wau ngagem harda walika. Mrepeki kang raka, kepengin badhe nandhingi pun Arjuna. Mangkin yen Janaka pejah, kamenanganipun dipuncaosaken kang raka Awongga. Sanesipun kang raka Awongga lak kedah lira, nanging yen raka Awongga malah ndadosaken muntaping manah dados duka. Jalaran Karna saged milah-milahaken iki butuhing pribadi iki butuhing kulawarga. Yen Janaka punika dipunpejahi harda walika mboten lila awit enget yen Janaka niku kadange taruna. Nanging kok Karna purun nandingi kudangipun Janaka amargi netepi kuwajibaning satriya anggenipun sagah netepi dados senopatinipun Kurawa. Lho, rak awis to, ngger? Perang ageng punika saged makaten manahku, bisa mbedakake iki butuhing kulawarga, iki butuhing kuwajiban.”
26. Duryudana  : “Inggih.”
27. Prabu Salya : “Wasana naga dipuntundhung sarana rembag mboten purun, dipunsorok mawi keris nanging saged mluncat. Lajeng nyumanggakaken naga menika wau dhateng pundi kula mboten ngertos.”
28. Duryudana  : “Inggih.”
29. Prabu Salya : “Sareng lancaran jemparing Janaka klayan kang raka Awongga. Waaah perang baratayudha tumindak wolulas dinten, mboten wonten ingkang kados tandhingipun Karna lan Janaka, rame, edi.”
30. Duryudana  : “Rame nanging sae?”
31. Prabu Salya : “Sae. Sae nalika Karna tandhing. Dhalangipun enem, mila sae sanget. Ngger banthara kados mendhung ngendanu, punika wujudipun jemparing, jemparingipun Karna klayan Janaka. Mangka pun priksani dewa telung puluh watak sanga widadari kethi kurang sawiji. Rak katingal dhirgantara pating glebyar. Namung ndadosaken kawuningan, ngger. Dupi kang raka Awongga den lepasi pusaka dening Arjuna ingkang nama Kyai Pasopati. Tumanem jangganipun kang raka Awangga sanalika seda sumendhe rata kwandhanipun.”
Leng-lenging driya mangu-mangu mangungkung, mangu-mangu mangungkung wan wan winangun kang lagya hamangi. O....O.... dan kena niya ing nala. O...seket byar dupi Prabu Duryudana midhanget pangandikanira sang rama Prabu Salya, sanalika muntak dukane tumenga tebak jaja tumungkul tampel wentis. Gegrontolan mijiling riwik sajagung-jagung mijil sasela-selaning jaja. Dereng ngantos ngandika horeg sowaning para wadya katungkul pisowanipun Bambang Aswatama. (sindhenan).
32. Duryudana  : “Waaah Aswatama gawe kaget. Kawula noknon nuwun sewu nyadhong duka sinuwun.”
33. Sengkuni     : “Ana apa Aswatama, tanpa paliwara? Bebasan kumrojog tanpa larapan.”
34. Aswatama   : “Inggih paman kepatihan. Awit wonten wigatos ingkang kedah kula unjukaken ngarsa dalem ingkang sinuwun.”
35. Duryudana  : “Padha kanthi becik sowanmu.”
36. Aswatama   : “Inggih pangestu dalem ing sinuwun. Boten manggih sambekala sowan kula, sungkeming pangabekti konjuka sahandhaping pepada mawantu-wantu.”
37. Duryudana  : “Iya tak trima. Ana wigati apa sowan ing ngarsaku ora daktimabali?”
38. Aswatama   : “Kepareng ngonjukaken atur sedaya lepat nyuwun gunging pangaksama.”
39. Duryudana  : “Iya.”
40. Aswatama   : “Ingkang badhe kula aturaken ngarsa dalem ingkang sinuwun, lelampahan majengipun kaka Adipati Karna dinten wingi wonten madyaning Suramadyaloga.”
41. Duryudana  : “Iya.”
42. Aswatama   : “Walih-walih menapa wiwit bidhal saking Pakuwon Sewuntana prasasat kula mboten pisah kliyan Krata titiyanipun Kaka Adipati Karna. Kula wonten pengkeraning krata.”
43. Duryudana  : “Aswatama ana mburining krata iki titiyane kaka Prabu Awongga.”
44. Aswatama   : “Inggih prabu, inggih. Mila sasolah bawanipun kaka Prabu Awongga kula tansah ngulat.”
45. Duryudana  : “Iya.”
46. Aswatama   : “Wadhuh ndadosaken kawuningan. Umpaminipun tiyang lumampah, yen kaka adipati punika mboten wonten ingkang njagal, kedah kaka adipati unggul jayanipun. Janaka kedah pejah saka astanipun kaka Adipati Awongga.”
47. Duryudana  : “Kowe aja waton matur. Kowe bisa matur umpamane wong mlaku kaka Adipati Karna ana ingkang njagal iku kepriye lelakone.”
48. Aswatama   : “Kula mboten matur ndara menapa wonten ingkang kula aturaken. Saweg ta adipati ngasta pusaka menthang gendewa Kyai Wijayandanu sinandhangan larastra Kyai Wijayacapa. Anggen kula maspadakaken bebasan kedhep tesmak. Ingkang kedah dateng klesah tumaneming jemparing kedah jangganipun Janaka. Namung ndadosaken kawuningan kaka prabu. Sesarengan lumepasing jemparing, kendhalining kuda pangiriting rata dipunsendhal kaliyan risang kusir. Krata sisih wingking dipungenjot. Mboten ana mokal, kuda kaget satemah nebak-nebak lampahipun. Lumepasing jemparing olih, nanging banter kebat pindho kilat kesit kadi sakit, namung lampahipun mboten leres. Satemah namung saged nyaut lungsenipun Janaka. Dados menawi mboten wonten reka dayanipun nuwun sewu, sinuwun Mandaraka panginten kula kedah Kaka Adipati Karna ingkang unggul jayanipun.”
Jaja muntap pindho kinedat, netra kocak ngondar-andir idep mangala cakra. Ong.... gumedut padoning lathi terota nang pojok, sumung-sumung jajanira netra ndek sarira tunggal. Haar....
49. Prabu Salya : “Nuwun sewu, ngger Prabu Duryudana. Kepareng mboten kepareng wanci kula suwun.”
50. Duryudana  : “Badhe kagem menapa?.”
51. Prabu Salya : “Badhe kula angge mangsuli tiyang ingkang dahat nyerwetek pamanggihipun.”
52. Duryudana  : “Sampun ngantos duka rama.”
53. Prabu Salya : “Mboten, mboten. mboten napa-napa. Awit kula mireng aturipun Aswatama menika menawi namung kula ampet wonten batos, kula pendhem wonten raos, yen getih kula punika menggah mlempat dumugi sirah, kula saged pejah dadakan. Mila leganing manah kula kedah badhe kula wangsuli. Mboten napa-napa kok, ngger.”
54. Sengkuni     : “Eeeleh.”
55. Prabu Salya : “Ora usah yang yung, Sengkuni!.”
56. Sengkuni     : “Inggih.”
57. Prabu Salya : “Aswatama? He! Aswatama!.”
58. Aswatama   : “Kula.”
59. Prabu Salya : “Kowe matur ing ngarsane Prabu Duryudana akeh-akeh titi mau. Kowe nggunakke pikiranmu ingkang wening, apa mung waton kowe matur? Apa kowe iku mung waton ngucap, apa nggonmu ngucap nganggo wewaton?.”
60. Duryudana  : “Sampun, rama!.”
61. Prabu Salya : “Sekedhap, mboten napa-napa, ngger.”
62. Prabu Salya : “Aswatama! Cekak gampange kowe duwe pandakwa marang aku, nek Karna kuwi mungsuh Janaka, nggone kalah aku ingkang ngalahke, aku ingkang dadi dalane, ngono? Ngono jajal aku tak takon. Karna kuwi apaku, Janaka kuwi apaku? Angger Prabu Duryudana iku apaku? Nek kupingmu kuwi budheg, mripatmu kudu bisa nyawang. Nek mripatmu kuwi blawur ora bisa nyawang kupingmu kudu krungu, Aswatama. Mokal nek ora ngerti. Nek Janaka kuwi mung plunan wae, merga adhiku iku dadi ibune kuwalon si Janaka. Ning nek Karna, rak cetha kuwi mantuku. Mangka  ing madyane perang baratayudha iki Prabu Duryudana iki ya mantuku. Apa klakon aku maratuwaning kloro iki anak mantu? Aswatama! Kowe duwe panemu kaya mengkono kuwi kowe arep golek kamukten, ning ngancik-ancik sirahe wong liya tak kandhani. Ora maido nek bapakmu kui sugih ngelmu, ora mokal wenang dadi gurune dharah kurawa. Nanging kowe mung mamerke dumeh anake wong ketrima. Anake wong ketrima kui nek ora prihatin dhewe ora bakal bisa ngundhuh kapinterane wong tuwa lan kabegjane wong tuwa. Kono wangsulana! Nek pancen kowe paring atur palaradan, dhek bapakmu mati kowe iku njut madeg madyaning praladan mung ngeluske dhadhamu, ngatonke kekendelanmu, apa sebabe nalika bapakmu mati kowe minggat? Malah nek ora kleru matine bapakmu kuwi merga rumangsa nek kelangan kowe dianggep kowe wis mati tak kandhani. Bareng bapakmu tekaning pati, kowe arep kepengin ngatonake lelabuhanmu, ning ndadak arep ngancik-ancik sirahe wong liya, iya? Kowe kuwi manungsa ning anake wong sing doyan suket tak kandhani. Ora jeneng mokal kowe guneman waton bisa muwus. Saiki tak walik takone ora susah, kok kowe ndadak ngakeh-akeh tembungmu. Aswatama wae. Wani tandhing karo Salya? Nadyan ta Salya wis ngadek ora jejeg nek ora dicagak nganggo teken. Nanging tanganku kiwa nyampluk seiringanmu ora pecah sigar mratak sirahmu tak sembah ider-ideran Aswatama!.”
Aswatama lunga jengkar mlayu.
Gendhing ...
63. Prabu Salya : “Sampun dipunalang-alangi, ngger! Pancenipun badhe kula jangkah Aswatama. Najan sampun pikun, ning dereng rumaos blereng ningali wujudipun Aswatama.”
64. Duryudana  : “Wadhuh rama, nyuwun pangaksama kepareng ngracut dujanipun kanjeng rama.”
65. Sengkuni     : “Wadhuh kaka prabu. Bilih kaka prabu kalampah mbujung Aswatama, upaminipun ngantos pasulayan bandayuda, menawi menang mboten badhe kondhang. Nanging nyuwun sewu yen ngantos keseser marak barang wirang.”
66. Prabu Salya : “Dadi kowe mestheke yen aku kalah, ngono.”
67. Sengkuni     : “Kula boten nemtokaken yen kawon, nanging yen kaka prabu menang rak ora kondhang, mung mungsuh Aswatama. Keparenga ngracut dukaning penggalih kasilama mawi tirtaning kesabaran makaten.”
68. Duryudana  : “Inggih rama prabu. Keparenga ngracut bermantiyanipun rama prabu. Menawi rama prabu mboten saged ngracut ubaling duka rama prabu, lajeng dados menapa menika mangke?”
69. Prabu Salya : “Kula nyuwun priksa angger prabu, kula sejatosipun baratayuda menika tumut inggih saged, inggih mboten tumut inggih mboten napa-napa. Nanging rehne kula enget yen kula menika bapa mara sepuh wasana lajeng wonten kadadosan kados makaten. Kula nyuwun priksa angger prabu, pitados menapa mboten kaliyan aturipun Aswatama?”
70. Sengkuni     : “Pitados Aswatama ajeng ngge napa? Sinuwun kula ajeng matur yen mboten ngaten niku.”
71. Duryudana  : “Kula mboten pitados aturipun Aswatama. Kula pitados rama prabu. Rama prabu mboten kalampah ngloropaken Adipati Karna.”
72. Prabu Salya : “Estu, ngger?”
73. Duryudana  : “Kula noknon, inggih.”
74. Prabu Salya : “Menawi makaten, ngger, kula gadhah panuwun. Aswatama wiwit dinten menika kedah minggat saking tlatah negara Ngastina. Mboten kenging ngambah tlatah Ngastina. Sinten ingkang ngayomi Aswatama, kedah dipunpidana mawi wasesaning nagari Ngastina, dipunkatutaken dosa lepatipun  Aswatama, tepakipun Aswatama kedah dipuncukil, dipuncuri bubur kapurenta.”
75. Duryudana  : “Nggih. Paman Arya?”
76. Sengkuni     : “Kawula noknon.”
77. Duryudana  : “Mangkin kadhawuhna para kadang, wiwit dinten menika Aswatama mboten kenging ngambah tlatah Ngastina. Sinten keng ngayomi Aswatama, kula katutaken lepatipun Aswatama, badhe nampi pidana.”
78. Sengkuni     : “Kawula noknon inggih dalem dhawuh sendika.”
79. Prabu Salya : “Lega raosing manah kula, ngger. Rehne angger prabu sampun minangkani panuwun kula. Kula kadakwa dening Aswatama ngloropaken Karna, mila kalenggahan menika senopati keparenga kula suwun, kula keng sagah ndhepani paprangan Tegal Kuru.”
  Leng-lenging driya mangu-mangu mangungkung, gandhwan rimang yayah rina tan kanin. O... lamun tan dulu sumengku ndyah utama. Sang nata mudha, sang nata mudha wuwuse angrepa. O... O...
80. Duryudana  : “Matur sembah nuwun rama prabu. Rama prabu kepareng badhe paring pangayoman dhumateng ingkang putra Ngastina. Keparenga lajeng nyuwun priksa mbenjang menapa jumangkah wonten madyaning paprangan?”
81. Prabu Salya : “Kedangon menapa ingkang kedah kula entosi. Sanajan ta cara lintang sambet obor sedya bidhal kalenggahan menika nanging kula kapeksa, ngger, nyuwun pamit wangsul dhateng Mandaraka. Awon sae leres lepat kula kedah pamit kaliyan keng ibu, kanjeng Ratu Setyawati. Mangke saking Mandaraka kula mboten prelu sowan dhateng Sewuntana, kula lajeng njujug wonten pesanggrahan Ngrunting tepining paprangan Tegal Kuru, dek ing wingi pesanggrahanipun keng raka Ngawongga.”
82. Duryudana  : “Nun inggih ndherekaken kaluhuran.”
83. Prabu Salya : “Sengkuni!”
84. Sengkuni     : “Kawula noknon.”
85. Prabu Salya : “Mangsa bodhoa nggonmu mbeborehi atur ana ngersane angger prabu supaya bombong penggalihe.”
86. Sengkuni     : “Kawula noknon, inggih.”
(Prabu Salya kondur menyang Mandaraka).
prabu Duryudana, mespadakaken Prabu Salya mijil saking pakuwon, bebasan kedhep tes mak, denya mandeng mindeng-mindeng ngantos satelasing pandulu. Prabu Duryudana, dereng mu nandika awit salebeting penggalih nemtokaken menawi Prabu Salya saged unggul jayane, nanging kosok wangsul kaliyan pamanggihipun Patih Sengkuni, dupi Prabu Salya majeng madyaning paprangan malah kawengku raos kuwatos. Mila kekalihnya Prabu Duryudana Patih Sengkuni bebasan ning kaya banyu ning kaya watu, salebetnya datan wonten ingkang mobah mosik, hor sowaning para wadya kang munggwing padelaradawu. Ingkang amurwani hor sowaning para wadya, sowanipun narendra gagah bideksa, galeyah-galeyah lampahe.
Tyo lumarap caraka kang nembe krato. O... tinata trapsilanira. Galontenge ratata lenggah munggwing ngarsaning narendra. O... tumanduking narendra. O... tan ana kuciwa raras. O...
87. Duryudana  : “Paman Arya!”
88. Sengkuni     : “Kawula noknon.”
89. Duryudana  : “Ana narendra gagah pideksa rawuh wonten pakuwon sewuntana.”
90. Sengkuni     : “Kawula noknon inggih sampun ngantos kadaluwarsa, kaparenga lajeng ngacarani.”
91. Duryudana  : “Mengko, ta, ki sana ingkang katemben wae rawuh aja dianggep aku tumangguh, sejatine wadya iki aku gambuh. Nitik rengganing busana, busana narendra, lamun kepara nyata narendra ngendi, sapa jejuluk ira?”
92. Suryabupala : “Estungkara jagad maneka raja dewaku, ui,,,e. Boten lepat panjenengan dalem mastani yen kula jejering narendra. Awonten kula niki narendra saking negari Girigupita. Dene jejuluk kula ingkang mersud mestani jejuluk Prabu Suryabupala.”
93. Duryudana  : “Prabu Suryabupala?”
94. Suryabupala : “Kawula noknon.”
95. Duryudana  : “Raharja rawuh ana Pakuwon Sewuntana.”
96. Suryabupala : “Inggih, pangestu dalem boten manggih sambekala. Keparenga nyuwun priksa menapa panjenengan dalem narendra Ngastina ingkang jejuluk Prabu Duryudana?”



DISC 2
(ing pasewaan ngastina)
97. Prabu Duryudana  : “Prabu Suryabupala?”
98. Prabu Suryabupala          : “Kawula luk nun.”
99. Prabu Duryudana  : “Rahadja rawuh hurung pakuwon sewuntara.”
100. Prabu Suryabupala          : “Pangestu dalem liirsambikala, keparenga nyuwun pirsa menapa panjenegan  dalem , Narendha Ngastina ingkang jejuluk Prabu Duryudana.”
101. Prabu Duryudana  : “Ora bakal sisih panduganmu, sayogyaku ratu Ngastina Prabu Duryudana.”
102. P.Suryabupala                : “Syukur begja sewu, yen mekaten kepareng ajeng kula anjuk atur sewu lepat nyuwun gunging pangaksama.”
103. Prabu duryudana   : “Iyo.”
104. P.Suryabupala                : “Sowan kula wonten ngarsa dalem. Diwaji Ngastina ingkang sepisan nyaosaken pangabekti!”
105. Prabu Duryudana  : “Ndaktompo.”
106. P.Suryabupala                : “Ingkang ndungkap tompo kalih. Kula ngaturaken, nalika semanten putra siswanipun Rama pambadruna ingkang nama Prabu Suryandana menika adhi kula. Adhi kula Suryandana, sampun kepungkuh ing ngayondra. Miturut pawarta ingkang kula tampi hayang ngringi majengipun putra wirataseta utawa wilasangka!”
107. Prabu Duryudana  : “Iyo.”
108. P.Suryabupala                : “Milajen ngersa dalem boten trimah pejahipun adhi kula Suryandana, bawanipun ingkang mandegani dumadose perang Bratayudha nanggal koko Prabu Duryudana keparenga kula badhe caos pambiyantu, keparenga koko prabu marengaken Pandhawa kula ingkang suwun nyirnaaken, mboten trimah raos ing manah kula, Bratayudha wolulas dinten kalenggan menika. Nami Werkudara, Janaka kontab ing jagad. Sedya klenger, badmisuripun Werkudara lan Janaka, dereng lega ing raose mana kula menawi dereng ngremet-ngremet tulandhanipun Werkudara tuwin Janaka.”
109. P.Duryudana        : “Kados pundi Paman Sengkuni?”
110. Sengkuni     : “Waduh...pemanggih kula menika dumawahe wahyu ning kemenangan. Nyuwun sewu malih-malih menapa, nalika koko Prabu Salya sagah majeng madyaning paprangan raose ing manah kula rak tuwuh, raos boten pikados awit nitik pangendikanipun prabu Nandharaka wiwit dereng dados Perang Baratayudha menika rak kados ngrengalangi dhumateng andhalem yen ngantos Perang Baratayudha dados, dados kula kebak raos sujana. Nanging, sareng Suryabupala menika dadi caos pambiyantu. Kula nemtokaen menika wahyuning kemenanganing Kurawa, boten perlu kuwatosi Kurawa katah ingkang pejah nanging Pandhawa nggih  katah ingkang ical saking Ngadyapadha. Cobi pejahipun Gathotkaca, Antawijaya menika ndadosaken angles raose manah Werkudara, Janaka mangka menika cara srawung lak waras dereng babak buncik nadyan manjing wonten ing peperangan mesthi mlempem lho menika.”
111. P.Duryudana        : “Yen mekaten dipun tampi dipun tampi, yayi Prabu?”
112. P.Suryabupala       : “Hahoha, luk nun.”
113. P.Duryudana        : “Daktompo, yayi prabu bakal sambiyantu nyirnake Pandhawa.”
114. P.Suryabupala       : “Wah,wahahaha...matur sembah nuwun. Namung dadosna kauningan bapa prabu. Tiyang perang menika ragadipun katah.menawi kula saged nyrinaaken pandhawa menapa ingkang kedah pun parengaken kula. Pamundutmu apa, bilih kula kepareng ngunjuk menawi kula kalampah ngingkes Pandhawa. Ngastina kaloko gadah gunung kencana, gadah gunung haleyak menika keparenga kula ingkang murgawasesa, koko prabu inggih kula caosi mangke. Nanging, mesthinipun kula ingkang wenang wranata.”
115. P.Duryudana        : “Nggih.”
116. P.Suryabupala       : “Lajeng sumber lisah pertara ingkang klebet tlatah negara Ngastina inggih kula ingkang murgawasesa. Lajeng bandar-bandar ingkang kanggo mandek baita ageng saking mancanagari kula ingkang nata. Koko prabu mangkih kula caosi sampun kantun. Umpaminipun busana sampun kantun ngagemmekaten kemawon.”
117. P.Duryudana        : “Dos pundi paman.”
118. Sengkuni     : “Wah niku sing rada rekasa, bisa menang nanging sesok Kurawa meng karek nampa ampase, patine digawa tenggiri, guwita.”
119. P.Duryudana        : “Nanging waton pandhawa tumpes tapis tanpa sisa, ludes keles tanpa kilap. Kula lega ing raose manah, hanggih najan kula boten ngukup menapa-menapa waton pandhawa sirna.”
120. Sengkuni     : “Kula sumanggaken.”
121. P.Duryudana        : “Yen mengkono yayi prabu tak sembadani kang dadi kersane yayi prabu. Apa pamundhutmu bakal tak lilakke.”
122. P.Suryabupala       : “Matursewu sembah nuwun koko Prabu Duryudana semanten dening kapitadosan dhumateng gagah kula. Nyuwunsewu kula sowan dhateng sewutara sakmenika sampun nganthi prejurit tanpa wicalan sikep siaganing ngayuda, kula kendelaken wonten ing telenging wana, ingkang sampun nylaketi gumelaring paprangan tegal kuru. Mila sampun ngantos panganti-anti prajurit pandherek kula, kula nyuwun pamit, nyuwun pangestu sedya bidhal wonten madyaning paperangan, kula aturi nemtoaken kula wangsul sampun saged mbekta wasul kuwandhaning para Pandhawa.”
123. P.Duryudana        : “Ingkang prayitna yayi prabu.”
124. P.Suryabupala       : “Kawula luhung-luhung, pinanggih.”
Gendhing....
125. P.Duryudana        : “Paman Sengkuni!”
126. Sengkuni     : “Kulanuwun wonten dhawuh?”
127. P.Duryudana        : “Prabu Suryabupala kula nemtoaken saged unggul jayanipun!”
128. Sengkuni     : “Inggih, nanging anggenipun cuwo manah kula yen kelampah Suryabupala sasat. Peran dalem sampun boten kagungan menapa-menapa, awit Nagari Ngastina patinipun dipun bekta piyambakipun wonten duryugupita, Ngastina kang ampas.”
129. P.Duryudana        : “Boten menapa-menapa.”
130. Sengkuni     : “Kepareng ngunjuk atur, sewu lepat nyuwun pangaksama.”
131. P.Duryudana        : “Iggih.”
132. Sengkuni     : “Badhe ngunjuk wau-wau wigeri ringo-ringo raose manah kula, kuwantos mbok menawi dadosaken dukaning penggalih!”
133. P.Duryudana        : “Badhe matur menapa?”
134. Sengkuni     : “Upaminipun Suryabupala menika saged sasat nanging sampun ngatos sedaya dipun bekta dhateng girigupita. Kula wedhal Negara Ngastina, kula kepareng nglajengaken, Senopati pengapit!”
135. P.Duryudana        : “Sinten?”
136. Sengkuni     : “Nuwunsewu, anak kula keng rayi Raden Antisura Surabasah tuwin adhi kula Jayawiluka.”
137. P.Duryudana        : “Inggih.”
138. Sengkuni     : “Wonten bebasan mbabati ngarungkut ngobori ngapeteng, ngrumiyini lumampah, ngrumiyini Suryabupala. Syukur Pandhawa saged pejah saking keng rayi Antisura-Surabasah keng rayi boten badhe nyuwun ganjaran, awit namung niat kepingin  ngetingalaken bekti wonten ngarsa dhateng manah prabu.”
139. P.Duryudana        : “Menapa sagedipun pitados kekiyatannipun, Kurawa sampun boten sapintena kekiyatanipun.”
140. Sengkuni     : “Nuwunsewu, salebetipun Perang Baratayudha dados prajurit saking Plasajenar menika dereng wonten ingkang dereng medal ing paperangan. Menika mangkeh saged dados kanthinipun keng rayi Antisura-Surabasah pangiten-inten kula prajurite Pandhawa sampun boten saged nataki katahipun prajurit saking Plasajenar, lan sakderengipun Baratayuda lumampah sampun kula gladi, anggenipun sami damel gelaring aperang kados sampun boten badhe nguciwani.”
141. P.Duryudana        : “Yen mekaten borong pamanari.”
142. Sengkuni     : “Kepareng nglajeng ingkang bapa nyuwun tambahing pangestu!”
143. P.Duryudana        : “Paman sampun pegat kaprayitnan, Kartomarma.”
144. Kartomarma : “Kawula luk nun.”
145. P.Duryudana        : “Ngati-ati aja keri, duga-duga digawa dherekna paman Sengkuni?”
146. Sengkuni     : “Kawula luknun  inggih dhateng nyuwun tambahing pangestu.”
147. P.Duryudana        : “Kartomarma ingkang prayitna Kartomarma.”
Gendhing......
Kaglar Sang hya para madya, kang sang hya maraseba mabra busana nira, bina panjrah ingkang puspita, minangka tindhihing pra prawira tuhu. Hambeksudira rumaksa sang hyang wadya bala sumebya hangayai karya pakaryaning praja. Haa...
(ing pasewaan ngastina)
148. Prabu Suryabupala          : “Kangmas Srigatalpati ingkang rayi Jayawiluka nyadhong dawuh?”
149. Kartomarma          : “Rama, rama kepatyaning peputra Antisura nyadhong dhawuh ingkang putra Surabasah nyadhong dhawuh. Wehehehehe.. Man, ingkang putra kerta denda nyadhong dhawuh.”
150. Sengkuni               : “Kartamarma?”
151. Kartomarma          : “Kula paman.”
152. Sengkuni     : “Dulurmu ki karek pira ta?”
153. Kartomarma : “Kantun gangsal jakepipun koko Prabu Duryudana?”
154. Sengkuni     : “Karek sapa?”
155. Kartomarma : “Ingkang putra Kartomarma, Kartodenda, Citraksa, Citraksi.”
156. Sengkuni     : “Andhekna kok ramene ora jamak. Sing jenege Kurawa angger ngumpul leh kating brengek supaya lerem sakwetawa.”
157. Kartomarma : “Kula sumanggaaken.”
158. Sengkuni     : “Kartodenda?”
159. Kartodenda  : “Ehhehe... kula man.”
160. Sengkuni     : “Serekna ndisik sirka sak kadangmu. Mengko nek kowe saur manuk, nggonku paring dhawuh ora bisa cetha engko menapa tuntang suh.”
161. Kartodenda  : “Inggih inggih inggih sendika.”
162. Sengkuni     : “Jayawiluka!”
163. Jayawiluka  : “He kula luknun.”
164. Sengkuni     : “Antisura, Surabasah.”
165. Antisura      : “Kula rama.”
166. Surabasah    : “Kula rama.”
167. Sengkuni     : “Nek kowe arep mukti yo iki mengko dalane, nek kowe arep mati yo iki mengko dalane!”
168. Surabasah    : “Kangmas kok ngendika mekaten dospundi?”
169. Sengkuni     : “Tak jarwani Baratayudha wis wolulas dina iki Kurawa wis akeh sing dadi bebanten wis ora ana ingkang bisa dipercaya ndepani paperangan tegal kuru. Iki mau ana tamu saka mancanegara, sedulure tuwa Suryanggana, jenenge Suryabupala saguh arep ndepani peperangan tegal kuru, nanging umpama iku isa menang Ngastina wes ora kumanan apa-apa. Aja nganti kamulyan Ngastina iki tumiba wong mancanegara. Aku ngunjuk ana ngarsa dalem Antisura-Surabasah, Jayawiluka supaya jumeneng Senopati pengapit. Marga Senopati maha Senopati wis diasta koko Prabu Wandaraka. Mangka aku karo koko Prabu Wandaraka ora percaya. Heehh aku mastike patine Werkudara apa Janaka kudu saka tanganmu. Piye Jayawiluka, kok bareng krungu tembung jenenge Janaka kowe kok ya malah menteleng ora kedhep-kedhep, wedi?”
170. Jayawiluka  : “Wah yen ajrih....”
171. Surabasah    : “Kula boten.”
172. Jayawiluka  : “Lajeng panjenengan ngendika kedah kula saged mejahi Janaka sing ajeng kula ngge kekuatan apa? Janaka nate dadi jagone dewa, kula niku mang dijagokne, bola-bali ora tau dadi niku piye.”
173. Sengkuni     : “Kowe kuwi aja kok wedi karo kadang, kudu dibukteke Janaka kuwi ampuh biyen. ning saiki lak ora, merga Janaka kelangan Antawijaya kuwi gela atine, Werkudara kelangan Gatotkaca kuwi gela atine.”
174. Jayawiluka  : “Inggih.”
175. Sengkuni     : “Mula nek kowe manut aku, aku sing nata.”
176. Jayawiluka  : “Inggih ndherek.”
177. Sengkuni     : “Ndherekna. Sakpatine Antawijaya, Gatutkaca, Janaka kuwi senengane saba alas ndewe, pisah karo barisan gedhe. Arep omong digdaya kaya ngapa nek angles pikire, cara tembung saiki stres, yo apa-apa lali tak kandani. Arep muni tha kleru la, arep muni la kleru sa. Ngecakna mantrap-mantrap wis tumpang suh bahasane. Ora mandi, kowe ingkang tak percaya nggoleki Janaka.”
178. Jayawiluka  : “Inggih sendika.”
179. Sengkuni     : “Antisura-Surabasah nglulu-ngluluki pakuwone si Werkudara, Werkudara mati seko tanganmu, bakal gedhe lokmu. Aku ya wis ngonjuk ora nyuwun ganjaran, nanging mengko aku isa dadi adu manising rembuk. Kowe Antisura-Surabasah bakal mukti wibawa ing Negara Ngastina. Priye saguh?”
180. Jayawiluka  : “Sagah, inggih menika sagah.”
181. Sengkuni     : “Bagus.”
182. Sengkuni     : “Kartomarma!”
183. Kartomarma : “Kawula luk nun.”
184. Sengkuni     : “Metua ana njaba, tatanen para prajurit.”
185. Kartomarma : “Inggih sendika.”
Sigra medhal undang wadya, dyan Kartomarmo griya medhal ing jawi. Swara tenara mangungkung ngumandhang ngawang-awang. Bendadari tanggur slompret klawan bungsur tontong grit ngunyo sauran. lirumbak ing jala niki, (mung-mung jelererer)2x dandanana sira mangun-mangun makutha majru jungkung widangnya suradi mantra oong ong he he.....
186. Kartomarma : “Kepareng matur kersanipun Paman Harya Sengkuni. Para wadya kadawula sak wanci-wanci sampun boten badhe nguciwani awit sampun  sami sawida ing gati, samekta ing diri.”
187. Sengkuni     : “Yaya syukur ngger, Jayawiluka.”
188. Jayawiluka  : “Kawula luk non.”
189. Sengkuni     : “Antisura-Surabasah enggal budhal prikalenggahan punika.”
190. Antisura-Surabasah        : “Inggih sendika sendika.”
191. Sengkuni     : “Bidhale prajurit saking telenging pakuwah sewu  kono yayah sima nebak!”
Sindhen...
Siriget lumampahing prajurit saking Plasajenar, ingkang tumuju paperangan tegal kuru. Kang kinarya sambeting carita inggih pakuwun Prabu Kumbala, ingkang minangka gegununganing para satriya, ingkang mapan wonten pakuwon randukumbala. Panenggak Pandhawa ingkang angrenggani kasatriyan Jodhipati. Do inguni kekasih Raden Werkudara, ya Raden Bratasena, ya Raden Wijasena, ya Raden Jayadilaga, Raden Kusumadilaga, ya Haryo Bima lah punika warnanipun Raden Haryo Werkudara satriya gagah wideksa ageng ngaluhur, pakulitan jenar, hendra kencana sinangling. Imba muler geni, rawis tumpang sanga, gudheg wok simbal jaja. Njeggureng nanging ora medeni malah marak ati, yen ngendika bleger-bleger kaya gludhuk. Sumara tejane kaya sumarate lintang bima sekti nuwak tutuking naga. Ingkang sowan ing ngarsa tumungkul konjung pratiwi miswanipun satriya harba ruci. Kekasih Haryo Raden Setyaki yo singa mulandara, wersine wira, bima gunting yo Raden Padmonegara. Sumambung pungkur pisowanipun Retiyowati. Werkudara jajar pisowanipun patih Andokowana. Maksih kasambet pisuwanipun Patih Nirbita, ning kaya banyu ning kaya watu dereng kepareng wijiling pangandika wonten kapal ninggalih harsa rukmendaya pangudi asmaraning nendra kang dereng kawijil. oooooooooo....oooooo....ooo engengeng...hong..hong.”
Sindhen....
Jrutya sulung ngulat sekar gambangkara hangrerujit nglala ing ngalitan bangkit lali lingalitan bangkit lali ngula lulus lila he... lamun pinedi.
192. Wekudara    : “Heh...kunthi!”
193. Kunthi                  : “Kulanuwun, wonten dawuh kakangmas Werkudara.”
194. Werkudara  : “Udrawa kakangku?”
195. Udrawa       : “Kulanuwun, wonten dawuh yayi?”
196. Werkudara  : “Apa dene  Andokawana lan Nirbita bapaku, bebasan adoh kakawin cedhak tak ngeraketake, aku arep takon karo Udrawa kakangku.”
197. Kunthi                  : “Inggih.”
198. Werkudara  : “Patine Karna kakangku, Dursasana kakangku, bebasan wes jebol betenge Negara Ngastina. Apa sababe Kresna jliteng kakangku? Paring dawuh, isih bakal ana Senopati ingkang ora kena dianggep entheng bobote Ngayuda, iku banjur sapa gegeduke Duryudana kakangku, tak umpamakke garuda wes sempal suwiwine kiwo tengen, wes sempal sikile kiwo tengen. Apa isih ana gegeduk ingkang bebayan?”
199. Udrawa       : “Kepareng ngunjuk atur yayi sewu lepat nyuwun pangaksama.”
200. Werkudara  : “Yo.”
201. Udrawa       : “Sinuwun Dwarawati kang raka menika jejer pengayomaning Pandhawa, jejer pengajenging para Pandhawa ingkang menang mranata lumampahing Perang Baratayuda tumrap Pandhawa.”
202. Werkudara  : “Yo.”
203. Udrawa       : “Dados pangajeng menika boten gampil tumindak sepecak ngendika saktrimah kedah saged tinuladha saged sinudar sana, dados pangendikanipun ingkang sinuwur Dwarawati mesthi boten nggampilaken garapan ingkang dereng datheng. Boten nganggep entheng bobotipun perkawis ingkang badhe datheng menika sampun jamakipun pangajeng nika ngaten. Kadaan menika namung kagengeng sumbar kagengeng suwanten kakathahan janji menika malah sok nulayani.”
204. Werkudara  : “Mengkono?”
205. Udrawa       : “Inggih, dados mekaten wau keparengipun ingkang sinuwun Dwarawati panjenegan sak kadhang menika sampun ngantos sirna dhateng raos kaprayitnaning lair purun gatos, awit menika wonten madyaning bebaya menawi lena kaprayitnanipun sakedeping netra bebasan menika badhe saged damel risak pranatanipun dumadose Perang Baratayudha.”
Hande bima kena suyaka, sudibya sawara-wara unggul gadanira pitung gedhe.hong...hong..hong. Macenging rana ngulat kuru, kula hasta kecer kedheng nyaur punagi nebak jaja ndudut usus nglangga ludira. Netepana pramila ila ha....
Ecadene embal pangandika tanpantara pelajaripun wadya ingkang mercambeng ing kaca daleng-daleng....
206. Werkudara  : “Hah...sapa kowe?”
207. Patih surata : “Nyuwun sewu nyadhong duka gusti Raden Harya Werkudara, ingkang abdi menika patih Surata, Patih Madukara.”
208. Werkudara  : “Pada kanthi raharja?”
209. Patih surata : ”Inggih pangestu dalem sungkeming pangabekti konjuk?”
210. Werkudara  : “Ya tak tampa, ana wigati apa?”
211. Patih surata : ”Paring ngonjuk atur, palenggahan menika kula piniji macak baris, wonten sajawining pakuwon randukumbala, ngaturaken duta pengrawuh?”
212. Werkudara : “Duta kongkonan pengrawuh patih Rejopati?”
213. Patih surata : “Dereng wonten raja pati, nanging wonten kedadosan ingkang bebayan. Barisan saking pakuwon sewutana tanpa wicalan dipun pandegani Senopati, kekalih kula dereng saged nyidekaken tuwin nyataaken menika sinten, nanging ingkang baku menika Senopati saking pakuwon sewuntana ngirit wadyabala segelar sebaris papan, gaman nggabak kadi jati arang, payung amruk kados jamur kering sumbarang woh-woh ingkang dipun woh-woh amuk. Nuwun sewu gusti kula para kadang Pandawa? Ingkang menika kula sumanggaaken abdi dalem cuwadung dawuh.”
Leng leng ngendriya mangun-mangun mangungkun hong... hong... hong... hong...
(ing tengah dalan nalika ketemu prajurit plasa jenar)
214. Werkudara  : “Budawa kakangku prayogane laku?”
215. Budawa      : “Yayi Werkudara wis padakken pewala saking ketebihan rumiyin, boten mrayogi bilih Raden Werkudara nyelirani mbuktiaken wadyabala cekap para kadang menika ingkang badhe buktikaken langkung rumiyin.”
216. Setyaki                  : “Keparenga keng rayi Setyaki kangmas sing badhe mbuktikake nyuwun pangestu?”
217. Werkudara  : “Kebak mangkat sendika.”
Sindhen.....
218. Prajurit 2     : “Mandheg sek mandheg, maju mandheg maju mandheg mandheg.”
219. Prajurit 1     : “Kosek sabar ta, sabar. Wong semene akehe mlaku, sing ngarep mandhek sing buri ngangsek mangka kabeh gawa gaman tumbak ligan, nek nganti tumbake nyoncot kancane dewe  harak mati sing tanpa lelabuhan.”
220. Prajurit2      : “Ora ngono. Sing dadekke pengarep ki sapa ta? le mlaku prajurite kok koyo ngene.”
221. Prajurit 1     : “Iki sing didadekke pengarep ki slamet nggudik.”
222. Prajurit 2     : “oooo lha wong slamet nggudik dadeke pangarep, anggere slamet ki mung kakean itung.”
223. Prajurit 1     : “O kosek to aku sing nong ngarep ki ya wis ora koyo-oyo oleh ku arep ngubetke kanca ngono lho, lha nek sing diubetke yo ora ono kuwi?”
224. Prajurit 2     : “Ora, saiki tak takon sing marake leh mlaku prajurit mandek ki apa ngono lho?”
225. Prajurit 1     : “Lha rak ngono takon sek, ora kok njur muring-muring sing nong ngarep, pancen wong ngluputke ki sing gampang dewe, ngluputke ora percaya gampang dewe kuwi.”
226. Prajurit       2       : “Kowe do menenga sek tak takon. Satriya sing ngaglah ana tengah ndalan sapa?”
227. Setyaki                  : “Kowe takon marang aku?”
228. Prajurit       2       : “Iya”
229. Setyaki                  : “Aku tak takon ndisik, kowe prajurit endi?”
230. Prajurit 2     : “Piye jok, tak takoni durung ngaku malah aku aku karo kowe ditakoni prajurit endi?”
231. Prajurit 1     : “Ngaku opo anane, iki prajurit saka Plasajenar. Prajurite gustiku Raden Antisura Surabasah. Kowe sapa?”
232. Setyaki                  : “Yen kowe takon marang aku, aku satriya garba ruci Setyaki.”
233. Prajurit       1       : “Sapa?”
234. Setyaki                  : “Setyaki.”
235. Prajurit 1     : “Duh co, setyaki?”
236. Prajurit 2     : “Sapa?”
237. Prajurit 1     : “Setyaki.”
238. Prajurit 2     : “Kowe meh muni Setyaki kok wedi?”
239. Prajurit 1     : “Kowe ora ngerti ta kondhane Setyaki. Satriya digdaya pada.”
240. Prajurit 2     : “Kowe rak mung lagek kabar no, kowe weruh rak lagi saiki ta?”
241. prajurit 1     : “Iya.”
242. Prajurit 2     : “Nah, wong ki aja angger krungu kabar sing perlu dibuktekke mung anggek krungu jenenge kok wedi, takoni karepe piye Setyaki ngendeki wong samene akehe.”
243. Prajurit 1     : “Karepmu piye Setyaki ngedekne wong samene akehe?”
244. Setiyaki       :  “Cetho kowe prajurite anake Sengkuni?”
245. Prajurit       1       : “Iya-iya.”
246. Setyaki                  : “Nek keno tak eman, kowe mundur Senopati anake Sengkuni kon maju tak tandangane.”
247. Prajurit 2     : “Co!”
248. Prajurit 1     : “Nggih.”
249. Prajurit 2     : “Jebul Setyaki ki pikire apik.”
250. Prajurit 1     : “Kok pikire apik?”
251. Prajurit 2     : “Lha wong aku dieman ki, dieman kon mundur. Perkara iki aja melu-melu.”
252. Prajurit 2     : “Eh met, kowe le dadi prajurit wes suwe durung?”
253. Slamet         : “Ha?”
254. Prajurit 2     : “Kowe le dadi prajurit wes suwi durung?”
255. Slamet                   : “Iya uwis, wong wis nduwe anak loro kok.”
256. Prajurit 2     : “Wah mateni pasaran nek ngono. Lha gene kowe suwe leh dadi prajurit. Lha kok duwe manungsa kaya ngono, tetembungane kok ngalem mungsuh.”
257. Prajurit 1     : “Ora gelem.”
258. Prajurit 2     : “Ora gelem?”
259. Prajurit 1     : “Ora gelem. Aku ora gelem lek mundhur, malah kowe sumingkira Setyaki, nek ora sumingkir tak ranjak.”
260. Setiyaki       : “Nek pancen kowe ora gelem tak eman, ojo maju baka siji bareng loro, ayo ngono Setyaki.”
261. Prajurit 2     : “Co, disumbari pecak aji maju, maju gaman likan maju paring gaman likan diranjang-diranjang ranjang ranjang ranjang.”
Gendhing....
Adegan pada geger antarane Setyaki lan prajurite Plasajenar.
262. Prajurit 1     : “Ayo kanca padha mundur, mundur.”
263. Sengkuni     : “Aduh sikilku kejeklok, seminggu hurung mari. Aduh anggo mlaku kok loro nggo njejak lara ora ya? haduh tanganku sempal, haduh kupingku ilang, haduh mripatku lara, nyemplung kena panahku dhewe, inuh inuh inuh....”
264. Prajurit 1     : “Aduh aduh....!”
265. Prajurit 2     : “Ki ngapa ya?”
266. Prajurit 1     : “Ndasku ilang.”
267. Prajurit 2     : “Ndase ilang kok iso ngomong?”
268. Prajurit 1     : “Sing diomong ran cangkem.”
269. Prajurit 2     : “Lha cangkem iki ran ya dadi perangane sirah?”
270. Prajurit 1     : “Yo kosek, sing mlaku dudu ndasku sing ilang ki ndas mbedudak.”
271. Prajurit 2     : “Ora memper, kancane kelangan sikil, tangan le sambat ki ya lumrah, kelangan ndas mbedudak kok mbengek-bengek.”
272. Prajurit 1     : “Wa lah coto ek.”
273. Sengkuni     : “Yo, yo.”
274. Prajurit       1       : “Iki lho apa lho iki?”
275. Sengkuni     : “Untuku kumat.”
276. Prajurit       1       : “Lha mbok nek lara untu ki ora enyang.”
277. Sengkuni     : “Ora enyang ya ora entuk-entuk.”
278. Prajurit 1     : “O, dadi kowe olehe enyang mikir entuk ngono ta? Mempera nek prajurit kaya ngono.”
279. Sengkuni     : “Ora ngono, lha kowe dadi prajurit semomo akehe le mundhur ora ditata sambat ngaruwara, kena ngapa kowe?”
280. Prajurit       2       : “Lho sampeyan niku sinten?”
281. Sengkuni     : “Lho dhurung tepung ta karo aku? Patih Haryo Sengkuni.”
282. Prajurit       2       : “O, kowi ta Sengkuni.”
283. Prajurit 1     : “Ho’o.”
284. Prajurit 2     : “Dene ki wis tuwek.”
285. Prajurit 1     : “O, tuwek kok iseh ampuh kuwi.”
286. Sengkuni     : “E lha hurung ngerti to nek aku ki sesembahanmu.”
287. Prajurit       1       : “Nyuwun ngaputen dereng nate pinanggih kok gusti.”
288. Sengkuni     : “Kena apa iki mau?”
289. Prajurit       1       : “Pinanggih satriya naminipun  Raden Setyaki. Ngamuk dipun lepasi jemparing katah sanget boten tumawa. Malah lajeng prajuritku ngawut-awut kados ngoten. Haduhh....”
290. Sengkuni     : “Wis mundur. Sing lara ditambani kana! Sing tekani pati diruti sing becik-becik, wis sendika-sendika.”
291. Prajurit                 : “Ngeng ngung ngeng, ngeng ngung ngeng.”
292. Sengkuni     : “Lho-lho Nek prajurit kalah kuwi unen-unene kuwi ora usah diuneke.”
293. Prajurit                 : “Lha niki boten jarak niku, tangan kula niku loro sing siji sempal, bendine kaleh tangane kula ana bendi kalih tabuh kula cangking tangan siji, lha kula ngge lembeyan niku  rak tabuhe nuthuk dewe ta, lha sing ketuthuk lak sanes nggen pencu. Kula munine mboten isa muni mung meng, meng mung meng meng mung meng.”
294. Sengkuni     : “Memper ae ora.”
E... leng-leng ngendriya mangun-mangun mangungkun hong... he...
295. Sengkuni               : “ Sura Basah?”
296. AntiSura Basah    : “Inggih wonten dawuh.”
297. Sengkuni               : “Prajurit Plasa Jenar bubar mangut. Candrane kaya tambak merang keterjang banjir bandhang, kowe kudu bisa gawe pepulih.”
298. Anti Sura Basah   : “Nyuwun pangestu kanjeng rama, kula ing paringna di kadigdayanipun satriya  ingkang sabiyantu para padhu.”
Sindhen...
Sigra tan bala tumingal jambuh prangsangnya ngedali. Lir tatit wilidhen gadha dayohan gung mangun tangiti. Mbenjang sangaji wijil lathinya ngedhali wungus, trusa surawilaga kaya butasena wridil pasthi jangga dendanya mangambak baya. Ho....
299. Anti Sura Basah   : “Jagad dewa bado, para manungsa wani ngablah ana madyani paperangan, dak waspadakake wus kadok yuk suwa. He kowe aja mati gowo jeneng! Ngakuwo sopo jenengmu?”
300. Patih Nirdita                  : “Jagad dewa Badowo, kawistara yen satriya ing tanpa ngerti tata nagara apa mene yuda negara, wis rumangsa kok kepatang kelayan wong tua, ilang tata kramamu.”
301. Anti Sura Basah   : “Ning kene dudu papane wong ngajeni wong, paprangan papane wong golek sulaya, golek musuh drohon. Meng kari kowe ngaku opo ora? Aku butuh ngerti jenengmu, aja nganti kowe mati tanpa aran druhun.”
302. Patih Nirdita                  : “Yen mengko aku genti takon, kowe sopo jenengmu?”
303. Anti Sura Basah   : “Takon e durung ngaku ganti takon?”
304. Patih Nirdita                  : “ Apa bang.”
305. Anti Suro Basah    : “Putra plasa jenar, putrane Kanjeng Rama Patih Harya Sengkuni, Raden Sura Basah.”
306. Patih Nirdita                  : “Layak ora ngerti tata krama, anake Sengkuni. Anake wong sing gawene adu-adu, ngliciki carangan ketul, gawene mung seneng marang pasulayan.”
307. Anti Sura Basah   : “Ora sah kakean cangkem jenengmu sapa?”
308. Patih Nirdita                  : “Ronggo dalem, Wiratha Patih Nirdita.”
309. Anti Sura Basah   : “Weh... Patih Nirdita?”
310. Patih Nirdita                  : “Nggih.”
311. Anti Sura Basah   : “Wis pikun, ngadek ora jejeg nek kena tak ilingke, Baratayuda iki dudu perkarane wong Wiratha, naning perkarane Pandhawa karo Kurawa. Kowe dudu waris Pandhawa, ning nek iki dudu Kurawa nanging sedulure nak sanak koko Prabu Duryudana, dadi ijeh ana gandheng cenenge sedulure Kurawa, balik kowe wong liyan bebrayan. Nek Baratayudha, Pandhawa menang kowe arep diganjar apa? Nek kowe kalah mati tanpa lelabuhan, mumpung durung babat bucik uripmu, mundura.”
312. Patih Nirdita                  : “Sawijining satriya ingkang ora mangerti marang lungguhing bener lan luput. Baratayuda iki perane suci, Baratayudha iki perkarane Kurawa lan Pandhawa. Nanging ingkang bener iku pandhawa, Kurawa ingkang luput. Nek aku ngelabuhi pandhawa, nek aku menang kontab ing jagad, nek aku kalah tekane pati dadi marga wenganing wiwara suwarga mulya.”
313. Anti Sura Basah   : “Wah kedhuwuren omonganmu. Arepa kowe iku wong sugih japa mantra wis pikun, mbedhel uripmu, getas balungmu, kenthel getehmu lali carane mantramu. Tak teblak dadamu, ora rontok igamu tak seblak prigelan.”
314. Patih Nirdita                  : “Majua.”
Sindhen...

0 komentar:

Posting Komentar