Jumat, 15 Januari 2016

Pacelaton Basa Jawa




NALIKO KARYO TRESNA
ketika Karyo jatuh cinta
Ing salah sawijining dina, udakara jam 2 nan, Yoko, Manto, Karyo jagongan ana ing ngisor wit jambu. Kabeh uwis podho urip mapan nanging sederhana. Kadang-kadang pada ngumpul, lan jagongan. Karyo lagi bali saka Medan, Dheweke kerja ana Medan.

Karyo   : ''Eh..... sapa kui, ayu-ayu dodol jamu?'' (nunjuk)
Yoko    : ''Endi endi...?''
Karyo   : ''Halah.... sing mlaku nggendong bakulane kae hlo!''
Yoko    : ''Oalah.... Siem to!''
Karyo   : ''O....jenenge Siem. Ayune rek...''
Manto : ''Whe...... hladala, sajake.....Nyet kae is kondhang ing kene.''
Yoko    : ''Wani nyedaki piye?''
Karyo   : ''Uh.... turah kendhel thok nho. Wani piro???''
Yoko    : ''Hla pirooo???''

Siem mlaku lewat ing sak ngarepe tongkrongane bocah-bocah lan nawakake jamune.

Siem    : ''Jamunipun mas, komplit hlooo.''
Karyo   : ''Mriki-mriki mbak, jare jamune komplit. Ana jamu tresno ora mbak?''
Manto : ''Anane jamu tolak cinta ya Yem ya, Karyo kekana kuwi Yem!''
Yoko    : ''Sajake Wis klepek-klepek iki.''
Siem    : ''Ealaaaah mas, mundhut jamu mboten. Malah guyu wae.''
Karyo   : ''Tak boronge to, anggere gelem dadi anu-ku ya?''
Siem    : ''Anu punapa mas??''
Manto : ''Karyo ki horor...''
Siem    : ''Napa maneh iku mas??? Panganganan udu???''
Karyo   : ''Lentho mbak.''
Siem    : ''Kok kula nembe mireng nggih??''
Yoko    : ''Wis-wis malah bahas Lentho.''
Karyo   : ''Maksudku dadi bojoku Yem.''
Siem    : ''Oraiso........''
Karyo   : ''Ya iso, anggere kowe gelem.''
Siem    : (karo mesem) ''emoh, nek tuku ya tuku. Nek ora ya karepmu.(Karo mlaku)''
Karyo   : ''Malah nangdi Yem!''

Siem lungo lan neruskake dodolan jamu. lan bocah-bocah lanjutne jagongane.

Karyo   : ''Piye cah, masak Siem lagi ngono nesu?''
Manto : ''Nganggo akal Yo!''
Karyo   : ''Yoyoyo, ja nyeluk KARYO nek ora iso ngentukne Siem!''
Yoko    : ''Auwah Yo Yo, , ,gayamu.''
Karyo   : ''Weh,,, Simbokku jenengne aku we KARYO TEKO KUSUMO DARMONING KASIYO PANGALILO.''
Manto : ''Wo ya bener. Jenengmu wae kasiyo, mulane mau kesiyo-siyo karo Siem. hahahaha''
Yoko    : ''Ho`o ki ta.....''
Karyo   : ''Ya aja ngono cah, ngene-ngene sukses lho!''
Yoko    : ''Sukses apane to Yo?''
Karyo   : ''Yo delok`en!! Entenono''
Banjur kui Karyo nembang.
Karyo   : "Cah ayu entenono tekaku!"
Manto : ''We...e...e nembang apa donga iki?''
Yoko    : ''Genah-genah ndonga nhoo..''
Manto : ''Takira...''
karyo   : ''Bocah-bocah ki pye ta? Suara kaya Anang Hermansyah barang og, bangga o cah duwe kanca kaya aku.''
Manto : ''Jare sapa? Jaremu dewe? Mesakne...
             Lagune Didi Kempot tok nyanyekne dadi ngepot-ngepot. hahahaha''
Yoko    : ''Mbok aja dicethak-cethakne to, jane kabeh wis mudeng.''
Karyo   : ''Hus... kowe kuwi cah, pokoke pye carane Siem kudu dadi duwekku. Aku tresno tenan karo Siem.''
Manto : ''Ndadak nganggo curhat barang to Yo?''
Yoko    : ''Wis sore cah, ayo bali, ngewaki simbok masak. hehehe''
Manto : ''Ho`o Ko, aku yo arep angon bebek sik.''
Yoko    : ''Aku jaluk endoge 1 yo To, dak dadare.''
Karyo   : ''Njaluk??? Tuku nhoo''
Manto : ''Ho`o, betul Karyo kui. is gajian barang og.''
Yoko    : ''Sakkarepku to.''
Karyo   : ''Oiya cah, Kanca cedhake Siem ki sapa?''
Yoko&Manto   : ''SITI....''
Karyo   : ''Sik omahe cedhak kali kae?''
Manto : ''Hla ngendi neh, arep ngapa ta?''
Karyo   : ''Biasa.... golek-golek''
Yoko    : ''Ooo.., ayo bali og weh.''
Manto&Karyo : ''Ayoo''

Kabeh podho bali menyang omahe dhewe-dhewe. Esuke Siti ditekani Siem.
           
Siem    : ''Siiiiitttiiiiiiiii?? (Dodoki lawang)''
Siti       : ''Nun, weh Siem? Ngopo Yem? Lungguh-lunghuh! (Nunjuk Kursi)''
Siem    : ''Heem maturnuwun.
              Sit, ngerti rak?''
Siti       : ''apa?''
Siem    : ''Masak rangerti?''
Siti       : ''Ora, hla dyryng mbok kandhani.''
Siem    : ''Oiya. (nyeblek bathuke dhewe)
              dak kandani nagnu.''
Siti       : ''Iya tak rungokne.''
Siem    : ''Aku gewingi ki digojeki cah lanang-lanang, gek ana wong 1 anyaran aku ra kenal wonge, tapi anu.''(mesam-mesem isin)
Siti       : ''Anu pye ta Yem?''
Siem    : ''Halah, masak ra mudeng? pokoke anu.''
Siti       : ''Mbok sik jelas ta Yem, aku radong.''
Siem    : ''Ah Siti ki...''
             
Dumadhakan HPne Siem muni.(tulit-tulit tulit-tulit)

Siem    : ''Haloo,, wonten napa mbok?
              enggih-enggih Mbok, niki wonten nggene Siti Mbok.
              nggih, Walaikumsalam''
Siem    : ''tak bali sik ya Sit.Kon ngirim nang sawak. dadada SITIII.''(tangane dada)
Siti       : ''Nggih Mbaaak''

Durung ranmpung sik crita, Siem Banjur bali. ing tengah dalan Siem ketemu karo Karyo

Karyo   : ''Sieem''.(mesam-mesem)
Siem    : ''Dalem masss.''
Karyo   : ''Saka ngendi Dhek Siem?'' (guyu)
Siem    : ''Saking gene Siti mas. Mangga''(mlaku nglewati Karyo)
Karyo   : ''Yaya Yem, Ngati-ati''

Karyo ngulati Siem karo ngomongan dhewe.

Karyo   :''Haduuh caah, wis nek tresna ki ya jan tenan. Ngapa-ngapa anane gur kae thok, ning kayane Siem raseneng aku yaa??  menyang omahe Siti ah.''

Karyo mlaku menyang omahe Siti.

Karyo   : ''Kula nuwun?''(dodoki kaca cendela)
Siti       : ''mangga?? Sinten Nggih??''
Karyo   : ''Karyo Sit, Masak lali?''
Siti       : ''O mas Karyo? wonten napa nggih mas?''
Karyo   : ''Hehehe, dolan Sit, Suwe ra ketemu karo takok-takok Siem ki pye.''
Siti       : ''Oalah...Wah ....jare Siem anu ki mas. Nanging mau aku durung dikandani''
Karyo   : ''Masak wis anu, hancur hatikuu. O yawis Sit, aku balik sik.''
Siti       : ''Mboten ngunjuk rumiyen??''
Karyo   : ''Wis Sit, maturnuwun''

Karyo belok menyang omahe Manto.

Manto : ''Weh,,,, Karyo, Kok loyo to Yo?''
Karyo   : ''Gek Siem is seneng karo wong liya ki Man? Aku kepiya iki.''
Manto : ''Yowis Yo Lalikno wae!!! Wong wadon akeh Hlo,,''
Karyo   : ''Oraiso Man, Aku pokoke kudu karo Siem. Tresna buanget ak.''
Manto : ''Hla pye coba?''
Karyo   : ''Oiya, jare gone dhewe ana pindahan dukun Man. Nyobo yo''
Manto : ''Heh, sembrono. Doso nde....''
Karyo   : ''Hla pye maneh to nde......CINTA DITOLAK DUKUN BERTIKDAK og weh.''(ngeyel)
Manto : ''Kowe kuwi dikandani dosa ya dosa, ngeyel malahan.''
Karyo   : ''Halah wis rapopo, gur Siem thok pokoke.''
Manto : ''Penting aku wis ngandani hlo.''
Karyo   : ''Nyantai wae.....''
              yowis  Man, aku bali dhisik.''
Manto : ''Bali apa menyang dukun?''
Karyo   : ''Hehehe, embuh iki mengko.''

Ana ing tengah dalan karyo mikir-mikir arep bali apa menyang dukun. Karyo omongan dhewe.

Karyo   : ''Iki bali apa menyang gone dukun ya????''

Banjur Karyo takon wong liyo panggonane mbah dukun. Kas wis ngerti, dheweke menyang ommahe dukun mau. Ora mikir dowo, pokoke sik dipingini Siem

Karyo   : ''Assalamu`alaikum mbah......''(ndodoki lawang)
Dukun : ''Lungguh (lungguh ana ngisor). Ana apa lee??''
Karyo   : ( Lungguh neng ngarepe mbah dukun), ''ngeten mbah,''
Dukun : ''Mesti arep nyatet uwong, iya ta?''
Karyo   : ''jane nggih mboten mbah, gandheng kepepet. kok panjenengan ngertos?''
Dukun : ''Sapa siiik? KI JARWO......Lha sapa bocahe le?''
Karyo   : ''niku mbah.'' (ndingkluk)
Dukun : ''Sapa le, wis rasah isin karo aku.''
Karyo   : ''Siem mbah, ''
Dukun : ''Enek photone ora le?''
Karyo   : ''Photone sinten mbah?''
Dukun : ''Ealah....bocan edan''
Karyo   : ''Weh, simbah pancen hebat tenan, kok ngertos nek kula lunga ing MEDAN mbah?''
Dukun : ''Hweeeee????''
Karyo   : ''Lha pripun mbah?''
Dukun : ''Lha kowe ki kepiye to Le? Ya photone Bocah sik mau.''
Karyo   : ''O...nggih-nggih mbah.''
Dukun : ''Hla endi Le??''
Karyo   : ''Mboten gadhah ki mbah''
Dukun : ''Wehla... pye to kowe kuwi le??''
Karyo   : ''Halah mbah ribetmen arep nyantet uwong. Nggih pun, mengke rumiyin mbah.''

Cepet-cepet Karyo metu saka panggonan prakteke mbah dukun, Karyo ora mudeng nek kuwi gur dukun-dukunan. Karyo menyang omahe Siti.

Karyo   : ''Kulanuwun...Siti...''
Siti       : ''Nggih, enten napa mas?''
Karyo   : ''Iki penting Sit, Kowe dhuwe potone Siem to? Aku jaluk, Cepet Sit! Penting bangeT iki.''

Ora mikir akeh, Siti banjur ngekekne potone Siem Nyane Karyo. Karyo banjur menyang omahe Mbah Dukun. tekan omahe Mbah Dukun.

Karyo   : ''Kulanuwun Mbah?''
Dukun : ''Cepet timen le? Pinter kowe.''
Karyo   : ''Penting Siem mbah!''
Dukun : ''ya endi, gawa rene potone!''

Ki Jarwo banjur ndokokne potone ana meja lan nyiapne gelas kang wis dike`i mantra. Gelas kang isine wedhang putih dinggo kemu mbah Dukun banjur disemprotne nyang raine Karyo.

Karyo   : ''Weh, malah nyemprot aku ta mbah??''
Dukun : ''Is ta, menengo sik le! Wis sesuk nek ketemu Siem, kowe ngomongo nek kowe tresna banget karo de`e. Siem lak ya seneng karo kowe le. DiJAMIN!!!''
Karyo   : ''Maturnuwun mbah''(nyalami)
Dukun : ''Eh le le,,,,enek sik urung diganjel ki le??''
Karyo   : ''punapa mbah?''
Dukun : (aon-alon) ''Iki sik pinter aku, apa bocah kae sik kebangeten.
              (banter) Amplope le..?''
Karyo   : ''Oalah Mbah ngomong kat mau! Niki''(ngelungne amplop).
Dukun : ''Piye to Yo Yo.''
Karyo bali. Dino jumat sore, Karyo nyegat Siem pas dodol jamu.
Karyo   : ''Yem, mreneo...!''
Siem    : ''Jamu mas?''
Karyo   : ''Wis reneo sik, lungguh kene!''
Siem    : ''Wonten napa ta mas?''
Karyo   : ''Aku arep omong Yem.
              Aku tresna karo kowe.''
Siem    : ?????(kaget campur bingung)
Karyo   : ''Ho`o Yem. Banget malah.''
Siem    : ''Janipun enggih mas.  i lop u to! ''(karo isin-isinan)
Karyo   : ''Tenane Yem?'' ( Seneng)
Siem    : ''inggih mas.''
Karyo   : ''Tenaaaan?''
Sien     : ''Tenan mas''
Karyo   : ''Ra ngapusi?''
Siem    : ''Mboten''
Karyo   : ''Yes, akhire dhuwekku''
Siem    : (seneng+ngguya-ngguyu)
Karyo   : ''Yem?''
Siem    : ''Dalem mas,''
Karyo   : ''Kowe kaya geni, aku lilin Yem,''
Siem    : ''Kok saget?''
Karyo   : ''karena kau telah melelehkan hatiku''
Siem    : ''Ah mas Karyo kiii''
Pas lagi gojekan ing ngisor wit trembesi, ana rame-rame. Yaiku warga do nggebuki Ki Jarwo mergo dhewee dukun palsu.

Karyo   : ''Weh Yem, aku nyantet kowe nang dukun kui ki?''(bingung)
Siem    : ''Weh? Aku mbok santet mas?'' (kaget)
Karyo   : ''Ho`o ki, nanging kok kowe ya seneng aku?''
Siem    : ''Halah mas, kula tresna kalih panjenengan kat njenengan gojeki aku karo kancane mas karyo.''
Karyo   : ''Tenane Yem???''
Siem    : ''Tenan yaaa''
Karyo   : ''Wah, ngertio aku ora nang dukun-dukunan Yem.''

Karyo+Siem banjur nikah neng KUA lan duwe anak cacah 3.

Sumber: http://widiyaka.blogspot.co.id/2013/02/dialog-bahasa-jawa-omongan-boso-jowo.html

0 komentar:

Posting Komentar