Jumat, 15 Januari 2016

Aksara Jawa



Aksara Carakan
Aksara Jawa carakan diarani uga nglegena (dhasar)iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:


Aksara Murda
Aksara murda tegese aksara sirah/gedhe (kapital). Gunane kanggo pakurmatan tegese ngurmati. Lumrahe (biasane) kanggo nulis jeneng wong lan jeneng apa wae.
Tata cara nulis murda :
  1. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda (aksara mati pada suku kata), dadi ora kena dipangku lan ora bisa dipasangi.
  2. Aksara murda cukup ditulis saaksara saben satembung, kapilih manggon ana ing ngarep, manawa ora ana ya aksara burine, lan sapiturute.
  3. Aksara murda bisa diwenehi sandhangan
  4. Aksara murda duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan


Aksara Swara
Aksara swara gunane kanggo nulis swara kang dadi wanda ing tembung utamane tembung manca (asing) kanggo nyeethakake (memperjelas) pangucapane.
Tata cara nulis aksara swara :
  1. Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg (mati) ing ngarepe mula kudu dipangku
  2. Aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara (wulu. suku, pepet, taling, taling tarung)
  3. Aksara swara uga bisa dianggep aksara gedhe (kapital), dadi bisa digunakake kanggo nulis jenenge kutha, desa, nagara utawa wong.


Aksara Rekan
Aksara rekan gunane kanggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : dz, f, gh, kh, z
Tuladhane  :
Dzikir yen ora dicethakake dikir
Fakir yen ora dicethakake pakir
Ghaib yen ora dicethakake gaib
Khotbah yen ora dicethakake kotbah
Zakat yen ora dicethakake jakat

Perlu kawigaten :
Aksara rekan menawa disandhangi pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen disandhangi wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane : fitrah, farlu, dwifungsi, firman
Kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg (mati), sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane : sampun faham, saweg dzikir, zakat fitrah, sumerep ghaib.


Aksara Wilangan (Angka Jawa)


Sandhangan (Tanda Baca)


Sumber :
http://setohandoko.blogspot.co.id/p/jinis-jinis-aksara-jawa.html

0 komentar:

Posting Komentar