[Cerkak niki sudah dimuat di majalah Panjebar
Semangat edisi Minggu ke-2 Desember 2010 - Ing rubrik Alaming Lelembut]
Wes sewulan iki aku mondok ing kos-kosane Mbah Prawiro.
Campur karo konco-konco kuliah kang wes luwih dhisik mondok ing kos-kosan iki.
Jarene bocah-bocah, mondok ning daleme Mbah Prawiro kepenak, wonge gemati lan
ditanggung ora bakal kaliren yen nganti transferan sangu durung teka. Loman,
yen dhuwe apa-apa mesti bocah-bocah pada diparingi, kayata jajan lan kadangkala
bocah-bocah uga diparingi maem gratis. Kuwi sing marai bocah-bocah pada krasan
mondok ing kene. Bocah cacah limalas kang mondok direngkuh kaya anake dhewe.
Aku dhewe uga melu dadi krasan manggon ing kene.
Kejaba kagawa saka watak wantunipun Mbah Prawiro sing gawe ayeme atiku, kang
tansah paring pitutur akeh-akeh marang aku lan kanca-kanca. Kahanan kos-kosan
kang eyub lan latare jebar uga sangsaya nambahi rasa krasan, kabeh kanca-kanca
kos sumadulur. Maklum rumangsa pada-pada lagi prihatin ngangsu kwaruh ing
pawiyatan luhur Gadjah Mada.
Daleme Mbah Prawiro model omah joglo kang kaperang
dadi telung bagian, omah ngarep, omah tengah lan omah mburi. Omah ngarep lan
tengah kuwi kang saiki tak panggoni karo kanca-kanca kos, dhene Mbah Prawiro
manggon ing omah mburi. Mbah Prawiro yuswane kiro-kiro wes nyandak antarane
65-70 taunan. Najan wes sepuh Mbah Prawiro isih katon bregas, saben isuk isih
sregep tindak langgar lan resik-resik karangan omah. Ana omah mburi, Mbah
Prawiro dikancani dening Yu Gemi kang dhuweni kajibahan resik-resik omah,
masak, adang, lan umbah-umbah. Mbah prawiro wes urip ijen, mbuh mulai kapan
anggone urip ijen. Wong senior-senior sing manggon ing kene sak durunge aku uga
mrangguli Mbah Prawiro wes kaya sing saiki-iki. Urip ijen tanpa anak lan uga
tanpa mbah Prawiro putri. Yo mung Yu Gemi kuwi kang saben dinane nggladeni Mbah
Prawiro.
Sewulan manggon ing pondokan iki, aku sithik baka
sithik dadi luwih ngerti lan ngenal lingkungan kiwa tengen. Lan ing pondokan
iki, kebeneran aku kebagian manggon ing kamar sisih ngarep, pas ing sisih
tengene lawang ruang tamu. Kamarku ngadep ngulon, adep-adepan karo kamar, mbuh
kamare sapa. Wong wiwit aku teka nganti dina iki kamar kasebut tansah kuncinan,
lan aku durung nate mrangguli bocah kang manggoni kamar kasebut. Mbok menawa
sing nyewa pinuju KKN apa gek preinan, aku yo ora mudeng.
Nganti ing sawijining dina, nalika pada cangkruk ing
teras ngarep omah; aku sing isih kapitung yunior, takon marang bocah-bocah.
“Mas sing manggon kamar ngarepku kok rak tau ketok yo?
Apa gek KKN po yo?”
“Wow…. Cah iki rung ngerti sejarah to!” sing nyauri
mas Jatmika, mahasiswa teknik mesin, asli Karanganyar. Disambungi karo
bocah-bocah liyane sing pada cekikikan, aku melu mesam-mesem banjur nyambungi.
“Sejarah apa to mas? Mbok aku dicritani.”
“Mal… Jamal… kuwi diterangke. Dijlentrehake masalah
kamar misterius, gen ra penasaran.” Mas Jatmika ora mangsuli pitakonku, nanging
malah kongkonan Mas Jamal sing lagi asyik udut sedal-sedul ing lincak. Sing
dikongkon malah nyedot rokok-e jero banjur kebule disebul kenceng mendhuwur,
sinambi nguyu ngatonake untune sing loreng-loreng ireng putih merga kakean
olehe seneng udut.
“Sst…. Heh ndul mengko kowe nek bar tak critani aja
njuk pindah pondokan lho yo.” Mengkana Mas Jamal bukani critane.
“he he…. Lha emange ngapa to mas?” aku gumuyu lan
sangsaya penasaran karo omongane mas Jamal.
“Wes mal… langsung wae. Rak sah kakean pertimbangan.”
Mas jatmika nyelani rembug.
“Kowe ngerti rak?” bocah-bocah banjur pada meneng karo
nyomak-nyamuk ngemil kacang godog olehe aweh Yu Gemi nalika mas Jamal miwiti
olehe crito. Aku uga melu meneng ora nyauri pitakone mas Jamal, merga pancen
kuwi dudu pitakon kang kudu tak wangsuli.
“Kamar kuwi, saben malem jumat wage….” Mas Jamal
meneng sedelo karo ngrawuk kacang godog saka piring.
“Lampu kamar-e kae, saben bengi tengah wengi sok murub
dhewe. Banjur kadang kala keprungu suarane kaki tuwa kang ngrintih-ngrintih,
kaya-kaya lagi ana sing ditangisi. ” Sambunge karo ngletisi kacang.
“Padahal…… kowe ngerti ra? Kamar-e kuwi genah kuncinan
rak tau dibukak.” Tutuge karo nyeleh kulit kacang kang ana gegemane ing asbak
rokok
“Apa sampeyan ora tau ngincen saka jendela mas?”
tekonku penasaran.
“Weee….. aja neh kok ngincen saka jendela. Wong arep
nyedak wae wes mrinding kabeh je. Apa maneh jendela kuwi rak tau dibukak.”
Saure.
“Kowe wes ngerti rung? Ning pawon sing biasane mbok
liwati yen arep adus kae, ana kuburane cilik. Hiii……” Yitno ujug-ujug melu
nambahi critone mas Jamal.
“Ah… mosok Yit? Ning sisih endi aku kok rak ngerti.”
“Lha kowe apa rak tau mambu menyan lan kembang kuburan
yen liwat pawon?” Yitno malah malik pitakonku.
“Ya kadang kala mambu sih.”
Pancen tak akoni dhewe, kadang kala aku sok-sok mambu
menyan diobong lan arum-e kembang kenanga yen pinuju liwat pawon. Ning kuwi tak
anggep perkara kang biasa tumrape daerah Ngayogjakarta, kang pancen kabudayaan
kejawene isih kuat.
“Lha ya kuwi, biasane angger bubar magrib dina selasa,
mbuh selasa wage mbuh selasa paing, kuburane kuwi dicaosi daharan.” Yitno
njletrehake.
“Njur kuwi maksud-e apa Yit?”
“Lha yo embuh?” saure cekak.
“hmmm……. “ Aku mung unjal ambegan, karo ngiro-ngiro
ing njero batin.
“Apa mbah Prawira kuwi ngingu pesugihan? Wah nek
saumpama iya, gek-gek olehe loman maringi panganan bocah-bocah iki ngemu karep.
Bocah-bocah arep dienggo wadal, termasuk aku sing wes melu ngrasakne pawewehe,
hiii. Ah nanging aku durung tau krungu crita ana bocah pondokan sing mati
ndadak. Apa wadale mengko jupuk saka anak turunku….”
Mikir tekan semana aku banjur nyoba takon marang
bocah-bocah, kanthi suara lirih kuatir yen krungu dening Mbah Prawira, mundak
dadi gendra.
“Eh… mosok Mbah Prawira ngingu pesugihan?”
“Husshh…. Ora waton kowe kuwi! Genah ne ora to le,
wong Mbah-e kuwi sregep ning mesjid lan tahilan jee.” Mas Jatmika sing kagolong
paling senior kang mangsuli pitakonku.
“He he…. Sorry mas.” Aku rumangsa salah karo pitakonku
kang setengahe dakwa.
OOOOOOOOOOOoOOOOOOOOOOO
Bubar oleh crita saka konco-konco, aku malah dadi sangsaya penasaran pengen mangerteni crita kang sejatine perkara kamar suwung kasebut. Isuk kuwi aku pinuju ora ana kegiatan ing kampus, lan kok ya pas kebeneran udane ngreceh kawit subuh mau. Tak sawang menjaba langite sajak isih peteng lan ora ana tanda-tanda yen udan bakal terang. Kamangka iki wes jam sanga, weteng wes krasa luwe merga durung sarapan. Arep metu golek sarapan kesandung dening udan ngreceh.
Bubar oleh crita saka konco-konco, aku malah dadi sangsaya penasaran pengen mangerteni crita kang sejatine perkara kamar suwung kasebut. Isuk kuwi aku pinuju ora ana kegiatan ing kampus, lan kok ya pas kebeneran udane ngreceh kawit subuh mau. Tak sawang menjaba langite sajak isih peteng lan ora ana tanda-tanda yen udan bakal terang. Kamangka iki wes jam sanga, weteng wes krasa luwe merga durung sarapan. Arep metu golek sarapan kesandung dening udan ngreceh.
Aku banjur ada-ada masak indomie kanggo ganjel weteng
senep keluwen. Kesempatan iki mesisan tak anggo buktekne omongane bocah-bocah
wingi kae, jare ing pawone Mbah Prawira ana kuburane. Tiwas kebeneran kahanan
pawon nalika kuwi lagi sepi, Yu Gemi sing biasane jam yah mono gek masak,
sajak-e durung teka saka pasar merga kepothok udan saengga ora isa ndang balik
mulih.
Karo ngenteni banyu ing panci umob; aku milang-miling
goleki ing sisih endi kuburane kuwi. Ing angen-angenku, kuburane kuwi wangune
ora adoh karo kuburan-kuburan ing pemakaman umum ngana kae. Paling ora ana
tanda-tanda yen kuwi kuburan, mbuh pathok, mbuh jubine pawon kang digawe rada
dhuwur lan wangune digawe kotak ngana kae. Lha nanging aku kok ora mrangguli
ciri-ciri kang kaya mengkana kuwi ing pawon iki. Sak ubenge pawon prasasat wes
tak tlesih, tekan pojok-pojok pawon uga wes tak jinglengi, ning meksa ora nemu
tanda-tanda kuwi.
“Ah… Yitna kae paling gur ngapusi. Gur arep
meden-medeni aku wae palingan.” Grenengku.
“Madosi napa mas?”
“Astagfirullahaladzim…….. “ aku jondil kaget nalika
ujug-ujug Yu Gemi wes ngadeg ing lawang pawon karo isih nyangking kranjang
wadah blanjane.
“Anuu… anuu… ko… ko.. kodok Yu.” Saurku sak kena-ne
merga kaget karo keweden yen nganti kaweruhan menawa sejatine aku lagi goleki
kuburan.
Yu Gemi nyeleh kranjange ing dhuwur meja karo nyauri
“Woh…. Kodok nggih mas. Ah.. teng mriki niki anggere
jawah nggih ngoten niku mas. Kodok bangkak-e sami mlebet griya.”
“Lha nggih Yu. Niki wau kula nembe godog mie, lha kok
wonten kodok mlebet saking mriku niku. Kula gusah malah mlajeng mriki niki.”
Aku gawe crita goroh kanggo nutupi rasa kuwatirku. Aku banjur ngrampungake gawe
mie godog.
“Sluman… slumun….. slamettt…… slamettt……” batinku.
“Pun mas, mang paringke ngisor ngriku mawon pancine.
Mangke kersane kula isahi.” Ujare Yu Gemi karo nudingi sisih ngisor meja kompor
kang ginawe saka cor-coran semen.
“Nggih Yu, matur nuwun.”
Aku banjur ndeleh panci tilas anggonku godog mie ing
ngisor meja. Nalika ndeleh panci kasebut, mripatku nyawang ana blendukkan
cilik, dhawane kurang luwih bangsa mung telung puluh centi-nan. Blendukkan kuwi
mujur ngalor ngidul, ing sandinge ana kendi cilik sing wes bleduken, uga ana
pangaron cilik sing biasa kanggo bakar dupa. Lan sing gawe aku rada gragapan,
aku uga mrangguli sisa-sisa kembang lan rajangan pandan wangi kang biasa kanggo
nyekar ing sareyan. Aku babar pisan ora ngira yen sing tak goleki jebul papane
malah ana ing ngisor kompor.
“Hmmm…. Yitna ora goroh. Apa kuwi mau sing dikarepake
kuburan dening Yitna.” Aku benerake omonge Yitna, karo ngrahabi indomie rebus
ing jero kamarku. Sauntara kuwi udan ing njaba wiwit riwis-riwis tekane, lan
langite wes rada padang sithik, senajan thatit lan gluduk kadang kala isih
byar-byar saut-sautan ing angkasa. Panyawangku tak sawatake marang lampu
merkuri PLN kang isih murub merga kasinungan mendung. Dene pikiranku mbleyang
nggagas blendukan cilik ngisor meja kompor mau.
“Ning saumpama bener kuwi kuburan, kok dhawane lan
wangune gur sakmana? Ora kaya kuburan-kuburan biasane ngana kae. Yen gur sakmana
kuwi pantese rak kuburan kucing. Kaya biasane yen aku ngubur kucing sing mati
ning omah ngana kae. Nanging yen kuburan kucing, kok nganti diramut kaya
mengkana. Ndadak dibakari menyan, diwenehi kendi lan kembang kaya patrape
kuburane uwong mati.”
Angen-angenku yo gur mung tekan semana, lan ora arep
golek sisik melik apa sing sak bener-e sing sumimpen ing ngisor meja kompor
kuwi. Merga sing genah paling ngerti mestine yo Mbah Prawira dhewe, saumpama
aku arep nlesih yo mestine ora sopan lan mundak malah gawe perkara sing
ora-ora. Arep tekon Yu Gemi, iyo nek wonge ngerti. Yen ora ngerti terus malah
banjur tekon marang Mbah Prawira, harak malah pada wae alias sami mawon mengko
dadine. Nanging yen dasare aku wong kang pengen serba tahu, yo isih meksa ana rasa
penasaran ing njero atiku. Sepisan perkara kamar suwung ngarep kamarku kuwi,
lan saiki malah ketambahan kuburan cilik.
OOOOOOOOOOOoOOOOOOOOOOO
Dina kuwi aku bali rada kewengen, merga ana kegiatan ing kampus. Tekan ngomah wes meh jam rolas-an. Mlebu kamar langsung gletak ing kasur, tas gawanku angger tak deleh brukk ngana wae ing sisih dipan. Arep adus isih aras-arasen, arep mengko-mengko wae karepku; senajan awak rasane pliket kabeh. Merga saking keselku, ora krasa mak sliyuttt…. Aku keturon ngana wae.
Dina kuwi aku bali rada kewengen, merga ana kegiatan ing kampus. Tekan ngomah wes meh jam rolas-an. Mlebu kamar langsung gletak ing kasur, tas gawanku angger tak deleh brukk ngana wae ing sisih dipan. Arep adus isih aras-arasen, arep mengko-mengko wae karepku; senajan awak rasane pliket kabeh. Merga saking keselku, ora krasa mak sliyuttt…. Aku keturon ngana wae.
Nanging lagi oleh sakwetara olehku keturon. Mak
jenggirat! Aku tangi kaya wong kaget. Saka rumangsaku kaya ana wong kang
nggugah anggonku turu. Pawongan kasebut kanggo sandangan beskap, blangkone
ireng wulung, praupane kereng merbawani lan nyikep keris. Aku digetak lan
dipisuhi arep dipateni. Merga saka wediku, aku bengok-bengok njaluk tulung.
Aku lenger-lenger ing dhuwur dipan, karo nata ambegan kang isih munggah muduh keweden. “Alah… tujune kok mung dapur ngimpi. Iki rak merga aku kekeselen wae.” Grenengku ing batin.
Aku lenger-lenger ing dhuwur dipan, karo nata ambegan kang isih munggah muduh keweden. “Alah… tujune kok mung dapur ngimpi. Iki rak merga aku kekeselen wae.” Grenengku ing batin.
Arep neruske turu maneh wes kagol. Aku banjur metu
kamar arep adus wae, merga wes rak betah karo rasane awak kang pliket kabeh.
Nalika ngliwati lurung pawon, mak prinding…. Githokku mengkorok kelingan
kuburan cilik ing ngisor meja kompor. Apa maneh sajake lagi bar disekar, sebab
gandane kembang lan menyan dulek irung. Senajan atiku rada cilik lan jantungku
deg-deg-kan; meksa tak wanek-wanek wae.
“Sluman slumun slamet… aku turune nabi Adam, golongane
manungsa kang luwih pinunjul tinimbang mahluk-mahluk liyane” grenengku kanggo
gedek-gedekne atiku.
“Slamet… slamet… Alhamdulillah bebas saka gangguan.”
Batinku nalika bubar adus.
Aku iso mesem sithik saikine, atiku wes ora keder
maneh.
“Alah… deneya yo ora ana apa-apa. Tiwas aku keweden
huh…” ucapku lirih karo nglirik pernah ngisor meja kompor. Mangsiya mengkana
olehku mlaku ya rada tak gawe cukat, piye-piyea ing jero ati ya isih ana rasa
wedi-wedi sithik.
Nalika arep mlebu ing ruang tengah, jangkahku kadeg
saknalika. Jantungku kaya wes pedhot-pedhota, awakku lemes sak-kal. Arep
jumangkah wes ora kuwat, arep mbengok, tangen bisa. Gur mripat kang isih mlolo
nyawang pernah kamar suwung. Aku kaget kapirungan merga saiki aku nyekseni
dhewe dene kamar suwung kuwi lampune katon murub, katitik saka sela-selane
bolongan angin-anginan ing dhuwur lawang, ana cahya lampu kang clumorot metu.
Lan sing gawe aku sangsaya wel-welan merga saka njero kamar keprungu suara
tangis mingseg-mingseg.
Aku mung gadeg ngejegrek nganti sautara wektu ing lawang butulan. Swasana kang sepi lan peteng sangsaya gawe keder atiku. Aku meneng karo dremimil donga ing njero ati saengga sithik baka sithik, aku wes iso ngendalekne atiku. Ambeganku sing kregosan merga keweden campur kaget wiwit tak atur maneh. Otot balungku kang lemes wiwit ana kekuatan maneh, getihku wes ora ser-ser-an lan wiwit ana sak tlenik kuwanen ing jero atiku.
Aku mung gadeg ngejegrek nganti sautara wektu ing lawang butulan. Swasana kang sepi lan peteng sangsaya gawe keder atiku. Aku meneng karo dremimil donga ing njero ati saengga sithik baka sithik, aku wes iso ngendalekne atiku. Ambeganku sing kregosan merga keweden campur kaget wiwit tak atur maneh. Otot balungku kang lemes wiwit ana kekuatan maneh, getihku wes ora ser-ser-an lan wiwit ana sak tlenik kuwanen ing jero atiku.
“Kowe dudu bocah jirih.” Kaya ana sing bisiki atiku.
Lan kuwanenku sangsaya kandel, apa maneh bareng kelingan karo rasa penasaranku
kanggo bedah misteri kamar suwung kang sak suwene iki mung dadi pitakonan ing
njero atiku.
Alon-alon aku mlaku nyedaki pernah kamar suwung kuwi.
Mlakuku sengaja tak gawe jingkat-jingkat, pamrihe aja nganti ana sing krungu
lan jugarake anggonku arep mecahke misteri kamar suwung. Nalika wes cedak, aku
banjur nyoba ngincen saka bolongan kunci. Nanging aku ora nyumurupi apa-apa ing
njero kamar kasebut, kejaba mung katon dipan kang dilambari sprei putih.
Sauntara kuwi suara tangis isih keprungu saka njero kamar. Aku nyoba ngliling
goleki pernahe suara kasebut, nanging tetep wae aku ora bisa mrangguli sapa
kang nangis sesengukan kasebut merga winatese bolongan kunci. Arep ngunggak
saka dhuwur lawang, ora gaduk. Lan emane ora ana barang kang iso kanggo
ancik-ancik, arep njupuk kursi samar yen mengko malah gawe glodakkan. Sidane
aku mung neruske olehku ngincen saka bolongan kunci.
“Oaalah cah ayu, kok ya nganti semana olehmu tegel
ninggalke aku. Banjur suk kapan olehmu arep mbalik mrene. Aku tansah ngenteni
tekamu, nganti suk kapan wae. Kamar iki yo gur kowe sing iso bukak. Yo mung
kowe kang nyekel kuncine. Semana uga atiku.”
Keprungu suara panelangsan saka njero kamar kasebut,
diselani karo tangis mingseg-mingseg. Yen tak gatekne suara kasebut jelas yen
suarane wong lanang, lan kaya-kaya kok suarane memper karo suarane mbah
Prawira. Ah apa iya kuwi suarane mbah Prawira?
Aku wes ora sabar maneh pengen mbuktekne apa kang dadi
wadine kamar suwung kuwi. Tanganku nyandak gagang lawang, banjur tak untir
alon-alon arep tak bukak. Nalika tak rasa wes cukup anggonku nguntir, banjur
lawang tak surung. Ananging durung nganti lawang mengga, ujug-ujug keprungu
suara sandal diseret ing jogan lan sajake ana pawongan kang arep tumuju ing
ruang tengah iki. Gageyan aku ngeculne gagang lawang lan banjur setengah mlayu
mlebu menyang kamarku, banjur ethok-ethok turu karo isih masang kuping, nganti
mak less…. Aku keturon ngana wae.
Tangi-tangi wes jam pitu, srengengene wis nangkring
ing sela-selane pang wit jambu klutuk. Manuk prenjak pating cruwet, ngoceh rame
banget ing kebonan. Aku gage-gage menyat menyang jeding, adus gebyar-gebyur
terus siap-siap mangkat menyang kampus. Dina iki isih ana kegiatan kang kudu
tak tekani, jadwale jam wolu esuk. Bubar dandan sakpantese, banjur metu kamar
siap mangkat. Ora lali ngunci kamar.
“Kerinan nak?” Mbah Prawira ujug-ujug wes gadeg ing
buriku lan nyapa aku. Kamangka rumangsaku mau ora ana sapa-sapa ing ruang
tengah iki. Aku mangsuli karo rada kaget.
“Inggih mbah…”
“Lha iya to nak, nek tilem niku ampun dalu-dalu.”
Aku mung mesem, dituturi ngana kuwi karo Mbah Prawira.
“Dalem bidal rumiyin Mbah.”
Mbah Prawira manthuk sinambi ngulatke aku karo
penyawang sing rada aneh. Aku banjur mlaku mecaki lurung tumuju ing dalan gede.
Atiku isih gojag-gajeg mikirke panyawange Mbah Prawira iki mau.
‘Apa Mbah Prawira ngonangi olehku nginjen kamar suwung
mau bengi apa piye ya? Kok panyawange sajak ngemu teges sing kepiye, sing gawe
goreh atiku’ bantinku.
Merga ngalamun lan kagawa ati goreh, aku nganti kurang
prayitna ngulate dalan ngarepan. Nalika arep menggok metu saka lurung, aku ora
ngawaske yen saka ngarepan ana pawongan numpak sepeda onta kang uga arep
menggok mlebu lurung.
“Eeee……. Eee..” grubyak! pawongan lan sepedahe
nyungsep ing pager hidup merga ngendani aku. Aku kang rumangsa salah, banjur
age-age nututi sakperlu aweh pitulungan.
“Wahh… ngaputen nggih Mbah.” Aku njaluk ngapura marang
pawongan sepuh kang mengkurep semampir pager lan kebrukan sepedah.Aku nyandak
sepedahe terus tak jagangake, banjur arep genti nulungi wong sing dhuwe sepeda.
Nanging saiba kagetku, jebul pawongan kasebut Mbah Prawira. Jangkahku kandeg
lan domblong nyawang Mbah Prawira kang pringas-pringis karo nyekeli boyoke.
“Lha terus sing tak pamiti mau sapa?”
[Cuthel].
Sumber: http://romansecuil.blogspot.co.id/
0 komentar:
Posting Komentar