[Crito Alaming Lelembut dimuat ing Panjebar Semangat]
Ing kampungku
ana wewaler (kapercayaan) kang ora ngolehake wargane nanggap wayang, kethoprak,
ludruk lan sakpiturute kang kudu migunaake prangkat gamelan kanggo ngiringi
tontonan kasebut. Miturut crita kang nate dak tampa saka wong-wong tuwa, jarene
sing baureksa utawa danyange kampungku sing ora maringi palilah. Danyang sing
dikarepake yakuwi sing sumare ing ngisor wit Jrakah ing sakpinggire kali sisih
kidul. Wong-wong ngarani Mbah Gending, kaya ngapa mula bukane kok diparapi Mbah
Gending? Ora ana katrangan kang gumathok. Pokok-e wong-wong ngarani ngana kuwi.
Lan saka crito
turun temurun uga. Buuuiyeennn….; jarene nate ana warga sing nerak wewaler
kasebut nalika pinuju dhuwe gawe mantu anake. Dhek semana para pinisepuh desa
wes aweh pitutur supaya ora usah ndadak nganggo nanggap wayang barang olehe
dhuwe gawe. Ananging pitutur kuwi malah disepelakake dening sing arep dhuwe
gawe, jarene kuwi lak mung crita gugon tuhon wae. Lan akibate nalika tiba ing
dina gawene, wiwit esuk nganti wayah bengi, sedina muput udan angin lan bledek
nyamber-nyamber ora karu-karuan mbarengi karo wayangan sedalu natas kang lagi
digelar. Lan sing luwih nrenyuhake nalika wayah nyedaki wanci gragat rahina,
nalika suasana isih peteng repet-repet, ketambahan udan sing isih ngreceh.
Ujug-ujug ana wong kang bengok-bengok ngabarake yen ngantene lanang wedok ilang
saka tilamsari. Swasana dadi geger saknalika, kabeh brayat pada bingung ngalor
ngidul goleki. Cekakaos-e, manten anyar kasebut tinemu wes dadi layon kemambang
ing kedung kang dumunung persis ing sak-ngisore sareyane Mbah Gending. Kamangka
ora ana sing mangerteni kapan lan liwat endi anggone temanten lanang wadon
kasebut anggone metu saka omah. Lan wiwit dhina kuwi, warga dadi percaya banget
ngenani anane wewaler kang ora ngolehake nanggap tontonan kang nganggo iringan
gamelan utawa gending, aja maneh kok nanggap wayang utawa kethoprak. Lha wong
nuthuk gambang wae ora ana sing wani, wedi yeng kena walad lan digawa lunga
dening Mbah Gending, didadekne niyaga ing alaming lelembut kana.
“Kowe ya ngandel Ma, karo crito kuwi?” pitakone Yanuar marang aku, nalika pada mancing ing kali mburi omah.
“Kowe ya ngandel Ma, karo crito kuwi?” pitakone Yanuar marang aku, nalika pada mancing ing kali mburi omah.
“Yen aku yo
antarane percaya karo ora. Percaya merga nyatane ora ana warga sing wani
nanggap wayang utawa nabuh gamelan ing desa kene. Ora percaya merga durung tau
ngalami dhewe.” wangsulanku.
“Nek, aku kok
percaya.” Yanuar nanggapi wangsulanku karo ngekep udut sinambi nyambit walesane
merga krasa ana iwak sing nyaut pancinge. Nanging sajake ora kena, kurang cepet
olehe nyaut.
“Soale wes akeh
kedadeyan nyalawadi sing nate dak runggokne saka wong-wong. Mbuh kuwi bener
mbuh ora. Nanging kuwi ora pisan pindho kedadeyan, dadine aku yo melu percaya
ngana wae.” Bacute karo masang bangi cacing ing mata pancinge, rampung olehe
masang bangi walesan banjur diulur menyang kali maneh.
“werrrr…..
kecipuk” swara mata pancing nalika nyemplung ing banyu. Yanuar banjur bali
lungguh ing oyot randu alas kang pating petongkol gede-gede ing pinggir kali,
banjur nyaut udut-e lan mbaleni anggone ngekepi udut sinambi nguwaske gagang
walesane. Swasana bali amem, aku isih konsentrasi karo anggonku mancing semana uga
Yanuar.
“Lha emange
kowe tau krungu crita apa wae Yan?” pitakonku mecah sepining swasana.
“Ya werna-werna.”
“Ya werna-werna.”
Karo tanpa
nguwaske aku Yanuar banjur bacutake olehe mangsuli pitakonku.
“Kaya Mbah
Tumisih kae, jarene pas bengi-bengi nalika arep bebuang ing kali ditemoni
dening baya putih ingon-ingonane Mbah Gending. Nalika semana beneri pas padang
bulan, dadine najan samar-samar banyu kali katon lerab-lerab. Lha pas arep
mudun ing banyu, Mbah Tumisih banjur balik mulih wurung anggone arep bebuang
merga meruhi baya putih sak dipan gedene ing tengah kali, matane mencorong sak
bal tenis. Lha kowe rak ngerti dhewe apa ya mokal ing kali iki ana baya sakmana
gedene tanpa diweruhi wujud-e dening wong-wong, sak-umpama kuwi dudu barang
alus. Mokal tho?”
Aku mung
manthuk mesem wae ora mangsuli pitakone Yanuar kasebut.
“Lan jebule ora
mung Mbah Tumisih sing tau diweruhi baya putih kuwi. Ibuku dhewe uga tau
ngalami, kedadeyane meh persis karo sing dialami dening Mbah Tumisih. Nalika
kuwi uga bengi wayah padang bulan, mung bedane Ibuku ora nyumurupi blegere baya
putih kasebut. Gur krungu swara banyu jemlegur kaya kejeguran barang gede. Lan
kacek sedilut saka suara jemlegur kasebut, ana wong jala kang sajak
kedungsangan mentas saka kali. Nalika ditakoni dening ibuku, geneya kok ora
sida golek iwak. Jarene, ‘ora oleh dening Mbah-e, lha nika baya putih
ingon-ingonipun Mbah-e jrebabah ting lepen.’ Sing dikarepake ingon-ingone Mbah
Gending. Mestine yo baya siluman.” Jlentrehe
“Trus maneh,
Mbah Samijo, Mbah-e Darto sing tegalane persis ing sisih wetane wit Jrakah
kae.” Ujare Yanuar bacutke oleh crita karo nudingi pernahe wit Jrakah kang
katon ngedangkrang nggayuh angkasa, godonge wes arang kading merga saking
tuwane.
“Nalika
ringkes-ringkes arep mulih saka tegalan, merga wes surup. Diweruhi macan
gembong sak gudel gedene, wernane putih loreng-loreng ireng lagi ndekem ing
ngisor wit jrakah, persis ing sisih tengene kuburane Mbah Gending. Mripate
mencorong ngawaske Mbah Samijo, karo nggereng ngisis siyunge. Mbah Samijo
banjur keplayu nganti kepuyuh-puyuh jarene. Hi hi……” ngana olehe crita karo
gemuyu bayangake Mbah Samijo sing kepuyuh-puyuh merga ditemoni macan siluman
ingon-ingone Mbah Gending. Semana uga aku melu kudu guyu bayangake kedadeyan
kuwi.
“Husss…. wong
tuwa digeguyu, dosa! Tur maneh jarene ora ilok ngomongke bangsa siluman ing
panggonan sepi ngene iki, apa maneh sing mbok rasani kuwi sing mbaurekso desa
kene, yo termasuk kali sing saiki mbok pancingi iwake iki.” Tembungku nanggapi.
Adzan luhur
keprungu ngaluk-aluk saka corong speaker langgar, ora krasa setengah dina wes
tak liwati karo Yanuar ing pinggir kali. Mancing olehe ora mingsra, gur oleh
iwak bloso papat karo kleting sewelas iji.
“Bali wae yo
Yan, wes bedug luhur.” Pangajakku marang Yanuar.
“Wah gek oleh
sithik je” saur-e sajak gela.
“Wes bedug!”
tembungku karo wiwit nggulung pancing lan ringkes-ringkes arep mulih. Yanuar
senajan kagol sidane uga melu ringkes-ringkes.
“Eh… mengko
bengi enake branjang wae yo.” Yanuar usul marang aku, sajake isih durung trima
merga oleh iwak sithik. Kanggo nglegani atine kanca kenthelku kuwi aku manthuk
ngiyani.
“Sippp…. Mengko tak nembung nyilih branjange Mbah Poni.” Aloke kebak krenteg.
-----------------QAP---------------------
“Kula nuwun, Mbah ajeng ngampil branjange nggih?” uluke Yanuar karo amping-amping lawang omahe Mbah Poni.
“Sippp…. Mengko tak nembung nyilih branjange Mbah Poni.” Aloke kebak krenteg.
-----------------QAP---------------------
“Kula nuwun, Mbah ajeng ngampil branjange nggih?” uluke Yanuar karo amping-amping lawang omahe Mbah Poni.
“Mangga, sapa
ya?” sing dhuwe omah age-age methuke tamune.
“Ooo…. Kowe tha
Yan? Ana apa le?” Mbah Poni dhewe sing metu methuki aku lan Yanuar.
“Inggih kula Mbah. Ajeng ngampil branjange Mbah.” Tembunge Yanuar.
“Inggih kula Mbah. Ajeng ngampil branjange Mbah.” Tembunge Yanuar.
“Arep nyilih
branjang, lha anu iku le… branjange durung tak jait. Wingi jebol nalika oleh
iwak gede wingi kae, rung kober jait.” Yanuar sajak gela atine oleh wangsulan
kang kaya mengkana.
Lan sajak-e
Mbah Poni tanggap ing sasmita, banjur ada-ada nyilihi jala.
“Nek njala wae
piye le?”
Yanuar nguwaske
aku, sajak njaluk pertimbangan saka aku. Kuatire yen aku wegah yen dijak njala
iwak, merga yen jala genah ndadak kudu kungkum ing jero banyu. Ora kaya yen
branjang, kari metingrak ing dhuwur gubug wae. Aku manthuk kanggo aweh sasmita
marang yanuar, yen aku uga oke-oke wae, ora dadi masalah yen kudu jala.
“Nggih pun
boten napa-napa Mbah.” Wangsulane Yanuar. Sing dhuwe omah banjur mlebu, let
sedela wes metu maneh karo nyangking jala-ne.
“Ki le jala-ne.
Yen arep gawa kepis, kuwi kepis-e cemantel ing kulon omah.” Mbah Poni masrahake
jala karo nawani nyilihi kepis wadah iwak sisan.
“Arep jala ning
endi?” pitakone sakbanjure.
“Teng lepen
kidul mriku mawon mbah.” Aku sing mangsuli, merga yanuar wes dhisiki laku arep
jupuk kepis ing kulon omahe mbah Poni.
“Ning kali? Yo
sing ati-ati yo le. Padang bulan ngene apa yo ana iwake?” saure Mbah Poni sajak
ngemu surasa sing beda.
“He he…. Nggih
mbah… matur nuwun. Mangga Mbah.” Aku pamitan karo Mbah Poni banjur nyusul Yanuar.
Aku lan Yanuar
miwiti jala saka kali sisih wetan, saka ngisor kretek cedak karo kedung Bunder.
Yanuar sing jala, dene aku sing madahi iwak utawa urang ing jero kepis. Bengi
kuwi beneri wayah padang bulan, langit-e sumilak resik, lintang-lintang pating
kerlip ing angkasa. Banyu kali kanton lerab-lerab mantulake sunare bulan kang
bunder moblong-moblong. Angin sumilir midit, sinambi rengeng-rengeng lan ngekep
udut, aku sakkloron tambah semangat anggone jala iwak. Bengi iki sajak beda
banget, wayah padang bulan nanging iwak kodo pating pretungkul baris ngambang
ing banyu kali. Semana uga urang-e gede-gede pada pating slurut mletik-mletik
ing tengah kali.
Merga saking
seneng-e oleh iwak ora krasa yen lakuku wong loro sangsaya mengulon… mengulon,
lan sangsaya nyedaki wit Jrakah kang gede mbregagah ing punden-e Mbah Gending.
Kesorotan sunare bulan, dadi nambahi swasana angker-e. Ora graita yen wengi
sangsaya ngancik tengah wengi, katitik saka dununge bulan kang benere ing
pucuking angkasa. Ujug-ujug aku krasa mak prinding, wulu githokku mengkorok
merga ana suara manuk bence. Sajake suara kuwi saka wit Jrakah.
“Yan…. Atiku
kok ujug-ujug rasane ora kepenak yo.” Aku bisik-bisik marang Yanuar. Atiku
ketar-ketir merga saiki ngepasi ing ngisor ayang-ayange wit Jrakah.
“Alah… kuwi rak
gur merga ana manuk bence kuwi mau tho?” saure sajak ayem wae, karo narik
jala-ne alon-alon. Yanuar katone wes lali karo critane dhewe mau awan, merga
wes kepilut dening iwak lan urang kang sajak ngiwi-ngiwi njaluk di jala.
Lan ora let
suwe saka suara bence kuwi mau, banjur keprungu lamat-lamat wong nabuh gamelan…
“ning… nong… ning… gonggg… ning… nong… ning.”
Atiku sangsaya
ciut, apa maneh ngelingi anggonku jala saiki iki persis ing pundene Mbah
Gending. Pas ing kedung sak ngisore wit Jrakah.
“Sttt… Yan,
kowe apa ora krungu swara gending Yan?” aku bisik-bisik karo mepetke awakku
merga keweden.
“Krungu… paling
Lik karmin lagi nyetel radio. Ngrungokne wayang saka Dirgantara FM” saure karo
nguncalake jala-ne.
“Wah… mokal yen
kuwi radio Yan. Omahe lik Karmin adoh saka kene.” Wangsulanku was sumelang,
mengko gek ditemoni karo sing baurekso yaiku Mbah Gending.
Yanuar ora
semaur, merga lagi narik jala lan sajak kabotan.
“Wah… oleh iwak
gede. Ewangana narik jala-ne”
Aku banjur
rewa-rewa nulungi Yanuar narik jala. Pancen yo abot temenan, nek ora oleh iwak
gede yo banggok barang abot ing jero kali. Alon-alon jala tak gulung wong loro,
sithik baka sithik katon barang gede gilap-gilap kena sunare rembulan. Sajak-e
iwak gedhe sing kesangkut ing jero jala, ketara saka sisik-e mantulake cahaya
bulan.
“Wehhh…. Apa
kuwi?” tembunge Yanuar jola karo ngipatake jala nalika weruh jebul sing
kesangkut ing jero jala endas ula sak glugu gedhene. Aku kamitetegen sautara
ing jero banyu, ora isa obah ora isa gembor, otot banyuku kaya dilolosi, sikil
rasane wel-welan; meruhi ula kang ora sakbaene kuwi. Mripate mencorong kuning
semu abang kaya-kaya mentelengi Aku, dhuwe cengger wernane abang kaya patrape
pitik jago, ilate melet-melet, lan sing luwih gegirisi maneh…. Awake ula tak
sawang semampir mlanggrang saka pucuking wit Jrakah, mluntir-mluntir ing pang,
dhene ndas-e ing jero banyu ing ngarepku persis.
Sadar ing
kahanan kang ora sabaene kuwi, aku banjur mlayu nututi Yanuar sing wes dhisiki
mentas. Kepis kang menceb-menceb kebak iwak kodo lan urang tak kipate ngana
wae, penting mlayu golek slamet timbang diuntal mentah-mentah dening ula
daden-daden ingon-ingonane Mbah Gending. Tekan ngarep omah terus ambruk
nglimpruk ing lincak, lemes, banjur mak pet… ora eling apa-apa, weruh-weruh wes
dadi layatane wong akeh. [cuthel].
Sumber: http://romansecuil.blogspot.co.id/
0 komentar:
Posting Komentar