Selasa, 05 Januari 2016

Cerkak



Cerkak "Ira" -- dimuat di rubrik "Alaming Lelembut" Mingguan Panjebar Semangat No. 20 - 17 Mei 2014
Dening Anjrah Lelono Broto
    Dalijo bola-bali nilingake arlojine. Ora merga arlojine kuwi umure isih karo tengah minggu, nanging pawongan kang menehi arloji kuwi kok ya ora gagetilpun utawa kirim SMS. Sejatine dhurung suwe olehe nunggu nanging gawane notoling ati, rasane Dalijo wis telung abad olehe ngejejer sapinggiring ratan kuwi.
    Ora mung sepisan, Dalijo nginguk prapatan. Atine ngarep-arep bis kang mondhong wanodya merak ati kuwi gage ndang tekan. Isuk mau Dalijo wis keprungu swarane liwat tilpun. Nanging kaya dhene ukara-ukara tembang campursari “LayangSwara”, kangen ing atine Dalijo ora bisa oleh tamba yen dhurung sapatemon, dhurung lungguh jejer, dhurung ngunu, dhurung ngunu.
    Kanthi pawadan anthuk jejibahan melu diklat, Dalijo ninggalake anak bojone kanggo tetemonan klawan kembang impene selawase iki. Klawan wanodya kang lagi maringi hadiah arloji merk larang ing ulang taune wingi. Wanodya kuwi jenenge Erawati, nanging kaprah diundang Ira. Pacare Eddy, kanca sakkosane Dalijo jaman kuliyah mbiyen. Jaman semana, ora ana perasaan apa-apa antaraning kekarone. Ira kelet klawan Eddy lan Dalijo iya mepet wae klawan Sri, sing saiki jejer ibu anak-anake Dalijo.
    Nanging nalika limang wulan kepungkur kekarone ora sengaja ketemu ing reuni kampus, Dalijo lagi ngerti yen Ira lan Eddy ora kebacut lungguh jejer ing kwadhe kaya dheweke lan Sri. Ira disunting duda pilihan wong tuwane kang mubra-mubru jejer kepala BKD ing kutha klairane. Dene Eddy malah rabi klawan anake ibu kost. Jarene Ira, Eddy sempat liwung nalika pedhot klawan dheweke. Ing liwunge, Eddy kenal inum-inuman keras lan saba diskotik saben wengi.
    Dudu bab mblasaring Eddy kanca sakkostane kang narik atine Dalijo. Moblong-moblonge Ira kang njilma lintang panjer rina, beda adoh karo jaman semana. Ira kang saiki ayu dhenok-dheblong persis bintang tipi Syahrini kuwawa gawe kroncalaning ati lanange Dalijo. Guru prasaja kang selawase iki ora tau neka-neka, apa manehnganti wani ramban tandurane tangga, dina iki ketaman wuyung kelas berat marangkanca kuliyahe mbiyen, kamangka kekarone pada mengku bale somah, kegandolan bojo-kegandolan anak.
    Dalijo saya njungkir walik nalika tanpa saru-siku Ira “curhat” ngenani sesangganing jejer garwa duda tuwa kang wis apeputra. Yen ora amarga bektine marang wong tuwa, ora mungkin Ira gelem dadi bojone wong tuwa kang orang gantheng lan wis ora prakosa jroning ngayahi kuwajiban minangka guru laki. Guru mapel Bahasa Daerah kang ora nate ndhuweni panggantha sundul wuwung kuwi kaya ketiban duren nalika wanodya kang weweg lencir kuning kuwi nuduhake sinyal-sinyal ora sabaene marang dheweke. Gegambarane keng garwa, Sri, jroningatine Dalijo ilang kesilep ngujiwate esem lan liringe Ira.
    Dumadakan ana kang gumeter ingsak clanane Dalijo. Mung sepisan. Berarti ana SMS kang mlebu HP-ne. Pindha manuk emprit nyamber walang sangit, Dalijo gage mbukak flip HP-ne. “Sori Mas,telat. Ngarang alibi sing apik dhisik. Tapi, njenengan rak wis njamu se?Wkwkwk,”
    SMS kuwi ora gage dibales. Makaping-kaping ukara-ukara SMS kuwi diwacadening Dalijo. Lambene mesam-mesem dhewe. Kaya bocah es-em-a, Dalijo malah mbenakake surenan rambute. Bola-bali nginguk pasuryane ing spion sedan tuwane. Dheweke kaya ora yakin yen prejengan kaya dheweke bisa mbethot atine wanodya merak ati kaya Ira.
    Ora let suwe. Bis kang diantu-antu wiwit mau njedul ing prapatan. Saka wetenge mudhun widadari apraen Syahrini, gurawalan Dalijo methuk. Anak putu Adam kang wis ora enom maneh kuwi gopyak-gapyuk kaya sewindu ora ketemu. Tanpa sungkan, Ira ngesun pipine Dalijo kang isih mlenggong nyawang Ira kang dibungkus jaket lan clana mlepet. Nganti apa kang tumempel ing anggane pating pecothot narik mripat lanang ing ngendi wae.
    Ana swara suit-suit saka njerobis kang wiwit mlaku maneh, nanging kekarone ora keguh. Dalijo gage nggandheng tangane Ira nuju sedan tuwane kang diparkir sangisoring cemara. Ira dhewe ora gelem kalah. Tangane ngranggeh bangkekan lan sirahe disendhekake ing pundhake Dalijo. Ing langit kulon, srengenge sabtu sore pamit ndhelik ing walike gegodhongan kutha Batu kang adem.
*****
    “Lho, kok mrene, Mas Jo!!” serune Ira ngalem.
    “Keneng apa? Apa villa-ne kurang asyik?” saute Dalijo. Tangan tengene isih mangkring neng stir sedan tuwane, sedheng tangan kiwane embuh mrambattekan ngendi.
    “Aja neng kene. Mengko yen mlebu-metu gampang dititeni uwong. Aku asring ngancani bojoku ana acara neng cedhak-cedhak kene,”
    “Oalah.. Tapi, yen mlebu-metu ngunu kuwi rak ya malah enak ta, Ir?”
    “Mas Jo iki nakal,” jiwitan cilik mampir neng bangkekan. Ora ana sing kelaran, sing dijiwit malah mesam-mesem lali sembarang kalir. “Mbok sing mesrata, Mas. Ngundang Yang tah Say rak ya luwih nyamleng neng kuping,”
    “Oke, Sayangku... Cintaku... Manisku...” ora kari ganti tangane Dalijo kang njawil janggute Ira. “Terus iki menyang endi? Aku selak ora kanthi je...”
     “Ngalor, Mas Jo. Aman,” Ira ndhelikake raine ing dadane Dalijo. Dalijo njingkat kerih, selawase Sri ora tau uwil-uwil dadane. Meh wae mobil neng ngarepe diambung bokonge. Untunge, senadyan sedan tuwa, rem-e isih pakem.“Tenang, Mas Jo.. Santai. Mengko yen wayahe rak luwih kepenak,”
    Sedan tuwa kuwi jablas ngarah kutha Batu sisih lor tengah. Sanjabaning sedan tuwa kuwi, hawa adem saya ngrembuyung nalika pandom jam mlaku terus mlaku. Nanging lawe-lawe rarasmara kang jinait Dalijo lan Ira jroning sedan tuwa kuwawa ngusir hawa adem kang njekut, malah ngilekake hawa anget kang jeru. Milining lelakon ngeterake Dalijo lan Ira ing ulegan kasmaran kang nerak angger-angger.
    Ora krasa, akhire sedan tuwa kuwi leren. Ora neng ngarepe villa endah utawa parkirane hotel. Sedan tuwa kuwi malah parkir ing platarane sawijining omah kang mencil ing antaraning wit-witan apel liar. Lampu ngemper lan iringan omah kuwi sumorot remu-remu. Isih kebak esem guyune joko-prawan sumengit, Dalijo lan Ira mudhun lan nothok lawang omah kang mencil kuwi. Sawise kaping pindho uluk salam, saka njero omah keprungu kumleseting sikil.
    Nalika lawang dibukak, sawijining wanodya sakumuran mbakyune Dalijo mapag. Wanodya kuwi nganggo jarik, kebayak, lan sanggulan kaya arep nekani resepsi. Wedak pupure katon mandha-mandha, ganda lenga wangi kang ngambar-ambar saka anggane wanodya kuwi saya metengake mripate Dalijo kang kebacut mendelik-mendelik wiwit mau krana digulet Ira. Kang rada narik kawigatene Dalijo, wanodya kuwi ndhuweni pasuryan kang jibles klawan Ira. Pakulitane, irunge, lambene, lan solah bawane kaya jambe sinigar klawan Ira. Senadyan kayane ora adoh, nanging umur kang kacek ora kena disingidake antaraning Ira klawan wanodya kang saiki paring sasmita supaya kekarone gage mlebu omah. Miturut Ira, wanodya kuwi isih pernah nak dhulure saka ibune.
    Dalijo lungguhan neng ruwang tamu. Ira langsung ngunclug nututi jangkahe tuwan rumah. Pamite menyang Dalijo, kebelet turas. Dalijo nyumet rokok kretek karemane. Keluke kumebul ngebaki ruwang tamu kang prasaja lan sinaput lebu ing kana-kene. Mripate Dalijo disawatake ngubengi tembok lan gendheng omah mencil kuwi. Nanging sakehing kang mampir ing mripate ora ngobahake pikirane kang wiwit mau dikebaki wewayangane Ira kang weweg lan nggoda ati lanange.
    Ora let suwe, wanodya sakumuran mbakyune Dalijo kuwi mencungul sinambi nyangking teh lan apel sakpiring.
    “Tepangaken, kula Sulastri. Dhik Ira menika taksih pernah sedherek klayan kula. Nanging sedherek tebih. Mboten napa-napa, mboten sisah kuwatir, kula kalih Dhik Ira menika sampun ngaten,” Sulastri nggawe isyarat ‘cedhak banget’ nganggo driji-drijine. Dalijo kaya kebo dikeluh, mung manthuk-manthuk, senadyan separo pikirane wis ora gathuk. “Sampun dangu tepang klayan Dhik Ira?”
     Dalijo sepisan maneh mung manthuk. Lambene ngakeb rokok karo nutupi pangrasane kang ora kena diampet maneh. Sulastri mesam-mesem weruh praupane Dalijo kang abang mangar-mangar.
    Keprungu swara dhehem alus saka njero ngomah. Dalijo ora sepira titen, kuwi swarane Ira apa swarane wong liya. Kang mesthi swara dhehem alus kuwi swara wadon. Lan swara dhehem alus kuwi minangka sasmita marang Sulastri. Wanodya sak umuran mbakyune Dalijo kuwi ngadeg, tanpa dinyana cengkir gadinge natap panyawange Dalijo. Guru prasaja kuwi langsung ngeleg idu. Gulu menjinge munggah-mudhun. Ora kalah klawan Ira, senadyan kepangan umur Sulastri isih katon seger lan weweg.
    Sinambi mesam-mesem weruh mripat pendhirangane Dalijo, Sulastri nyablek lengen wong lanang kuwi. “Wis dienteni Dhik Ira neng kamar tengah,”
*****
     Ing kamar ukuran telung meteran kang peteng, Dalijo ngesokake krodhaning hawa nepsune marang Ira. Semono uga Ira. Kekarone sawetara wektu lelumban ing samodraning asmara. Kenyut ing ulegane, Dalijo nganti manut wae nalika Ira nyancang tangan lan sikile ing dhipan. Ing puncake, swarane Dalijo mbengok sora. Dudu bengoke pawongan kang diganjar kanikmatane swarga donya, nanging bengok kelaran kang nuli disambung ngrintih tanpa leren.
    Lampu kamar nuli murub. Ing dhipan, Dalijo klekaran ngglegena tanpa awer-awer adus kringet. Ora ana getih waras kang mili. Nanging praupane Dalijo kaya wong kenthir kang kelangan nalare. Mripate kosong. Lambene ngrintih ngampet lara nanging dheweke kaya-kaya ora ngerteni larane kuwi keneng apa.
    Sulastri mbukak lawang kamar. Wanodya weweg kuwi nyedhaki Ira kang uga ngglegena lan isih njengkeng sandhuwuring Dalijo. Sulastri ngaras rambute Ira,“Kurang telu engkas, Nduk,” guyune Ira pecah ngrontokake gentheng, ngrubuhake tembok. Guyu kuwi cumlengking miyak wengi.
    “Ajian Giring Suksma kuwi pancen nuntut laku kang abot, Nduk. Nanging, sawangen simbah. Ora ana sing ngandel yen kowe kuwi putuku,” Sulastri nggandheng tangane Ira mudhun saka dhipan, “Yen kasil ndhuweni ajian iki, aja mung wong sakdesa, wong sakkutha mesthi teluk lan nuwun inggih marang kowe. Tapi isih ana sukmane wong lanang telu kang lali marang angger-angger kang kudu mbok cucup, kowe rak isih sanggup nutugake lakune ta, Nduk?”
    “Jer basuki mawa beya, Yang Ti,” semaure Ira kambi nutupi anggane sing ngglegena nganggo jarit parang rusak kang wis cemepak ing meja cedhak dhipan.
    “Kuwi lagi jenenge putuku,” Sulastri ngambung bathuke putune, kekarone jumangkah metu saka kamar. “Yen mung kanggo nyaleg, Nduk, Ajian Giring Suksma mesthi tadah,” ujug-ujug Sulastri kelingan Dalijo, “Wong lanang apes kuwi? Aja kaya sing wingi kae!!”
    “Sesuk, paling ana berita mobile guru nyemplung kali, Yang Ti”
----- CUTHEL-----

Sumber:https://www.facebook.com/notes/anjrah-lelono-broto/cerkak-ira-dimuat-di-rubrik alaming-lelembut-mingguan-panjebar-semangat-no-20-17/10152456426043523/

0 komentar:

Posting Komentar