Jumat, 15 Januari 2016

Wara-Wara



Pengertian wara-wara
Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé. Pengumuman/Wara-wara pancen beda karo iklan utawa pawarta. Iklan asipat komersil tegese golek bathi, dene pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum. Wara-wara uga ngabarake marang khalayak umum nanging luwih wigati ngajak-nagjak nyengkuyung apa kang diwartakake utawa asipat persuasive. Wara-wara minangka pretelan kang martakake saweneh kagiatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, gamblang lan gampang ditampa.
Wara-wara utawa pengumuman adate dienggo nek ana perkara sing wigati sing kudu dingerteni wong liya. Umpamane ana wong sing seda, men wong liya pada ngerti banjur ngurmati, mula kudu diumumaken sapa sing seda, kapan sedane, mergane apa sedane, neng papan ngendi, arep disarekna nang ngendi.

Perangan wara-wara kang baku yaiku
1. Irah-irahan wara-wara
2. Adangiyah (Unggah-ungguhe basa kang ngirim wara-wara)
3. Bebuka/pambuka (Ukara Pambuka wara-wara)
4. Surasa basa/isi (isining wara-wara)
5. Wasana basa/penutup (perangan/ukara kang kanggo mungkasi atur)
6. Panggenan lan titi mangsa (tempat lan tanggal)
7. Paprenah (sesambungane wong kang ngirim karo wong kang dikirimi wara-wara)
8. Tapak asma (tandha tangan)
9. Nama terang (jeneng kang nggawe wara-wara)

Syarate wara-wara
Basa kang digunakake cetha, gamblang lan gampil dimangerteni
Isine cekak aos
Katujokake marang kelompok/bebrayan tartamtu
Basane komunikatif (ora ngaya wara cukup saprelune wae lan nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa ditampa dening sapa wae kang krungu lan maca).
Perangane jangkep (wara-wara mau bisa mangsuli pitakon 5W+1H)

Wujuding wara-wara
Lisan. Asring dipungiyaraken lumantar radio,lan siaran.
Ex. Siaran lelayu, wara-wara lumantar radio, lsp.
Tulisan. Lumrah wonten ing ariwarti(koran), kalawarti(majalah) lan papan pengumuman.
Ex. Lowongan kerja, lelayu serat, wara-wara ing sekolah, pamlet, spanduk, lsp.

Bedane wara-wara karo pawarta
 WARA-WARA kuwi ngajak sami nyengkuyung punapa ingkang dipunwartakaken. Sipatipun persuatif (mengajak)
PAWARTA kuwi mung ngabaraken pawarta. Sipatipun informatif (memberi informasi)

Pokok-pokok wigati wara-wara
1) Sapa kang ngaturake utawa kang gawe wara-wara (dari siapa)
2) Kanggo sapa wara-wara iku (untuk siapa)
3) Ana surasane (ada isinya)
4) Wektu anggawene (kapan ditulis)
5) Menawa awujud kagiyatan, kudu cetha wektu kagiyatan kaleksanan, ana ngendi, lan sapa kang mandhegani.

Cara nyemak wara-wara
1) Sehat, tegese sehat jiwa lan raga
2) Konsentrasi, tegesen pikiran tumuju marang apa kang disemak
3) Nduweni motivasi/ancas kang pengin digayuh
4) Nyemak kanthi wutuh, ora separo-separo
5) Isa milah milih bab ingkang wigati
6) Nggawe ringkesan wosing wara-wara
7) Mènèhi tanggepan marang wara-wara

Sing kalebu wara-wara yaiku layang sing ancase padha bae yaiku menehi ngerti. Jenis-jenise layang ana 6 :
  1. Layang iber-iber yaiku layang kiriman utawa layang kang isine kabar pribadi. Tuladhane ngabari nyuwun idin pangestu yen arep ujian, nyuwun arta lsp.
  2. Layang paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang ndheduwuran. Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.
  3. Layang dhawuh yaiku layang sing isine ndawuhi marang andhahan. Tuladhane prentah marang andhahan kon nglakokake pegawean.
  4. Layang ulem yaiku layang sing isine ngundang supaya teka marang sing duwe gawe. Tuladhane mantu, sepitan, utawa syukuran.
  5. Layang kitir yaiku layang sing isine sakperlune bae utawa cekak aos.
  6. Layang Lelayu yaiku layang sing isine aweh kabar yen ana sing ngajal.


Tuladha wara-wara
Tuladha 1
SMA NEGERI 2 SURABAYA
No. 421-3/100/435.5.6.1.202/2014

Kanggo mahargya pengetan Hari Pahlawan 2014, SMA Negeri 2 Surabaya bakal nganakake lomba maca cerkak. Lomba bakal dianakake ing :
Dina : Ahad
Titi mangsa : 9 Nopember 2014
Papan : Aula SMA Negeri 2 Surabaya
Tabuh : 08.00 WIB
Kabeh kelas kudu ngirimake wakile ing lomba kasebut.
Kanggo para siswa kang wis ngerti wara-wara iki, supaya gethuk tular marang para siswa liyane.

Surabaya, 1 Nopember 2014
Kepala SMA Negeri 2 Surabaya


Drs. H. Kasnoko, M.Si.
NIP. 19561107 198003 1 011


Tuladha 2
Wara-wara
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 69 Republik Indonesia, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing :
Dinten : Setu Pahing
Suryo Kaping : 16 Agustus 2014
Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing : SMA Negeri 2 Surabaya, Jl. Wijayakusuma No. 48 Surabaya
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

Semarang, 10 Agustus 2014
Waka Humas,
ttd
Dra. Kurnia Agustini, M.Psi

Tuladha 3
Wara-wara

Para siswa kang tansah daktresnani,Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 69 Republik Indonesia, OSIS SMA Negeri 2 Surabaya badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
Dinten : Jemuah – Setu
Surya : 15-16 Agustus 2014
Tabuh : 08.00 dumugi paripurna
Papan : Gelora 10 Nopember Tambaksari Surabaya
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Bagus Pramono utawi Sdri. Indah Pratiwi wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.

Surabaya, 8 Agustus 2014
Ketua OSIS,

Tanda Tangan

M. Asyrofi Pramono


Tuladha wara-wara cekak

1. PANGGILAN KETUA KELAS
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya ketua kelas X, XI, XII sak menika ugi katuraken makempal dateng leripun ruang Guru. Sepindah malih......
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

2. PANGGILAN PESERTA OLIMPIADE EKONOMI
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI ingkang nderek Olimpiade Ekonomi sak menika ugi makempal dateng ruang Multimedia pambeng (keperluan) bimbingan. Sepindah malih.......
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

3. NEMU DUWIK
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi dipun panggihaken arta 50.000 ing leripun Masjid. Kagem siswa-siswa ingkang kicalan sak menika ugi saget dipundut dateng piket. Sepindah malih.....
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

4. BALI ISUK
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI amergi dinten punika Bapak Ibu guru wonten rapat ing Dinas Pendidikan. Para Siswa saged kundur enjing. Sepindah malih.....
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

5. JALAN SEHAT OSIS
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 NGAWI mbenjang dinten Sabtu badhe diwontenake Jalan Sehat OSIS dalam rangka HUT SMADA NGAWI. Para Siswa diwajibaken mbeto Kaos Olahraga. Sepindah malih......
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaikum wr wb

6. RAPAT GURU
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya Bapak Ibu Guru ingkang mucal dateng kelas sak menika ugi katuraken makempal ing ruang guru pambeng (keperluan) Rapat ISO. Sepindah malih.....
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaikum wr wb

7. PANGGILAN KETUA ORGANISASI
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya ketua organisasi SMAN 2 Ngawi sak menika ugi katuraken makempal ing Laboratorium Biologi pambeng (keperluan) Rapat program kerja organisasi. Sepindah malih......
Cekap semanten pengumuman saking kula. Matur suwun
Wassalamualaikum wr wb

8. PENGUMUMAN EKSTRAKURIKULER
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi ingkang tumut ekstrakurikuler karawitan mangke bakda kundur sekolah katuraken makempal ing ruang aula. Sepindah malih....
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur suwun
Wassalamualaikum wr wb

9. NEMU HP
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa SMAN 2 Ngawi dipun panggihaken HP merk canggih ing leripun ruang aula.Kagem siswa-siswa ingkang kicalan sak menika ugi saget dipundut dateng piket. Sepindah malih.....
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

10. PENGUMUMAN MENTORING
Assalamualaikum wr wb
Wara wara kagem sedaya siswa kelas X khususipun ingkang beragama Islam. Dinten punika mentoring badhe diwontenaken mangke bakda sholat jumat. Sepindah malih...
Cekap semanten wara wara saking kula. Matur Suwun
Wassalamualaikum wr wb

Tuladha Layang Ulem

Assalamu ‘alaikum Wr Wb
Kanthi raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler. Inggih menika ingkang asma :
Abimanyu Duta Nalendra
Insyaallah mbenjang ing :
Dinten : Setu Legi [malem Ahad Pahing]
Tanggal : 30 Agustus 2014
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Convention Hall Pemkot Surabaya, Jl. Arif Rahman Hakim Surabaya
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.

Salam taklim,

Seto Handoko Kekalih


Tulada Pamflet
WARA-WARA

KULA ATURI NGRAWUHI

Pagelaran wayang kulit kolosal 3 dhalang kondhang, mapan wonten ing gedung Cak Durasim Surabaya
Kangge mahargya pengetan HARI IBU INTERNASIONAL INGKANG KAPING 14 tanggal 21 Februari 2014
Pemrentah Kota Surabaya makarya sesarengan kaliyan Taman Budaya Jawa Timur, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi dhalang cacah 5.
Ki Anom Suroto, Warsena Slank, Ki Bayu Aji, Ki Mantep Sudarsana,lan Ki Enthus Susmana, kanthi lampahan Ngruwat Bumi Nuswantara
Ing dinten Jemuah Legi, Surya Kaping 21 Februari 2014
Dipunsengkuyung dening wirapradangga, saha swarawati ingkang sampun kawentar, Sunyahni-Waljinah-Nurhana
Boten katalompen ugi dipunsengkuyung grup campursari Sangga Buana saha bintang tamu saking Ibukota : Kirun Cs. Pesindhen manca nagari : Hiromi Kano (Jepang), Megan (Amerika Serikat)
Kajawi menika ugi badhe dipunwonteni kepyakan:
-Java day, saben dinten kemis wajib ngginakaken basa Jawi ing saben kantor
-Namaning kantor Pamrentahan sinerat ing seratan Jawi
-Ageman Batik pinangka identitas Jawi

Sumber: http://setohandoko.blogspot.co.id/2014/08/wara-wara.html

0 komentar:

Posting Komentar