Minggu, 03 Januari 2016

Aksara Jawa



Aksara Jawa Ora Kena Tumpuk Telu, Uga Babagan Pangkon
Aksara Jawi boten pareng migunakaken pasangan tumpuk tiga. Nadyan ta ugi wonten tetembungan Jawi ingkang tumpuk tiga konsonan-(napa nggih basa Jawinipun?)ipun. Awit saking menika, sandhangan panyigeg pangkon ( ꦿ ) saged dipun-ginakaken wonten ing satengahing tembung.
Sumangga andadosaken paniti priksa..
1.TEMBUNG LINGGA
Tuladha:
a. gemblung: ꦐꦷꦏꦿꦑꦹꦼ꥚ꦹꦹ
b. kinclong: ꦄꦶꦎꦿꦺꦂꦝꦼꦻ
c. onclang: ꦺꦀꦻꦎꦿꦂꦝꦼ
d. gemblong: ꦐꦷꦏꦿꦺꦑꦝꦼꦻ
e. anjlog: ꦀꦎꦿꦺꦌꦝꦻꦐꦿ
(kados dene statusipun Bapa Yayat, CUMPLUNG KECEMPLUNG JUMBLENG: ꦂꦸꦏꦞ꥚ꦹꦼꦄꦷꦂꦷꦏꦞ꥚ꦹꦼꦌꦸꦏꦿꦑꦝꦷꦼ )
Pranyata miturut Padmosoekotjo, pasangan pa ...ꦞ, sa ...ꦛ ugi ha ...ꦔ ingkang papanipun wonten ing sisih kanan ingkang dipunpasangi, saged dipunparingi pasangan malih waton boten ketingal tumpuk tiga. Kados CUMPLUNG kaliyan KECEMPLUNG menika.. Ananging ingkang JUMBLENG kedah dipunpangku rumiyin awit pasangan ba ...ꦥ papanipun wonten ngandhapipun aksara ingkang dipunpasangi. Nuwun.

2. TEMBUNG ANDHAHAN
Tuladha:
a. mblusuk= am- + blusuk -----> ꦀꦏꦿꦑ꥚ꦹꦇꦸꦄꦿ
b. mbledhos= am- + bledhos ----> ꦀꦏꦿꦑꦝꦷꦺꦋꦻꦇꦿ
c. ndlongop= an- + dlongop ----> ꦀꦁꦿꦺꦅꦝꦻꦺꦓꦻꦊꦿ
d. njlimet= an- + jlimet -----> ꦀꦎꦿꦌꦝꦶꦏꦷꦆꦿ
e. ndlosor= an- + dlosor -----> ꦀꦁꦿꦺꦅꦝꦻꦺꦇꦽꦻ
Ing satunggaling ukara, sandhangan panyigeg PANGKON ( ꦿ ) ugi saged nggentosi tandha koma/ PADA LINGSA ( ꧋ ) menawi koma menika sasampunipun wanda sigeg.
tuladha:
----> Aku mangan, adhiku dolanan.
Menika boten kaserat: (a.) ꧎ꦀꦄꦸꦏꦓꦁꦔꦋꦶꦄꦸꦺꦅꦻꦉꦁꦕꦁꦿ
ananging kaserat: ( b.) ꧎ꦀꦄꦸꦏꦓꦁꦿꦀꦋꦶꦄꦸꦺꦅꦻꦉꦁꦕꦁꦿ꧋

Katrangan:
Seratan (a.) menika dados ukara rancu amargi tanpa koma. Menapa 'aku mangan adhiku (sing lagi) dolanan'? Menawi badhe ngangge pada lingsa, lajeng dipunserat ing pundinipun pasangan HA? Dadosipun ingkang leres nggih seratan (b.).

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Wonten kirangipun, kula tansah ngrantos paniti priksa saking ingkang langkung pana babagan menika..
Nuwun.

ꦺꦊꧏꦅ꧀ꦇꦦꦶ
Bottom of Form

0 komentar:

Posting Komentar