Minggu, 06 Desember 2015

Naskah Cerita Wayang Duryudana Gugur Disc 5 - Disc 7



DISC 5

Wana kendhaling rasa ingkang kinarya sambeting carita. Nalika semanten wana kendhali rasa, kasebat wana gung liwang-liwung, wana alas gung gedhe, liwang-liwung rungkut. Kasebat wana ageng matsihiar tebane. Adoh lor adoh kidul, adol wetan adoh kulon adoh desa adoh kutha. Kasebat wana rungkut masih kathah kekayon telung perangkul patang perangkul limang perangkul. Watu sak peluk rong peluk runggul ri bebundhutan. Ora mukal pinarya pananapan sato galak ingkang kulina mangsa daging manungsa. Antawisipun singa, sardula, jenggiri, bruang, cenguk, memreng sunajat dialapbal-abal mlewak blegendhuwak, udu-udu walangan taga kewan cilik-cilik gegremetan kangalawisa datan kurang papan pinarya panonopan jimsipan triprayangan kaengklek-ngklek balungan tandhak ilu-ilu bangaspati genderuwo thethek anjanggitan, jantung maru dorong pocong miwah gliya glundhung mringis, milawana kasebat gawat kliwat angker kepati. Nakala samanten wonten satriya imgkang kumawani nalas sak telenging wana kendalirasa, paranggene datanana panggiri budaya kang tumengkuh kepara sato galak jimsipan triprayangan lumajar gendhring kena praba wane satriya kang nedenganggon ngelala pranyata ingkang ala sak wana kendhalirasa pamadyane Pandawa kekasih raden Arjuna ya Raden Janaka satriya bagus warnane luruh pasmane pengawah banyu guwaya teja. Kasinungan watak sareh yen ngendika lirih ngarah-arah teledhak- teledhuk kayu madu pinustika ketingal ngemben sungkawa ingkang purwaning kengembening sungkawa dhumadosing prangageng kasebat Bharatayudha jaya binanggun. Tindhakna dyan den Arjuna kadherekaken Punakawan catur tinulas Semar nala Gareng, Petruk, sumawana Bagong. Kuwanci surya mangrangsang wayah ndirgantara mendhung angin ndanu lumayah perbawaning panas kaya mecah kalaraban kekasih den Arjuna kendhel wonten catur denda lenggah sela dilan kahadeg ngadi sekawan waneh-waneh solah bawane kang kinarya srana mlipur sungkawning dalih kepareng cah sepining kawontenan tunulas semar rukmendaya. E... lah dalah iii aaa....
97.  Semar       : “E, nala Gareng Petruk!.”
98.  Gareng      : “Kula ma.”
99.  Petruk      : “Kula ma.”
100.               Semar       : “Rene-rene to le rada maju, nyadhong sabdane ndaramu.”
101.                Gareng      : “Mangga kula dherekke ma.”
102.               Petruk      : “Mangga ma kula dherekke.”
O...o...                                                      
Sinden...............
e... o... e....
o.....
o...hehh.....
Remara rih manguswa ambrengengeng. Kadikarunganing kaswa se... ooo... Haning margaa malakuuu sang kandha prastratwa da... ooo... Leng-leng lalu leng... leng... lathii surya hangrangsang payah, humyus hamarwayangkut. e....
103.               Semar       : “E, lah dalah iii aaa.... Gus ndara Janaka. Kula linepatna saking deduka ampun dipun wastani wong tuwa kok celandhakan. Sejatosipun ndoro niku kersane pripun ta? Nyangkul jejibahan dereng rampung dumadosipun perang Bharatayudha teka ndara nebih kaliyan barisan ageng, niki napa sebabe?.”
104.               Janaka      : “Kakang Semar.”
105.               Semar       : “E, kula den.”
106.               Janaka      : “Dumadine perang Bharatayudha aku kudu tega nyirnakke kadhang tuwa nyirnakke pepundhen lan bapa guru. Upamane kelakon Pandawa menang mukti wibawa ing Negara Ngastina apa ora diarani mukti kuancik-ancik kuandhaning kadhang tuwa lan para pundhen. Ana ngendi lenggahing kasatriyanku kakang Semar?”
107.               Semar       : “E lah dalah iii aaa.... Gus sampeyan iku satriya, kudu isa milah-milahke gegayuwan ndadosna kauningan. Ndara Janaka mengsangrahkanmu, Kurawa. Niku mboten kok sampeyan iku nggayuh kamukten, nanging sampeyan niku netepi dharmaning satriya kudu wani mbrasta watak murka ambek angkara nadyan thukul tetangganing sinten mawon. Angkara murkane rakamu Kurawa niku wis ora bisa diwulang, ora bisa disirnakke nek ora sak ingkeng nyandhak. Maka ndara wis kebacur ngaku satriya. Satriya niku kudu wani ngelabuhi bumi wutah getihe. Pindo satriya iku kudu wani ngayomi para tapa para pandita ingkang sedengkulak uja brata. Satriya niku kudu tresna karo sapadha-padha ora ndelok cendhek dhuwure derajat pangkat gedhe cilike panguwasa sugih miskine kadunnyan. Ping pat satriya niku kudu uga gelem ngoncati kesaguhan sing wis kawaca. Ping lima satriya niku kudu wani mbelani bebener ingkang dedhasar adil. Lha nek ndara ora wani nyirnakake Kurawa tegese malah sampeyan nyimpen saka jejere kesatriyan.”
Tinangkarang abang na...te udan pati. Ludira kang manyembur-nyembur gagk rimanguniya... mbangun unn o... iku siji kang diwatak bumi kang gumingsir ana peteng dudu wengii ana padhang dudu rina, yaiku petenge Antaga a.... e...
Ledyar penggalih nya dyan Arjuna candrane kaya lumampah kuwanci panglong kepapat kobor sewu padhang tlarangan dugi midhanget aturnya tilurah Semar gadra laya. Lenging panyipta sedya menyat saking palenggahan manunggal dhateng para kadhang. Kacarita Raden Jayawiluka ngo nadyan Raden Arjuna saking katedyan cipta ringganira. Bocah perjuri, lho..lho..lho.. ana teja sumlorot wilang teja na satriya bagus mbok menawa iki Janaka cegaten lor wetan kidul kulon trajange tengah tak takoni gragap kuhut harjunika sunika ya..ya..ya...
108.               Raden Jayawiluka : “Eh....”
Ngulat ngalarisa Arjuna e..... Ngulat ngalarisa Arjuna. Wis ngunyuk kang lagiya kamanungsan kasrepan ring tingkahing ingsun iran padha kadhang. E....Anak panganak ing yayah myang ibu leng panggih paman arep a  salya sira Bisma dwi  janggeh  gu... e...
Estu mara jagad manikala jengsewang uii... ana teja sumlorot sumunduhing ngaliyan tak keep e ilang, ana wong bagus tanpa cacat luruh pasmane.
109.               Raden Jayawiluka      : “E, aja mati tanpa aran, sapa jenengmu raden?”
110.                Janaka                      : “Petruk.”
111. Raden Jayawiluka      : “Nun?”
112.                Janaka                      : “Ana satriya takon marang aku tinggal tata krama.”
113.                Petruk                      : “Sabar gus, wong sabar niku subur, nek mangke niku disabari kok jebul ora rumangsa a dikandhani ngoten cobi ndara ngendika diwangsuli.”
114.                Janaka                      : “Iya mengko ta satriya kowe takon marang aku.”
115.                Petruk                      : “Hehhh iya.”
116.                Janaka                      : “Bali sara ganti aku sing takon. Kowe satriya ngendi, sapa jenengmu tong?”
117.                Raden Jayawiluka      : “Takoni durung ngaku genti takon.”
118.                Janaka                      : “Apadhang.”
119.                Raden Jayawiluka      : “Satriya saka Pelasa Jenar. Kadhange taruna kangmas patih tridhantal pati Raden Jayawiluka.”
120.               Janaka                      : “Raden Jayawiluka?”
121.                Raden Jayawiluka      : “Ya, dasar nyata. O... lesepa.”
122.               Janaka                      : “Pamadyaning Pandhawa satriya Madukara.”
123.               Raden Jayawiluka      : “Sapa jenengmu?”
124.               Janaka                      : “Ora ana jeneng kekasih ingkang katon....”
125.               Raden Jayawiluka      : “Tabuh cuthik kesosor kebagusanmu. Sapa kekasihmu?”
126.               Janaka                      : “Arjuna, ya Janaka, ya Parta.”
127.               Raden Jayawiluka      : “O.. ih kowe ingkang jeneng Janaka?”
128.               Janaka                      : “Iya dhasar nyata.”
129.               Raden Jayawiluka      : “Wa hahahahahhh.... Kepasang nyodya pinanggih kentak upaya sing gedhe dhuwur sapa.”
130.               Janaka                     : “Kakange.”
131.                Raden Jayawiluka      : “Kakange Janaka, Werkudara?”
132.               Petruk                      : “Dudu. Kakange Bagong, Petruk.”
133.               Raden Jayawiluka      : “Mung ngaku jenenge ndadak menggok-menggok.”
134.               Gareng                     : “Ngge ngeyem-ngeyem bature kok ya. Wong sing duwe kakang ora Janaka. Bagong ngendikaaken ora ketang kakang ge jung selandana. Iki petruk, aku nala Gareng.”
135.               Raden Jayawiluka      : “O nek ngono kowe kakange Petruk?”
136.               Gareng                     : “Kakange Petruk?”
137.               Raden Jayawiluka      : “Kae sing mburi sapa?”
138.               Bagong              : “Aja kok dudohke lho truk, antemi e....”
139.               Petruk                     : “Iki adhiku.”
140.               Raden Jayawiluka      : “Bagong?”
141.                Petruk                      : “Dudu.”
142.               Bagong              : “Sumawana kowe nek arep ngundhang jenengku kudu nganggo Sumawana. Rungakna ta nek dhalang-dhalang kae do njatur. Raden Janaka dipun seba pilurah Semar. Semar mung ora kenal Gareng, Petruk, sumawana Bagong. lho, dadi nek ngundhang jenengku kudu nganggo Sumawana.”
143.               Petruk                      : “O gong. Bagong wong kaya ngono kok nyawane kerasan, ha nggur kowe kok nduwe aran Sumawana.”
144.               Raden Jayawiluka      : “Janaka.”
145.               Janaka                      : “Apa aran?”
146.               Raden Jayawiluka      : “Kepasang yodya pinanggih padha dhewe nututa tak tugel guluumu.”
E... Jojo nguntap tendha pinetap nitra ngucap ngondhar-ngandhir idhep mangala cakra. Hee......
147.               Janaka      : “Kowe arep nugel gulune Janaka? Apa mbok anggep Janaka dikrik wedi karo kowe? Hei kowe karo aku tangkep jejo kantaran bahu genthinge ilan tatu. Iki dadaku ndi dadamu? Kowe nyudhuk dhisik apa aku nyudhuk dhisik? Apa kowe aku nyudhuk bareng? nek kowe dikrik adu ngarep apa seka miringan. Seka miringan kwe sek wedi, saka mburi tilikana awakku. Nek kowe lali ora gawa gaman, kerise Janaka umusen kanggo mrawasa aku apa sebabe kowe kok meneng wae apa kowe sing njaluk tak kramasi epek-epek sirahmu?”
Plakkkk..., sirahe Raden Jayawiluka digepuk Janaka nganggo tangane.
148.               Petruk      : “Kowe karo ndara Janaka kok sembrana. Ndara Janaka priyayi meneng, nanging nek kecocok penggalihe glusut, moh 5x kethes, glindhing. Iki dhurung, lagek tangane ndara Janaka dhurung tanganku. Ketiban tanganku resik sangumu gecret ora gawa satriya sandhangane moncer gencret wae ora gawa. Sandhangan sewan.”
149.               Gareng      : “Wong nylekutis.”
150.               Semar       : “Gareng kae elek-elek rak satriya ta? Arep omah-omah ngraket njalar bebasan, ning non paranti prawira. Senengane njaga stagene musuh o.... Nylekutis, nek Gareng ki ora tau kok yak-yakkan ngono kuwi. O... kowe jan lara tenana ki.”
151.                Bagong : “Halah gareng tunggale.”
O... munggut-mumggut pindhuk sinabet, sinabet ngrembadha kesi aja o... he.... wahhh......
152.               Raden Jayawiluka      : “Wah gedhe perbawane Janaka. Ora ngerti serapating tangan jumedhot ana mustakaku kaya pendhil wesi.”
153.               Janaka                      : “Apa gan?”
154.               Raden Jayawiluka      : “Hee..., Janaka.”
155.               Janaka                      : “Komparat.”
156.               Raden Jayawiluka      : “Aja tinggal mlayu.”
157.               Janaka                      : “Maju organdhal.”
Sinden................
Janaka lan Raden Jayawiluka perang.
158.               Raden Jayawiluka      : “Suwapatet banget Janaka.”
159.               Janaka                      : “Apa?”
160.               Raden Jayawiluka      : “Klentrang-klentreng medhak kapuk ora pendheng bareng kumandhang kacakara awas tumrampil krincil trengginas kaya sikat anyamber walang tubruk ngiwa mlumpat nengen, tubruk nengen mlumpat ngiwa kancane nyabet muka kaya pendhil wesi.”
161.                Janaka                      : “Apa abang ora gelem ngelem awake musuh, awakmu dhewe dhandhana.”
162.               Raden Jayawiluka      : “Aja kowe nduka nek aku kalah, durung paja-paja aku mungsuh kowe kalah ning durung katiban katigdayanku. waa.... heee...... Lamun aku wis ngetrapke mantra-mantra sakti waa.... he..... mesti kowe woh...... he... he... oh... edyan ana wong gunemane didhepi kutub.”
Dhalang : “Tok kapakke ta Gong?”
163.               Bagong : “lha jare arep perang kok ndadak sesorah, ngono kuwi nek ana inti sarine sesorah ngono ki nek angger sak padha brol limang ewu-brol limang ewu ngono mung gur kothongan e... tak tutupi nganggo lilang.”
Dhalang : “O ya sembrono.”
164.               Raden Jayawiluka : “Tanggalna katigdayanku.”
Dhalang : “Tibakna.”
165.               Raden Jayawiluka : “Nyeblahaken sampur Raden Jayawilukung, bel dadi dahana sak lumbung tandhung.”
Sinden...
Raden Jayawiluka perang karo Janaka, Janaka nuli diobong nganggo geni dening Raden Jayawiluka.
166.               Gareng : “Weh... he..e... ndara. Boten wonten ndara seda diobong ndoro?”
167.               Petruk : “Wah aku ya jan ora ngerti, lek upama ngerti nek mungsuh ngethoki temandheng geni ya ndara tak caosi priksa, ngerti-ngerti wis geni numpuk anggane ndara.”
168.               Janaka : “Nala Gareng aja kuwatir, aku ora apa-apa.”
169.               Gareng : “Eh.. heeee.... Ora nyana baguse bagus yi kusuma, seda kok ngemandhang.”
170.               Petruk : “Kok ngemandhang.”
171.                Gareng : “Lha mau ngendika ik.”
172.               Petruk : “Engko gek ndara iseh sugeng, tegese iseh urip ngono.”
173.               Gareng: “Ngendi ana kok dibakar kok urip, iku mau mung temandhang.”
174.               Janaka : “Aku iseh urip, nek kowe ora ngandel, iki tanganku.”
175.               Gareng : “O... iya, kuwi tangan temandhang.”
176.               Petruk : “Ndondhong. Wong sing diwei temandhang ki mung suwara tangan yo temandhang. Dadi pama nyuwara ki ning adoh. Ning ngetan kali sing diundhang nyemplung kali. O... wewewewewe lhah kae temandhang. Garuengeng-eng eng ngono. Mrene e e e e. Upama jeruk, jeruk jer jer jer.”
Dhalang : “Jeruk kie ora wani muni ruk.”
177.               Petruk : “Lho senengane pasang jugangan. Gus nek ndara iseh sugeng kok wonten salebeting dahana niku pripun?”
178.               Gareng : “Sugeng ki apa ta truk jane?”
179.               Petruk : “Sugeng ki urip. Nalika sugengipun eyangipun ndara Gatutkaca, narindra pringgodani Prabu Trembaka mengsah Prabu Panduduk nalika teseh sugeng. Lho....”
180.               Gareng : “Lha kok sok ndadekke?”
181.                Petruk : “Lha jane ki salah kaprah. Bagekke ki saka sing ngemis slamet tegese.”
182.               Gareng : “O, ngono?”
183.               Janaka : “Petruk.”
184.               Petruk : “Nun.”
185.               Janaka: “Nala Gareng.”
186.               Gareng : “Kula.”
187.               Janaka : “Kepasang yodya ana geni paprangan, kena tak enggo serono nggirah busanaku. Busanaku ora pati tak girah nek ora nganggo geni paprangan, nek digirah nganggo geni paprangan ora mung resik, nanging dadi anyar maneh kaya disembuh lan kaya disangle.”
188.               Gareng : “bedane ora truk?”
189.               Petruk : “Iya ya. Ngumbah sandhangan kok nganggo geni nek ora pancen kesuma ya ora kelakon. Apa ring kok uket.”
190.               Gareng : “Gareng nek karo ndara Janaka rak tuwa Gareng, didaya a ya didaya Gareng. Ndara Janaka ngumbah sandhangan nganggo geni nek wis dikumbah nganggo geni paprangan ora mung resik neng dadi anyar. E... Sarungku iki arep tak cemplungke kono men kaya disembuh, njut anyar.”
191.                Petruk : “Reng. Aja tiru kesuma, cilaka.”
192.               Gareng: “Tuwa aku Truk. Dikdaya aku, kowe engko pengen.”
193.               Petruk      : “Karepmu.”
194.               Gareng: “Plung.” (karo nyemplungke sarunge ning geni paprangan)
Perkothok-perkothok...
195.               Petruk : “Eh, sing mbau reksa sarung kae.”
196.               Gareng: “Lho kelawu-kelawu, lho mak klunthung, lho dadi.. lho rak dadi awu.”
197.               Petruk : “Wong kowe ngeyel nek dikandhani ok.”
198.               Gareng: “E... Sarung siji kobong kabeh.”
199.               Petruk : “Gus nek empun cekap lajeng mpun walesi mawon.”
200.              Janaka : “Sumingkira kowe truk!”
Murat muraning arjuna, o...ng tesmya kang lagya kang manungsan kasrepan ring tingkahing mungsuh ngirang dadan pangguna wan wahan hanak hanganaking yayah nyangingu klen naggih paman magadirarpa salya e...ng
201.               Arjuna : “Jaya Wiluka, aja sambat aku ndosa klungepasing jemparingku kyai merdaging domama anggonmu kulit bedah  daging pecah otot pedot putung balung jagadmu kang sko amasir patang perkara bumi, geni, banyu, angin bali  asal mulane sukma sejatimu sukmane wong ambeg angkara ora katon podening dewaning antaka lemaranging neraka jahanam kang nampani sukmamu.”
Sinden....
202.              Petruk : “Pripun gus kok mboten ambruk?”
203.              Arjuna : “Nadyan ta ora ambruk waspadakna bahtahludiro sko landeping gaman tigas pancing jangane mestaga dunumung ing nggembong deweke ora krasa nek wis tugel gulune.”
204.              Petruk : “O...tak arani nek ganti klambi abang.”
205.              Arjuna : “Kowe wis gatah loh diro.”
206.              Petruk      : “Ekh ekhg ekhg.”
207.              Arjuna : “Mbok ya ojo kok ladeni.”
208.              Petruk : “Kedah-kedahe nek nde mungsuh sumbar ora ketong meng sak metu-metune kedah-kedahe.”
209.              Arjuna : “Kedahe ki apa?”
210.               Petruk : “Niku tembung dialeg kok.”
211.                Arjuna      : “Jaya Wiluka nek pancen nek kowe isih panggah gage majua, awit saking landeping dedamel tigas pancing janggane jaya wiluka dereng kraos amargi mestaka maksih temumpang nggembong, sedya ngrangsang diararjuna dugi mestak gumlundung bantala serna merga layu.”
212.               Semar : “Lunging kara-kara asak keblek kebleng wose ning ning na nung nong nong nang ning nong.”
213.               Gareng : “Wahahaha... kakekne tuwek-tuwek swarane nyenu.”
214.               Semar       : “Nyeni kok nyenu, gus!”
215.               Arjuna  : “Apa.”
216.               Semar       : “Jaya eilaku niku adine Sengkuni.”
217.               Arjuna  : “Iya.”
218.               Semar  : “Pun rada suwe teng Plasa Jenar dereng tepung kalih ndara merga niku mbiyen teng nggendara niku tunggale Dewi Ngendari.”
219.               Arjuna      : “Iya.”
220.              Semar       : “Mboten wonten sing nggangu gawe tindake baguse kula prelu caos preksa suwali gus manunggal dateng kadang-kadang ndika wonten Hupawaliya.”
221.               Arjuna  : “Iya kakang Semar.”
222.              Semar : “Dianarjuna kepareng nindakaken pemanggehnya kelurah nayantaka, manunggal para kadang wonten Hupalaya yen ta kinon sangking manggrawa sumorote jane pakuwron ing hupalaya sumundul ing ngawiyat.”
Sinden....
Kang kinara sambeting carita inggih pakuwon Hupalaya ingkang angrengani pakuwolu narendra ing wiralya sri baginda maharaja Prabu Maksuwopati ya Prabu Durgandana sanajan ta wis ndungkak yuswa nanging saya wuwuh kawibawane, awit denya saget ngayomi sang ya para kadang sentana medak para kawula, nalika semanten Prabu Maksuwapati lenggah wonten madyaning pakuwon tahadep ingkeng wayah para kadang pendawa ingemareng jajat lenggahnya Prabu Maksuwapati, biswanipun pembayaning Pandhawa Prabu Puntadewa ingkang nembe ngarsa tumungkul yayah konjeng pertiwi biswanira pamyadaning Pandhawa dianarjuna ingkang yayah prayetning kewuh lenggahna sumoro tejane kaya sumorete lintang bimo sekti nulak tutuking naga, sowanioun dianharya Werkudara nganan ngerengaken sowanipun sumendening Pandhawa miwah wariju kekasih Raden Nakula miwah Raden Sadewa pangpangtara dangu rawuh nyananta Dwarawati Prabu Sri Batara Kresna Prabu Maksuwapati mulak wiswanipun Prabu Batara Kresna gupuh-gupuh deneng nanggapi mangkun cepta wirenggane rotan dereng kawijil ho...ng o...ng
Sinden...
Lir saptadaning sun tumeleng anglati medening sekar kang endahing warni ... ngidering taman angon sekar warsigi o...n go..ng e...ng
223.              Salya                : “Wayah Prabu Batara Kresna kula nuwun wonten dawuh ingkang pengendika kanjeng eyang prabu, nggonku nganti-nganti rawuhing wayah Prabu ana pakuwon hupalawiya kaya ngenteni kumambaning sela Kresna sileming baita gabus dugi kalenggahaning ki wis bisa sak pejagong marang pun kaki lan kadang-kadang Pandhawa uga wis ngumpul ana kelenging pakuwolu Hupawaliya kapareng wayah inggal paring pangandika parang kaleksananing gegayuhan kadang Pandhawa anggone inggal bisa unggul jayane dumadine Perang Bratayuda iki.”
224.              Mandaraka        : “Koko Prabu Betara Kresna kang rayi Puntadewa nyadong duka keparenga koko prabu inggal paring pangandika dateng kadang-kadang paduka Pandawa saha matur wonten ngersanipun iyang Prabu Maksuwopati.”
225.              Kresna              : “Yayi Prabu Puntadewa inggih kepareng eyang prabu kula matur sami lepat nyuwun gunging pangaksama.”
226.              Mandaraka        : “Ya.”
227.              Kresna              : “Senopati Kurawa sak sedanipun yayi prabu basukarna kalenggan menika mboten saged dipun petan gampil garapanipun mboten kenging dipun anggep enteng boboting ngayuda awit palenggahan Senopati kasalira paman Prabu Mandaraka paman Prabu Salya.”
228.              Salya                : “Ingkang jumeneng Senopati Salya.”
229.              Kresna              : “Kula nuwun inggih kanjeng eyang.”
230.              Salya                : “Banjur sapa ingkang kudu mapahake?”
231.               Werkudara        : “Kresna kakangku.”
232.              Salya                : “Apa Sena?”
233.              Werkudara        : “Bareng Kresna kakangku ngendikakake Salya bapakku wangune glarapan penggalihmu apa dianggep adi-adimu ora wani ngadepi kridane Salya bapakku aku ingkang bakal nanggulangi.”
234.              Kresna              : “Dudu mungsuhmu.”
235.              Werkudara        : “Menapa kula koko prabu.”
236.              Kresna              : “Dudu yayi kaipe.”
237.              Werkudara        : “Kula koko prabu.”
238.              Kresna              : “Kula dereng saget matur, alah kalah kok sajake sinuwun Dwarawati mangu-mangu penggalihe prayogi lajengipun penggalih ing lanti wening.”
239.              Salya                : “Yo ngger sapa, apa aku sing wis pada dene tua?”
240.              Kresna              : “Sanes kanjeng eyang, mboten eyang prabu mengsahipun, mengsahipun paman prabu Mandaraka menika dimas Nakula Sadewa.”
241.               Werkudara        : “Bwah ehehehehe.”
242.              Kresna              : “Werkudara kok ngguyu.”
243.              Werkudara        : “Arepa Werkudara e, nek pancen lega pikire ngguyu ya kena.”
244.              Kresna              : “Kok ngguyu?”
245.              Werkudara        : “Nek kembar adiku supuya mapahake kridane Salya bapakku lahapa timbang boboting ngayuda.”
246.              Kresna              : “Wong perang we ora kok mung wani jotosan, ora kok mung wani gelut, ora kok pamer-pameran le bisa gawe gelaring aperang, ana cara-cara ingkeng kudu ditindakake.”
247.              Mandaraka        : “Sena.”
248.              Werkudara        : “Apa?”
249.              Mandaraka        : “Sena aja kowe njegat pengendikane koko prabu mundak ora prayoga leya Bratasena wayah Prabu Kresna apa sebabpe kok adhimu Nakula Sadewa.”
250.              Kresna              : “Paman Prabu Mandaraka bade saget dipun sirnakaken nanging menawi pancen rila marengaken preksa pejah gesangipun twin pengapesanipun mila dimas Nakula Sadewa ingkang sejatos cilakep dening paman Prabu Mandaraka pambukti kula temtu dimas Sadewa saget menika mangkeh dados sarana.”
251.                Salya               : “Yen mengkono mangsa bodho a.”
252.              Kresna              : “Nakula Sadewa majua.”
253.              Nakula Sadewa : “Pringgih sendika.”
Leng-leng alalu angolati surya mangrangsang wayah kumyos amorowo yangta o...ng


DISC 6

254.              Nakula                      :“Nunten dhawuh bapa prabu.”
255.              Prabu Puntadewa       : “Dina iki kowe tak percaya, sowan ing papa paman prabu Mandaraka ana pesanggrahan Ngrunting. Nanging kowe ngati-ati sowanmu ana pesanggrahan Ngrunting, aja nganti ana jelma ingkang mengerti. Dadi kowe prayoga metu dalan punkhulan lan kowe nganggo busana sarwaseta, kowe ngasta pusaka kresligat. Sowanmu ana beksane kanjeng prabu, pasrawuh pati urip. Cukup mengkono, paman prabu mesthi priksa sing dadi kekarepanku.”
256.              Nakula              : “Kula nuli nggih nadyan ngwrat kados menapa, kula mboten badhe suwala.”
257.              Sadewa     : “Kula ugi mboten badhe suwala.”
258.              Nakula      : “Nyuwun pangestu eyang prabu.”
259.              Sadewa     : “Nyuwun pangestu eyang prabu.”
260.              Prabu                : “Yoyoh plung sen tak bakali. Puji rahayu ngayomono laku jantran.”
261.               Nakula              : “Papa Prabu Bathara Kresna, kula nyuwun permating nyuwun pangestu.”
262.              Prabu Puntadewa: “Yoyo sing ngati-ati Nakula sedewa.”
263.              Nakula              : “Papa prabu Puntadewa, kula nuwun pangestu.”
264.              Prabu Puntadewa:” ingkang prayitna, dimas Nakula Sedewa.”
Budhal pamit..
Gendhing
265.              Nakula :”paman prabu Mandaraka, tamtu badhe kasembadan. Ngrilakaken sugengipun.”
266.              Prabu Mandaraka       : “Yo ngger.”
267.              Kresna                      : “Ingkang menika, keparengaken kula dipun pengestu eyang, mratak dimas sadewa tuwin dimas nakula.”
268.              Prabu Mandaraka       : “Yoyo wes masa bodho a, kandha kencenging lelakon iki. Tak pasrahke wayah perang.”
269.              Kresna                      : “Yayi prabu puntadhewa kepeksa.”
270.              Mandaraka                : “Kelenggahan menika, yayi mboten kengeng pisah kaliyan kula.”
271.               Kresna                      : “Inggeh”. “Kula aturi nyuwun pengestu eyang prabu.”
272.              Arjuna                      : “Nyuwun pengestu eyang prabu, kula ndherekaken papa prabu kresna.”
273.              Prabu Mandaraka       : “Yaya sing ati-ati.”
274.              Sena                 : “Masiya pati kabeh, budhal pamit.”
275.              Prabu Mandaraka       : “Sena, sing ati-ati.”
276.              Arjuna                      : “Nuwun pengestu kanjeng eyang.”
277.              Prabu Mandaraka       : “Arjuna. Aja kurang prayitna.”
Gendhing
Suluk : merahina suma ing pakuwan haruna kadi mitraning uga ratu ing sabdane kukila ing kanigara saketer. O...ng. kene dungan ing o..ng. lir wuwusen pini bancol, pepetoking ayam wana... rak pagagan manyuwuk ndermara nrabasara ing kusuma parayan kawruha.
Ing anggone prabu Mandaraka
278.              Prabu Mandaraka       : “Nek ora kleru, kaya iki prunanku Nakula Sadewa.”
279.              Sadhewa           : “Kula nuwun inggih papa prabu, kula nuwun inggih papa prabu.”
280.              Prabu Mandaraka       : “Basuki tekamu.”
281.               Sadhewa           : “Kula nuwun inggih dalem pengestu papa prabu, boten manggih sambi kala, kula nyaosaken sembah pangabekti.”
282.              Sadhewa           : “Kula ugi mboten manggih sambi kala pangabekti kula konjuk pa.”
283.              Prabu Mandaraka       : “Yaya tak trima ngger Nakula Sadhewa. Apa wigatene dudu wancine kowe teka ana ngarepanku iki wayah gagap bangun rahina. Sajake ora ana ingkang mangerti tekamu ana ngarepanku. Bar pesudi apa, hem Nakula Sadewa.”
284.              Sadhewa           : “Ka... kados pundi ka... kang mas.”
285.              Nakula                      : “Kowe wae sing matur.”
286.              Sadhewa           : “Yen kepareng matur papa prabu, sing lepat nyuwun pangaksama.”
287.              Prabu Mandaraka       : “Heeh.”
288.              Sadhewa           : “Sowan kula nyaosaken pangabekti.”
289.              Prabu Mandaraka       : “Ya.”
290.              Sadhewa           : “Wigatosipun nuwun priksa. Menapa pepara estu, papa prabu ingkang jumeneng Senopati ning Kurawa?”
291.               Prabu Mandaraka       : “Yo pancen ketara nyata.”
292.              Sadhewa           : “Sowan kula, wisaning papa prabu. Sowan kula mbekta pusaka duo mligan, utawi busana utawi kula ngangge busana pethak. Kula masulaken, pejah gesang kula nuwun beksanipun papa prabu. Menawi papa prabu majeng wonten madyane paperangan. Mboten wonten kadang kula ingkang saged ngembari kadigdayanipun papa prabu, tamtu Pandhawa ba.. badhe tumpes apis ta... tanpa sisa, ludhes keles tanpa tilas. Kula mboten mentala ningali kuwandhanipun papa prabu Puntadhewa, kuwandhanipun kakang mas Werkudara, tuwin kang mas Janaka. Kula nyuwun tulung pejahi rumiyin.”
293.              Nakula                      : “Kula inggih nyuwun pejah pa.”
294.              Prabu Mandaraka       : “Kembar! Kowe kuwi anake Pandu. Bapakmu mbiyen kuwi wong kondhang, digdaya sekti mandraguna, jalma pinilih bisa ngendhih kridhane bapakmu pandu, ing reh kaprawiran ora ana sing timdan, ing reh kaprajan mumpuni ing reh kabagusan ura ngecewani. Lha kok nduwe anak ingah-ingih kaya mengkono kuwi kepriye? Melu isin aku. Merga bapakmu kuwi Pandu, ibumu kuwi adhiku. Nek pancen kowe nuruni kekendelane bapakmu. Ngerti nek uwakmu arep dadi Senopati, sesuk buyar kowe magang dadi pagelang, tangkep jojogan karan bahu genti wilangane ganti musuh aku. Ora kok pasrah nang urip. Kaya ngunu kuwi watak nistha tak kandhani. Kowe mati sak durunge perang kaya ngono. Nek pancen kuwi watak nesu, ayo. Aja mawas nek aku iki pancen pakmu, mung anake wong tuwamu, satriya kudu bisa milahke marang kabutuhan. Butuhing pribadi, butuhing kewajiban. Nek kowe nggor pasrah ilang satriyamu. He... Nakula Sadhewa.”
295.              Sadhewa           : “Mangga pa raden iwa duka. Kula mboten badhe mingset. Kula mingset yen kersanipun si.. siwa prabu, menawi sampun dipun gotong kula kedah pejah. Kula kedah pejah mirsani  papa prabu.”
296.              Prabu Mandaraka       : “Nakula Sadewa! Nakula Sadewa! Anak ku ngger.”
297.              Prabu Mandaraka       : “Anakku ngger... Nakula Sadewa. Umpama ketok godhong lembayung koyo tak remet. Ora ngira lelakoning jagad ana kedadeyan kaya mengkene. Aku kudu, aku kudu mungsuh wong sing tak tresnani prunanku ngger.”
298.              Sadhewa           : “Kula nyuwun pejah pa. Kula nyuwun pejah.”
299.              Prabu Mandaraka       : “Isa meneng pora weki! Aku wes krungu nek kowe teka kene ki arep njalok mati.”
300.              Sadhewa           : “Inggih.”
301.               Prabu Mandaraka       : “Gara. Kowe tumindak kaya ngono kuwi ndak karepmu dhewe. Hayo.. ndak karepmu dhewe, sing ngakon dudu Kresna.”
302.              Sadhewa           : “Inggih.”
303.              Prabu Mandaraka       : “Lha iya. Lha nek kowe sengara duwe panemu kaya ngono kuwi kaya ngono. Nakula Sadhewa, arepa tak kipat-kipatna kowe kuwi prunanku. Kakangku sing tak bala-bala Burisrawa wis tekaning pati, Rukmarata tekaning pati, darah Mandaraka wes entek. Sing ana mung karek kowe. Aku sepira bejatku, aku milih kowe sing isih nom umure, ijek amba jatahe, ijek jembar polatane. Aku rila ati ora madyaning paperangan. Sak patiku mbesuk, mandaraka aja tok nggo rebutan ngger. Tak pasrahne kowe bocah loro, Nakula Sadhewa. Tinggalane wong ra ana ke aja tok ngge rebutan, becik kowe kudu golek dhewe ngono ya.”
304.              Nakula Sadhewa        : “Inggih, inggih.”
305.              Prabu Mandaraka       : “Aku mung meling karo kowe. Aku nek wes mungkur, kowe aja wani karo kakangmu Puntadhewa, aja wani karo Werkudara, aja wani karo Janaka, luweh-luweh, karo Kunthi kowe aja wani. Ora mantra-mantra kae ibu kuwalon, yen momong karo kowe ligen, tegen nganti kowe bisa dadi dewasa. Kowe bocah lola, lair gledhak ora oman bapa, ora oman ibu, nek ora saka ligen tegene ibu kunthi ora kelakon kowe urip. Aku nek kelingan lakon nalika kowe disiya-siya Kurawa, kowe bocah durung bisa ngrasakne lelakon kang pait, getir ana mbulak ngenthak-enthak kowe kaliren. Kunthi sambate, “umpama bisa tak kethok rambutku tak ijolke pangan, tak kethok rambutku tak nggo maremke anakku iki”. Yo koyo ngono kuwi sing ndadekne keranta-ranta pikirku, oh.. kunthi... Aja wani tenan ya karo ibumu.”
306.              Nakula Sadhewa        : “Inggih.”
307.              Prabu Mandaraka       : “Sesuk, byar aku mapan ana madyane paperangan. Kowe matura karo kakungmu Kresna. Puntadewa, kon maju ana paperangan supaya nggawa klayang Kalimasada.”
308.              Nakula Sadewa  : “IInggih, sendika dhawuh, paman.”
Gending
Ing panggone Prabu
309.              Puntadhewa               : “Kadangipun kakang dimas Nakula Sadewa. Parang purwa madya wusana dimas, ndak utus sowan ngersane  paman prabu Mandaraka.”
310.               Senapati           :  “Dalem Iya dimas Nakula Sadewa ndang matura.”
311.                Werkudara                : “Kembar ndang matura.”
312.               Nakula Sadhewa        : ”Matur nuwun kersa prabu dwarawati, nuwun sewu lepat nuwun pangaksama.”
313.               Puntadhewa               : “Ya.”
314.               Nakula Sadhewa        : “Perkawis, lampah kula sowan papa prabu mboten kula aturaken ingkang baku. Papa Prabu Salya paring pangandika, manjing ana paperangan mundhut dipun tandingi papa Prabu Puntadewa.”
315.               Werkudara                : “Waaah.. mbar, kakangku sing di kersakne.”
316.               Nakula Sadhewa        : “Inggih kangmas.”
317.               Werkudara                : “Mangka mbar, kakangku ora tau perang.”
318.               Nakula                      : “Werkudara, yayi prabu iki ora tau perang, ning durung karuwan nek wedi karo kakang Prabu Salya. Bisa lo, bar mireng ature dimas Sadewa gumrigah penggalihe. Tul rak.”
319.               Puntadewa         : “Ngoten ta yayi?”
320.              Senapati           : “Mboten.”
321.               Puntadewa         : “Mboten dos pundi?”
322.              Senapati           : “Mboten gumrigah.”
323.              Puntadewa         : “Mboten wani punapa injih.”
324.              Senapati           : “Pun nboten purun.”
325.              Puntadewa         : “Mboten pun paringi. Mpun ta, Kados dereng purun.”
326.              Senapati           :  “Pun mboten purun.”
327.              Werkudara                : “Waaaah.. njur piye mangka sing dikersakne mbar, kakangku.”
Suluk: nalalira tan katawengan ,seseking rana magawe gelar.. o...ng.
328.              Puntadewa         : “Ingkang lumayan wonten gligantara, yitmanipun pendita ngada belak, begawan Bragaspati. Duki prabu Puntadhewa kapan digdaya pengaranipun  begawan Bragaspati. Saknalika kaya ginugak kaprawirane rukmandaya.”
329.              Werkudara                : “Papa prabu. Yen makaten kula kantun nderek.”
330.              Puntadewa         : “Lha rak makaten ta”. “Werkudara!”
331.               Werkudara                : “Apa?”
332.              Puntadewa         : “Tatanen prajurit nderek yayi prabu Puntadewa anggone manjing madyane paperangan.”
333.              Nakula                      : “Nanging ndandosne pawelingan papa prabu. Nawantu-wantu pamundhutanipun papa prabu Salya.”
334.              Puntadewa         : “Papa prabu Puntadhewa kedah nyamektakaken pusaka jimat kalimasada pusaka jamus. Yayi prabu, paman prabu mundhut yayi prabu ngasta jimat Kalimasada pusaka jamus.”
335.              Nakula                      : “Inggih. Mangga yayi.”
336.              Puntadewa         : “Nitih rapa ingkang rapa, ingkang nderek teng yayi prabu.”
Gendhing
337.              Senapati           : “Yayi prabu.”
338.              Puntadewa         : “Kula papa Prabu Mandaraka. Sampun ngesthi dayang aji candhabirawa. Paperangan sampun kebak gandarwa candaha birawa. Miturut aturipun kakung ismaya, menawi yayi prabu ngajeng-ajeng kridinadipun candhabirawa mboten kenging dedamel. Yayi kedah seleh dedamel pandherekipun mboten kengeng sami mbekta dedamel. Awit menawi mbekta dedamel, dipun cokot dening candhabirawa badhe sagedening wisaning siyung.”
339.              Senapati           : “Bapa prabu.”
340.              Puntadewa         : “Kula.”
341.               Senapati           : “Kula menika rak Senapati.”
342.              Puntadewa         : “Inggih.”
343.              Senapati           : “Senapati menika menawi majeng wonten paperangan, mboten mbekta dedamel seleh dedamel. Tegesipun sampun kawon kaliyan rusak. Mila, manawi kula kahdawon seleh dadamel, mboten saged nindak dhawuhipun papa prabu.”
344.              Puntadewa         : “Mangke yayi tamtu dipun singkara candhabirawa.”
345.              Senapati           : “Perkawis pejah menika sanes gadhahanipun candhabirawa, sanes paman Prabu Salya, nanging menika pangraosing bayu diwasa. Kula badhe dipun kroyok gandarwa. Yen bathara tasih maringaken kula gesang mboten wonten angelipun dewa badhe ngayomi, dipun gendhongono, dipun kuncenana, yen sampun pinesthi dumungi ing pejah. Bebasan pejah marginipun sewu, kesandhung mati, kesrimpet mati.”
346.              Puntadewa         : “Inggih, yayi prabu menika ketingalipun mboten saged ngendikan, jebul nek ngendika angel diunggahi.Yen makaten kula sumanggaaken.”
347.              Senapati   : “Kula aturi pitados papa prabu.”
348.              Puntadewa : “Matih, senapatine Pandhawa haha..”
Gendhing
Candhabirawa arep nyakot Senapatine Pandhawa
349.              Candhabirawa : “Ha... iki senapatine pandhawa ayo.”
350.              Candhabirawa : “Tindangan aku nyekel tangane.”
351.               Candhabirawa : “Aku nggon bangkekan.”
352.              Candhabirawa : “Aku nggon dada.”
353.              Candhabirawa : “Aku nggon weteng.”
354.              Candhabirawa : “Aku nggon bangkekan.”
355.              Candhabirawa : “Aku nggon dengkul.”
356.              Candhabirawa : “Ayo ayo dicokot, ha..  kowe Punthadewa kok ora males.”
357.              Senapati   : “Yen kowe bisa nyengkana aku. Aku panganen.”
358.              Candhabirawa : “Ayo maju ca. ayo maju ta.”
359.              Candhabirawa :” Ayo ayoo.”
Suluk: nalarira kang kataman ana ing, o...ong...
360.              Prakaswari : “Candrabirawa, waspadakna. Mungsuhmu iku ratu ngamarta pambayune Prabu Puntadewa, manungsa kang kadunungan getih putih. Lha kok dadi kowe  wani karo prabu puntadhewa. Piye karepmu?”
361.               Candhabirawa : “Oho... kowe papa prakaswari.”
362.              Prakaswari : “Iya.”
363.              Candhabirawa : “Nek ngono aku ora krasan melu anakmu mantu Narasoma. Anakmu mantu tak eloni ora tau tapa. Senengane mung untal-untel karo bojone, lali leh tapa najanta tetimbangane meh siji. Ning wis nglalekne nggone prihatin. Aku melu kowe. Aku melu kowe.”
364.              Prakaswari : “Kowe ngertia. Prabu Salya maju ana paperangan, ora sedaya mateni Pendhawa. Kae golek dalan leh arep nyaur utang tak kandhani.”
365.              Candhabirawa : “Kowe kudu bali ana kahyangku.”
366.              Prakaswari : “Mengko tak dunungke ana sela selaning ngasela, kareben mantuku bali ana kahyangan bebarengan karo aku.”
367.              Candhabirawa : “Wah ya aku manut.”
368.              Candhabirawa : “Aku manut.”
369.              Candhabirawa : “Aku manut.”
Gendhing
370.              Puntadewa : “Yayi prabu.”
371.               Salya                : “Kula.”
372.              Puntadewa :“Paman prabu Salya sampun nganti-anti, supados yayi enggal nglepasaken dedamel.”
373.              Salya                : “Inggih. Nyuwun pangestu papa prabu. Prabu Puntadhewa sidhira nyandhak, sinandhangan warastra, sinar ntran-mantran, mantran sakti saha den prabawani jimat Kalimasada mustaka jamus. Eling-eling prabu Puntadhewa krumaos aben ajek klayang pepundhen. Puntadhewa mangku-mangku den nglepasaken dedamel. Den nglepasaken nanging kinarya lisan jemparing pratala. Nanging saking banter plung marang den jemparing najan ngengingi pratala mendat menginggil malih, kenging jan jane prabu Salya tapa ingkang nitih rata, pinesthi kareping bethara ngoyah-ngayuh baskara titi wanci prabu Salya. Telas tulisya sirna marga layu wonten madyaning paperangan tegal kuru.”
Ooo.....ng..
Dhalang : “Seda wonten ing paperangan tegal kuru. Glandrahan wonten ing telenging rata. Prabu salya nalika semanten kesulak dalu. Watak kurawa senapati sinuhun-suhun, sinuba-suba, lamun ta taksih gesang. Nanging menawi sampun pejah wonten ing paperangan mboten kepanggih kados pundi anggenipun badhe ngrupti. Mila kuwandhane prabu salya wonten ing madyaning paperangan datan wonten ingkang wukup, awit wus kesulak ndalu. Nalika semanten, dirgantara peteng ndedhet, soroting Candra lan Kartika datan kaeksi. Awit mendhung lelimengan, sekedhap-sekedhap tapeling jagad, amung kapireng suwanten gumludhug swaraning gludhug, sekedhap-sekedhap suwantening bantheng jumlegur. Kacarita dewi Setyawati ingkang wus dangu ngupadi kang raka datan pinagih. Busananipun rontang-ranting awit kecenthel rirendhet ampyanipun mlenthung sak jagung-jagung, munggah gunung mudhun jurang dumugi paperangan tegal kuru wanci tengah dalu datan priksa kiblat. Nyandhung-nyandhung tuwandhaning madya ingkang pejah wonten paperangan. Kesrimpet rikmaning para prjurit ingkang pejah tumadyaning paperangan. Midhak wanda uda miwah tuwanda diraja. Terkadhang kesrimpet dadhung lan piranti paca kara, ngantos dumugi celak rata iket kinarya. Dedunung prabu Salya kang wus dadi kuwandha paradene datan priksa.”
Gendhing
Cipta mring ganera, waludya ingkang nedheng nandang sungkawa Dewi setyawati.

374.              Dewi setyowati  : “Emban Sugandhini.”
375.              Sugandhini        : “Kula gusti ratu.”
376.              Dewi setyowati  : “Ana ngendi kuwandhaning kang seda.”
377.              Sugandhini        : “Kula piyambak mboten saged matur, lantah kula sampun keblesek ing endhut, suku kula nyandhung tuwandha, uda, tuwandhaning manungsa kesrimpet rikmaning tuwandha.”
378.              Dewi setyowati  : “Oh.. gandanipun amis bacin kados ngaten. Nek pancen kowe ora weruh gelem nindakne lelakon iki. Baliyo nggal..., Sugandhini. “
379.              Sugandhini        : “Manggen kula sanggah wangsul kados pundi raden ayu. Panjenengan nalika taksih timur, kula kempit, kula indhit, kila panggul, kula gendhong. Sereng dewasa mukti wibawa kula nggeh yung. Sakmangke nandang citra kula getah lulang getih. Sampun  malih namung wonten papan kados mekaten, nadyan mlebet lak-lakaning naga kula nderek.”
380.              Dewi Setyowati : “Kaelokane iki yo mban, nawono kono rodo adoh gandane amis bacin, iki kok gandane arum mangambar-ambar. Iki gandane apa?”
381.               Sugandhini        :“Kula piyambak mboten saged matur raden ayu.
Dhalang : Kacarita mungun raosing penggalih. Dewi Setyowati, senajan jagad peteng ndhedhet, sekedhap-sekedhap ana gebyaring tathit miwah gudah, dupi ana gebyaring tathit. Dewi setyowati datan kesamaran, ingkang wonten rata gilan-gilan kuwandhane. Punika kang rata saknalika njeleh kemati.
382.              Sugandini          : “Sinuwun, mboten nginten kaduka wonten ngriki sinuwun.”
383.              Dewi Setyowati : “Sugandini... ora ngira jebul sinuwun wusantara suwe aku cedhak, tuwandhaning kang sinuwun ana ngrata.”
384.              Sugandini          : “O inggeh Gusti.. lajeng kados pundi gusti raden ayu.”
385.              Dewi Setyowati : “Aku rak wes waloko karo kowe sugandini. Gusti wungup yen nguwei iyup yen teka mati tak belani, aku kudu lampus dhiri.”
386.              Sugandini          : “Menawi penjenengan mekaten, kula mboten saged kantun. Dewi setyowati nganyut tuwa sirna merga layu. Emban Sugandini semanten ugi.”
387.              Duryudana        : “Pripun paman, kawusananipun.”
388.              Sengkuni           : “Aduh ngger. Kang ngrayang kesura-sura basah. Pejah wonten ing paperangan sak Werkudara.”
389.              Duryudana        : “Suryabupala.”
390.              Sengkuni           : “Suryabupala niku ming sumbare thok. Maju teng paperangan bebasan mboten kanggo setampel kuwandhane. Nelangsa pejahe, mrotholi kuwandhane, kari sikil loro dicekel Werkudara.”
391.               Duryudana        : “Teng  paman Jayawiluka. Kula ugi sampun nampi palaporan pejah mengsah Arjuna.”
392.              Sengkuni           : “Papa  prabu mandaraka  ugi sampun wis seda.”
393.              Duryudana        : “Wahaha... paman prabu Salya seda.”
394.              Sengkuni           : “Inggih.”
395.              Duryudana        : “Sampun saged molet kanan kiri. Man, tesih pinten kurawa.”
396.              Sengkuni           : “Kartamarma Kartadenda, Citraksa Citraksi. Pun mboten wonten isine kabeh niku.”
397.              Duryudana        : “Kula aturi  ndiwarakaken. Dinten menika kula duryudana, madeg suraning ndriya. Jumeneng senapati, udan getih.”
398.              Duryudana        : “Kemerur siwaraning opo man.”
399.              Sengkuni           : “Alokipun para wadya njawi benan ngendika jumeneng senapati, saknalika udan getih.”
400.              Duryudana        :” Udan ludira.”
401.               Sengkuni           : “Inggih. “
402.              Duryudana        : “Pralambang pripun?”
403.              Sengkuni           : “Ludira menika rak abrit.”
404.              Duryudana        : “Nggeh.”
405.              Sengkuni           : “Abrit niku pralambang remen. Penan badhe manggih remen, temtu badhe unggul jayanipun.”
406.              Duryudana        : “Menapa estu.”
407.              Sengkuni           : “Estu tanggel.”
408.              Kartomarmo              : “Menapa estu yen abang niku seneng?”
409.              Sengkuni           : “Seneng.”
410.               Kartomarmo              : “Kok bedo kalih penemu kula. Penemu kula abang niku setop.”
411.                Sengkuni           : “Hayyah.. abang kog setop.”
412.               Duryudana        : “Kartomarmo.”
413.               Kartomarmo              : “Kula.”
414.               Duryudana        : “Kowe ora kena melu paperangan. Tak utus bali nang taman kadileng-leng. Mbak ayumu banowati tunggunen.”
415.               Kartomarmo              : “Inggeh.”
416.               Duryudana        : “Nek ana kabar aku kalah, mati saka tangane pandhawa. Aku ora lila nek banowati dadi putri boyongan. Gawanen minggat saka ngastina.”
417.               Kartomarmo              : “Nggeh.”
418.               Duryudana        : “Nek ana kabar aku menang, banowati kon dandan sing becik, methuk baliku saka paperangan.”
419.               Kartomarmo              : “Nggeh sendika. Nyuwun pangestu.”
420.              Duryudana        : “Ndang budhal.”
421.               Kartomarmo              : “Sendika.”
Gendhing
Buhal perang
422.              Kresna              : “Yayi prabu duryudana. Raharja yayi?”
423.              Duryudana : “Nggeh pengestune papa prabu kresna.”
424.              Kresna              : “Kula nyaosaken pangabekti papa prabu.”
425.              Duryudana : “Heeh.”
426.              Kresna              : “Pada basuki duryudana kakangku.”
427.              Duryudana : “Heeh.”
428.              Kresna              : “Kula nyaosaken pangabekti papa prabu.”
429.              Duryudana : “Ya.”
430.              Kresna              : “Yayi prabu, sakmenika bahu kanan kirinipun yayi sampun mboten wonten. Menawi ndahar atur kula yayi. Brata yudha dipun aturaken kalenggahan menika, yayi minangkani panuwunanipun kadang  paduka pandawa. Mangsulaken kesaganipun yayi pandhawa hindraprastha sak jajanipun, negari nagstina sak jajar semangka. Ingkang menika kasutan main dadu mboten dipun toh aken. Pandhawa kaliyan prabu duryudhana wangsul dados kadang nem lan kadang sepuh. Pandhawa mboten niyat memengsahan klayang prabu duryudana. Dos pundi yayi?”
431.               Duryudana : “Hemmm...”
432.              Kresna              : “Nuwun sewu yayi  prabu lajeng ndekos. Kula ngertos, yen yayi dereng saged nampi piyatur kula. Lah, yen yayi kedah nglajengaken perang bathara yudha. Sakmangke, rehne yayi mboten gadhah madyabala. Mboten prelu perang brubuh lan perang mawi gelar. Perangipun tandhing kinawuh. Rehne yayi duryudana kadang sepuh, kula wenagaken yayi milih, tandhinipun sinten. Yayi Puntadhewa, menapa Werkudara, menapa Janaka, menapa Sakula Sadhewa.”
433.              Duryudana : “Hrrmh.”
434.              Kresna              : “Panglucita ing ndriya, prabu Duryudana pangandika ingkang mboten saged dipun midhangetaken ngadah-adah mekaten.”
435.              Duryudana : “Nek aku milih tandhing puntadhewa. Puntadhewa iku wong aneh. Ketoke ura tau perang. Nyatane aku lwes meh arep mateni, tangane wes dibanda, meh arep tak tugel gulune. Saknalika mules wetengku, buyer sirahku, peteng pendhelenganku, dadi aku ra sida. Nek aku mungsuh Janaka, janaka kuwi prajurit perang penget panah. Mangka nek panah kuwi isa mateni mungsuh sak adoh. Nek aku prajurit gada, gadha kuwi leh nuthuk lek ora adu arep ora iso nuthuk, dadi kudu saka cedhak. Nek aku milih tandhing nakula sadhewa, nakula sadhewa nek nyekel pedhang kaya nyekel kitiran. Ora kena diindari, ora kena mesthi ajur bathangku. Nek mungsuh Werkudara ya prajurit gadha. ning Wekudara tangane anteb. Pira-pira ratu sing mbantu aku mati, ming dibanting, diidak, dijotos, lha apa aku kuat nadhahi tangane Werkudara? Hrrrrmh...”
436.              Kresna              : “Waaah... jaka Pitana kakangku. Ming karek iki saguh pora? Ming wangsulan milih sapa kog meneng wae? Apa kowe njaluk tak jantur githokmu?”
Suluk:  ooooo..... ja aja mentap mindo netap, nitra kocak ngondar andir
437.              Kresna              : “Dupi dipun sodhok mawi gegeman. Griwanipun prabu duryudana. Griwa menika githok, githokipun dipun sodhok mawi gegemanipun werkudara, duryudana penampinipun dipun jotos. Mila saklebeting nggalih, dene kog mung semono bobote tangane werkudara. Mboten kapenggalih panjang sigromatur dhateng nata dwarawati.”
438.              Duryudana : “Bapa prabu.”
439.              Kresna              : “Kula yayi.”
440.              Duryudana : “Kula nyuwun tandhing Werkudara.”
441.               Kresna              : “Waaaah... yen makaten kepasang yogya. Monggo yayi prabu perang tandhing kaliyan Bratasena. Yayi prabu kedah ngagem busana kasenapaten. Werkudara kowe ya nganggo sandhangan senapati, supaya bisa padha karo yayi prabu Duryudana.”
442.              Duryudana : “Kresna kakangku yo. Nyuwun pamit nyuwun pangestu.”
443.              Kresna              : “Nggih ngatos-atos yayi.”
Gendhing
Suluk: Anggek trima kena suyaka, Sudibya sawara-wara unggul, gadawira pitung gedhe. O...ng. majenging rana mulat kuru kula asta keder kadang bima nyaur punanggih.
444.              Jayapitono        : “Werkudara.”
445.              Werkudara        : “Bapa jayapitono kakangku.”
446.              Jayapitono        : “Kalenggahan iki pun kakang lan jenengkala singo bejo. Yen bejo aku, kwe mothar saka tanganku.”
447.              Werkudara        : “Kosok baline bejo aku, matih saka tanganku.”
448.              Jayapitono        : “Janji ora tinggal loncat bakuh.”
Gendhing
Perange Duryudana nglawan Werkudara
449.              Sengkuni   : “Wee lah. Angger perang Duryudana kesusu penggalihe. Arep nandingi werkudara ora pamit karo aku. Aduh, magka ingkang ngerti pangapese Werkudara kuwi aku. Nalika werkudara wedhakan lenga tala. Ck.. ingkang medhaki papa prabu Dhestrarasta. Rehne papa prabu destrarastra iku caca netya. Ora rata, pilingan ingkang tengen ingkang durung kambak lenga pratala. Mangka angger prabu duryudana ora pirsa, duh piye. Mangka nek aku ketok ngewangi, kleru. Menango dianggep kalah, yaa... tak gae pralambang. Nggonku nonton tak ngarep dewe, tak gawe palamita tak minget-minget pilinganku sing tengen. Ngger, mugi-mugi panjenengan priksa pikajengan kula ngger.”
Gendhing
450.              Semar               : “Pripun den, kang raka.”
451.               Janaka              : “Kang mas Werkudhara, wus tandhing karo kakangmas prabu Duryudhana.”
452.              Semar               : “Weeee... lah, sumengka penggalihe raka. Lha kok mboten kandha kalih kula lah.”
453.              Janaka              : “Ana apa.”
454.              Semar               : “Kang raka Duryudana niku digdaya. Awit ndadosna kawuningan. Nalika rebatan lenga tala, cupune manik isi lenga tala niku rak diasta prabu ndara bratasena, sinuwun prabu Duryudana. Njuk lengene prabu Duryudana digandhuli Sengkuni. Sak nalika tutupe kontal, lenga tala wutah. Ngesoki anggane kang prabu duryudana, kaya diwehakake. Ning rehne ming kegrujug, dadi wonten sak perangan sing ora kambon lenga tala, nggeh niku wentis ingkang kanan. Njuk pripun niku leh kula ajeng caos priksa ndara bratasena?”
455.              Janaka              : “Banjur kepriye kakang Semar?”
456.              Semar               : “Nha.. ngeten mawon. Nek panjenengan ketuk ngewangi ndak kleru. Leh nonton bisa di priksani rakane ndara werkudara. Sampeyan mang menyet-menyet utawa mejet-mejet wentis sampeyan sing tengen. Ndra bratasena niku rak lantip panggrahitane. Mangke rak lajeng priksa ingkang ndados kersane baguse.”
457.              Janaka              : “Yaya yen mengkono dadi pangestumu tak jaluk kakang semar.”
Gendhing
Ing paperangan Duryudana dibujuk karepe Sengkuni
458.              Sengkuni   : “Ngger. Pilingan kula niki lhO cekot-cekot. Pilingan tengen niki lho cekot-cekot.”
459.              Duryudana :” Mboten ngrepoti wong ngacakara. Wong lagek perang malah disambati mumet sirahe. Golek ubat dhewe yo. Kon nggolekke tuman.”
460.              Sengkuni   : “Yeeeng.. koyok ora tampa karo aturku ngger. Kula nyekel pilingan niki pralampita, kula aturi nampi ngger.”
Lagi Werkudara genti
461.               Werkudara        : “Ayo Jakapitana kakangku. Aja tinggal mlayu.”
462.              Janaka              : “Kangmas. Wentis kula wingi gulu kangmas, kenceng sanget. “
463.              Werkudara        : “Tunggal dene. “Wong perang malah direpoti. Nek pancen sikile kuwi lara, kon mijeti dhukun kana. Ora sambat karo wong lara. “
464.              Janaka              : “Wadhuh kepeksa durung nampa. Kang mas kula aturi mirsani wentis kula menika.”
Suluk leng lenging ndriya mangu mangu mangu, kang nduan nrima yayah lena tan kanit ...
Suluk: leng-lenging ndriya mangu, mangu, mangu. Kang ndriya yayah lena tan kanyut.
Dalang : Dangu den ya pacakara. Prabu duryudana ngasta pusaka gadha lambitamuka. Werkudara gada pyai lukitasari. Prabu duryudana datan saget nampi pralampita saking patih sengkuni. Nanging wekudara saya dangu tanggap dhateng sasmintanipun dyan arjuna. Saknalika dipun suk prabu duryudana. Lena kaprayitnane. Mentis kanan, kasabet gada Lukitasari, saknalika rumaos datanana dayane lumah jar saking padharatan nyemplung
telenging kedhung tuntung.
Gendhing
465.              Sengkuni   : “Rampung! ngger prabu Duryudana saking bodhone, ora isa nampa pralambang saka aku. Disabet gada mentise, saknalika gada kontal, mlayu banter mbuh nyandi. Dhuh, cilaka. Dheh agek aku mukti kemruyuk do teka nggonku. Saiki nek agek cilaka oleh, anak loro mati kabeh. Mantune siji ora ngerti karo maratuwa, udawa asu! Tekane wong tuwa ra tau ngajeni.”
Dhalang : Kacarita patih sengkuni sampun telas piyandele. Ngantos kawijil pangandikanipun, ingkang mboten saktep dipun wijilaken patih sengkuni. Awit watake wong tuwa, menawi ngeden duka karo anak mantu, asu menika mboten napa-napa. Sangking telas pangajeng-ajenge mboten kanyana-nyana, nyandhak kremplus utawi kupluk. Parengipun gawan yasa duk e ngono. Mboten priksa yen krepus menika gedhe dayane. Carita den banting paperangan udan watu.
Gendhing



DISC 7

466.              Sengkuni   : “Sekati njut anak-anak anti wati anti sura, sura basah. Lha lek jebul kuplukku iki mawa daya tak buanting paprangan udan watu perjuite Werkudara bubar mangut. He... tak sulukke ora ya awakku iki? Menang e.. Sengkuni. Nek ngono pancen iki lelakon iki arep mukteke Sengkuni. Ngastina wis entek wadya balane sing seh meng karek Sengkuni. Sengkuni menang trus mengko aku dadi ratu ning Negara Ngastina. Jejuluk Prabu Sengkuni. Rabi maneh aku. Rabi kidulku sing rada munggah gunung kae ngono lho, tua ya men ta. Tua ki ratu ok. Hihi.... Tak enggo ngeyem-eyemi pikirku ngono ta. Kupluk tak banting, udan watu paprangan medhal turu.”
850.              Kresna      : “Yai Arjuna.”
851.Arjuna     : “Kula.”
852.              Kresna      : “Ilang takkedhepe Yai Prabu Duryudana. Paman Sengkuni, mbanting kupluk paringane Kanjeng Eyang Abiyasa paprangan udan watu, perjuritmu bubar mangut.”
853.              Arjuna      : “Lajeng kados pundi?”
854.              Kresna      : “Dimas Janaka, keparenga matek septi angin. Nyuwun marang Hyang Widi Wasa, paprangan wedhal turu, udan ning ora patek deres, udan angin ning ora patek deres. Supaya mbabar perbawa adhem, njekut. Nek kira-kira Paman Sengkuni mengko wis kadhemen, racuten septi angin, Sang Hyang Bhagaswara men katon.”
855.              Arjuna      : “Inggih.”
856.              Kresna      : “Nek wis serngengene kethok, mengo rak njut, kuplukke Paman Sengkuni dipepe, ning perjuritmu delikna ndhisek kabeh. Dadi kethokke kalah tenan karo Sengkuni.”
857.              Arjuna      : “Inggih.”
858.              Kresna      : “Nah nek wis kupluk iki dipepe, iki garapane Petruk. Kowe kudu isa nyolong kuplukke Paman Sengkuni.”
859.              Bagong      : “Lha nek nyolong iku Petruk, sip niku mangke. Petruk niku ora diprintah wae nyolong, pancen panguripane Petruk ki ro nyolong.”
860.              Petruk      : “Kowe, tak suwek lambemu e... iki ambak nyolong ning iki, kewajiban lho Gong, tugas. Kula nggih nderek, ning kula nggih  njaluk kanthi Bagong. Kowe engko sing godha Sengkuni ngono supaya gampang tak colong.”
861.Bagong     : “O... ya.”
862.              Arjuna      : “Nyuwun pangestu Bapa Prabu.”
863.              Kresna      : “Ingkang ati-ati.”
Mulat ngararisan Arjuna wis ngunya kang madya hamanungsa.e....
Matek aji septi angin Kyai Arjuna ketrimah panuwunipun paprangan udan rintik-rintik lan angin sumiyut sanalika mbabar prabawa adhem, njekut.
864.              Sengkuni   : “Waduh, ora ana mendhung tumemplekkane udan, ora patek deres ning ya ngleboske sandhangan, angine gedhe temen sanalika mbabar hawa adhem njekut, heh heh heh.... Memarenge yub nggone wis adoh banget, tekan pinggir kana ya wis malah wis entek kekuwatanku. Heh heh heh.... Lho kok mak byar serngengene kethok, hahaha kaiden panuwunku. Udane njut terang serngengene kethok, lha tak pepe. Ha... dipepe kene engko nek wis garing enggo ngamuk maneh ngono.”
865.              Bagong      : “(Mum 5x, mum 8x) 2x, cadhuk3x.”
866.              Sengkuni   : “Caduk-caduk ki apa iki?”
867.              Bagong      : “Barongan, niki reog. Mum 5x, mum 8x, cadhuk-cadhuk.”
868.              Sengkuni   : “Ora codhak-cadhuk ning kana, mbribeni sing do ngantuk.”
869.              Bagong      : “Kula niku mbarang, e....”
870.              Sengkuni   : “Udan-udan kok mbarang?”
871.Bagong     : “Lha udan kok ya ngelih ki, lha golek wareg ndadhak mbarang iki.”
872.              Sengkuni   : “Ora nanggap.”
873.              Bagong      : “Ora nanggap uwes codhak-cadhuk ning kene niku. Njaluk dhuwite!”
Sawetara Bagong karo Sengkuni lagi omong-omongan, Petruk njupuk kuplukke Paman Sengkuni sing lagi dipepe.
874.              Sengkuni   : “Kok enak temen njaluk dhuwit, apa aku nanggap kowe ndhuwene tak undhang ngono? Ora diundhang codhak-cadhuk kok, njaluk dhuwit. Ndhuweh a dhuwit ora tak kekna manungsa kaya kowe. Sumingkir, nyepet-nyepeti mripat.”
875.              Bagong      : “Jan ora ngeweki?”
876.              Sengkuni   : “Ora.”
Bagong muring-muring karo ninggalna Sengkuni.
877.              Bagong      : “Patih suzuki medhit, dijaluki dhuwit e ora entuk, karo Bagong e warna-warna. Codhak-cadhuk mung arep ngemis e....”
878.              Sengkuni   : “Wi lha iki.” (Noleh memburi, nanging pemenane wis ora ana ning kana).
E... leng-leng ngindriya mangun-mangun mangumpung wo...ono heee...
879.              Sengkuni   : “Haduh katrangane Bagong iku mau nggodha aku. Ilang kerpusku dicolong sapa iki mau? Aduh, Werkudara mrene!”
880.              Werkudara: “Sengkuni bapakku, kecekel tanganku.”
Werkudara perang karo Sengkuni. Wetenge Sengkuni disudhet Werkudara nganggo kuku Pancanaka, nanging ora mempan. Werkudara banjur ninggalna Sengkuni.
881.Semar      : “Wonten napa, den?”
882.              Werkudara: “Wah kuwilangan.”
883.              Semar       : “Wonten napa?”
884.              Werkudara: “Sengkuni bapakku tak sudhet kuku Pancanaka, mendhat.”
885.              Semar       : “Wo, lha sampeyan arep mungsuhi Sengkuni mboten ngendika kalih kula. Sengkuni niku ndek rebutan lenga thala rak nggandhuli tangan sampeyan no. Wo tak eling lenga thala ning suketan niku, Sengkuni rak gulung teng suketan. Badhan sekujur kaya diwedhaki lenga thala, mula ora tedhas tepak palusisaning gurindha. Ning wonten papan sing ora kambah lenga thala enggone ndhelik.”
886.              Werkudara: “Ana ngendi?”
887.              Semar       : “Medhi Canthoka. Medhi niku silit, canthoka niku kodhok, teng silit kodhok. Dadi pangapesane Sengkuni niku teng nggon silit kodhok.”
888.              Werkudara: “Tak sudheti kuku Pancanaka.”
Werkudara ketemu maneh karo Sengkuni, arep mateni Sengkuni.
889.              Sengkuni   : “Ora papa, aku ok. Ora tedhas tepak palusaning pandhe. Wis kanggonan wahyu ratu ok. Sudhet kuku pancanaka ya mendhat.”
890.              Werkudara: “Sakdhurunge kowe mati sandhata bapa ngakasa ing bumi pertiwi. Kene merganing patimu.”
891.Sengkuni  : “Akamblus.”
Saya duka Raden Werkudara. Midhanget wangsulanipun Sengkuni lan ngulat solah bawane Sengkuni anggenipun ngewak-ewakaken, sidra pake Sengkuni den jungkelaken. Sirah wonten ngandhap, suku wonten nginggil. Para pamriksa saged nggambaraken piyambak, yen sirah wonten ngandhap, suku wonten nginggil, sandhanganipun tentu nglembrek mangandhap sedaya. Sanalika medhi canthaka ketingal den sudhet dyan Brata Sena. Pinesthi keparening Bethara Sirna merga layu, awit saking srudhukanipun Raden Werkudar enget. Dhumadine perang Bharatayuda awit saking lincip lidahipun Sengkuni, mila mandi prasetyanira pribadi nalika Kresna manjing dadi dudha. Sengkuni ngoceki gedhang kelakon Negara Ngastina kecekel Pandawa nek kuwandhane Sengkuni wis kaya gedhang ocekan. Mila tutuk den suwek, niktranipun dipun jewer, kulitipun Sengkuni diun klocot pejah pake Sengkuni kuwandhani ngglinthing kaya gedhang ocekkan. Oo......
(Sengkuni dipateni Werkudara. Badhane Sengkuni diwolak-walik, sirahe Sengkuni dijungkelke ana ngisor, dene sikile ana ing ndhuwur. Banjur disudheti nganggo kuku Pancanaka. Pawarta matine Sengkuni nganti tekan pesanggrahan Hupalawiya. Dewi Kunthi sedhih banget kerungu pawarta yen Sengkuni mati).
892.              Werkudara: “Iyah... Tak patah.... Iyahhh....”
893.              Sengkuni: “Aduh... A.... Aduhhh....”
Ungun-ungun tyasnya dyan Werkudara, priksa kuandhanipun matine Sengkuni kaya gedhang ocekkan. Pawarta pejahipun Sengkuni dumugi pesanggrahan Hupalawiya. Kacarita Dewi Kunthi dugi midhanget Sengkuni pejah. Sigra ngupadhi peputra dyan Bratasena, Dewi Kunthi talibrek.
O... O... O...
894.              Dewi Kunthi: “Sena.”
895.              Werkudara : “Apa Kunthi, babuku?”
896.              Dewi Kunthi       : “Apa kepara nyata Sengkuni wis tekaning pati?”
897.              Werkudara        : “Wis.”
898.              Dewi Kunthi       : “Sing mateni sapa?”
899.              Werkudara        : “Aku. Tak klocoti lulange, kuwandhare ning burimu gumlinthing kaya gedhang ocekkan. Kejaba tak suwek cangkeme uga, merga dhumadine perang Bharatayuda seka adu manising rembug Sengkuni bapakku.”
900.              Dewi Kunthi       : “Jaguk.... Yen mangkana aku patenana wae Bratasena.”
901.Werkudara       : “Sengkuni tak pateni kok kowe keranta-ranta pikirmu, apa kowe nyimpen rasa tresna karo Sengkuni?”
902.              Dewi Kunthi       : “Kowe aja kleru panampa. Nalika cah mbangun lenga thala Sengkuni kuwi nggoleki lenga thala dianggep aku sing ndelikke. Diadhul-adhul busanaku, kasemekanku diudhali karo Sengkuni. Mangka aku pinuju ora eling marga aku wis lumayu adoh karo Rama Abiyasa. Bareng aku eling aku ora ngagem kasemekan, sanalika aku diagemi lara tani jubah Rama Abiyasa tekan saprene. Nanging aku apratila ora pati-pati aku ngangge kemben nek ora nganggo lulange Sengkuni. Mangka sakiki Sengkuni mati wis ora duwe lulang. Nek ngono aku ora isa ngesahke punagiku, Sena.”
903.              Werkudara        : “Dadi sing muk butuhke mung lulange Sengkuni?”
904.              Dewi Kunthi       : “Iya.”
905.              Werkudara        : “Aja kuwatir. Tak beseti lulange iki mau ana sing keri semlempit ning kukuku.”
906.              Dewi Kunthi       : “Lha nek mung sumlempit ana ning kukumu, lha apa kena tak enggo kemben?”
907.              Werkudara        : “Iki nek digelar 2 meter ya ana, tak kandhani.”
908.              Dewi Kunthi       : “Jagad. Yen mangkono ki ja kemayangan, sah na punagiku.”
909.              Werkudara        : “Ayo tak caoske Ibu Kunthi, lulange Sengkuni enggonen kembenan.”
Oooo.............ooo...
Tri gumawur mangawur-awur muran. E.... Ngaraning aji urip. O... Konver madru gangsa. Tetekaya butula. He.....
Raden Werkudara nganthi wonten tandyining kedhung tuntun. Pagedhonganing carita, Prabu Duryudana pinanggih Sang Hyang Rekatatama, dipun paringi Pusaka Godha Inten. Mijil saking kedhung tuntun bekta pusaka Gadha Inten. Gawane dipun lumampah Prabu Duryudana nyundhul ganggeng limah lumut, kejetek guru wekasan Werkudara ge nganggep beburon saking telenging kedhung lumajar kapianteng.
910.Kresna             : “Ana apa Werkudara?”
911. Werkudara       : “Wah aku ngenteni Duryudhana kakangku ana tandyining kedhung tunthun ana beburon saka kedhung iju teng krembyak, kaget.”
912.Kresna             : “Kowe kurang menep rasamu, kae dudu beburon, kae yayi Prabu Duryudhana.”
913.Werkudara       : “Lumuten.”
914.Kresna     : “Ora lumuten. Le tindhak nyundhul gandheng karo lumut.”
915.Werkudara       : “Gawa gadha gedhe.”
916.Kresna             : “Gedhe ning kae kathong, suwung blung, kelingan ora? Gadha Inten ingkang diparingi biyen kowe, nanging tumeka mustina ilang ora kena ditonton. Digetak dening Rama Prabu Salya nganggo Aji Candra Birawa ya tiba ana ning kana, ya kae Gadha Inten aja kowe wedi.”
917.Werkudara       : “Dudu aku”.
918.Kresna             : “Ning ngendi ngono pangestumu tak jaluk.”
E.... Satrulayu gajah elar. O.... E....
919.Duryudhana      : “Werkudara.”
920.              Werkudara        : “Apa?”
921.Duryudhana      : “Durung rumangsa kalah, ayo kembarana kapidayanku. Ora tak indhani. Gadha Inten tantanana.”
922.              Werkudara        : “Lupitasari pinarya kaleming.”
Werkudara lan Duryudana perang.
Rame denya paca kara dawane Gadha Inten wus kothong ora ana isine. Dhene tek mawi Gadha Lupitasari saya alit-saya alit kantun sak jangkil. Prabu Duryudana leh na kaprayitna kenging den kepruk Gadha Lupitasari sanalika ambruk. Saking srudukanipun Raden Werkudara kajambak rekmane Prabu Dhuryudana. Pasuryanipun den sapaken sela gupik. Sanalika mlocot kulit dagingeng pasuryan, waja ketingal mrangas, pipi ical, irung grumpung. Telapukanipun nitra tethel kantun mripat mlorok sirna sipate Prabu Duryudana yayah gandharwa ingkang kuthak ludira.
(Duryudana perang karo Werkudara)
O.... Ical pasuryanipun Prabu Duryudana. Pipine tetel, irung grumpung, lambe ical miwah janggut, telapukane uga tetel kantun niktra mlorok maja mrangas turta kutah ludira dereng pejah saweg setengah pejah rukmendaya.
923.              Duryudana : “Wah Werkudara, anggepmu kowe menang mungsuh aku ya? Aku saat dikuthuk pateni kabeh, nanging lelakon iki sing menang tetep Duryudana. Kowe wiwit cilik tak cecenggring, tak siya-siya, uripmu ning alas, manganmu kapiran, ngumbemu kapiran. Bedha aku saksedulur, mangan enak, ajang piring sutra, kuping ngrungokke suara-suara kang nengsemake, mripat ndelok keuripan kang nyenengke. Balik kowe, turu alas, gandrung karo sing jenenge utama. Mangka jane utama karo ora nek wis modhar padha wae. Aku sakdhulur tok pateni kowe anggepmu menang Bharatayuda iya? Ngukup Negara Sina, iya? Negara Ngastina wis entek bandhane, negara wis kothong. Bandhane tak enggo ragad perang. Wong enom-enom wis entek, do mati, sing ana mung kari wong kaki-kaki, wong tua-tua, randha, karo cah cilik-cilik. Kuwi sesok ngimbuhi gaweyanmu, kowe kudu ngayomi karo kuwi.”
924.              Kresna      : “Arep apa Werkudara?”
925.              Werkudara        : “Arep tak gecek sirahe.”
Kresna      : “Kuwi suwarane wong sekarat. Ning bener pangandhikane yayi Prabu Duryudana, nanging bener mau pirang-pirang bener, bisa didadekake 3. Bener mungguhe awake dhewe, bener mungguhe laku utama, bener mungguhe wong akeh. Bener mungguhe awake dhewe ya kaya tekade yai Prabu Duryudana. Ya mung gedhe-gedhe cilik-cilik. Kepengen dhuwe neng aja kangelan ndadhak tuku, ning isa nyekel. Pamane cilik ijen do ijen, mlaku nok ndalan. Nganggo sandhangan becik kok kepingin nduweni. Sing nganggo sandhangan becik ditindhil sirahe. Semaput sandhangane didhedhel. Bener tumrap sing nglakoni kuwi, ya mung nek sing gedhe, mangan gedhuwis. Tangane kuwi mung karep awake dhewe, nek wong cilik. Nek wong gedhe mangan dudu kek’e ora mung wareg awake dhewe, wareg sak anak putune ngono lho, kaya yai Prabu Duryudana. Nek benermu ngge laku utama nek ndak iki wulanganing agama suci. Nek nindakkki piwulange agama suci, wong mateni wong ki dosa, aja kok mateni, wong ngandhakke elekke wong liya iku wis dosa, nanging Werkudara iku satriya. Ngenggonana bener mungguhe wong akeh. Nadyan Duryudana iku sadhulurmu tua, ning tumindhakke dadi rekaning jagad, nek kowe nandhani malah kowe tethel kasatriyanmu.”

0 komentar:

Posting Komentar