Kamis, 03 Desember 2015

Dasanama kanggo piwulangan SMP lan SMA



BAB I
PENDAHULUAN

1.1 Latar Belakang
            Basa jawa ing piwulangan ana ing sekolah kuwi penting banget. Kautamanane saka pelajaran basa jawa kuwi amarga melajari babagan budaya jawa lan unggah-ungguh basa jawa. Budaya jawa kuwi uga macem-macem, kayata seni wayang, tembang macapat, geguritan, lan liya-liyane. Kuwi kabeh ora asing kanggone siswa sing oleh pelajaran basa jawa ana ing sekolah.
Dene materi-materi kang ana ing piwulangan basa jawa kuwi akeh, salah sijine yaiku dasanama. Dasanama kuwi uga diarani sinonim, yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.
Ing zaman sakiki pangertene ngenani tembung-tembung basa jawa ing kalangan siswa kuwi minim. Kuwi bisa disebabake amarga ing dhaerah siji lan sijine nggunakake tembung sing bedho, nanging nduweni makna kang padha. Kang nyebabake akeh siswa sing ora ngerti tembung siji lan sijine. Mula saka kuwi ing makalah iki ngandharake babagan dasanama. Kang isine ngenani pangertene dasanama lan tuladha-tuladhane dasanama.
1.2 Rumusan Masalah
1.      Apa ta kang diarani dasanama?
2.      Apa ta dhasar-dhasare?
3.      Apa ta metode sing nggampangake sinau dasanama?
1.3 Tujuan Masalah
1.      Mangerteni pengertene dasanama.
2.      Mangerteni dhasar-dhasare.
3.      Mangerteni metode sing nggampangake sinau dasanama.


BAB II
PEMBAHASAN
2.1 Pangerten Dasanama
Dasanama yaiku saka tembung dasa lan nama. Dasa artine sapuluh lan nama artine aran utawa jeneng. Dadi dasanama kuwi tegese jeneng kang akehe ana sepuluh. Utawi tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha. Miturut kawruh Kasusastran, tembung dasanama ora mung tumrap ing jeneng wae, nanging uga tumrap ing tembung-tembung akeh (tarkadang cacahe nganti 10 temenan, kadang malah ana sing nganti luwih saka 10) kang padha tegese utawa meh padha tegese.
Dasanama kuwi cocog kanggo piwulangan ana ing SMP/SMA, amarga:
1. supaya para siswa ora mung ngerteni siji tembung thok, nanging uga ngerteni jeneng tembung sing liyane sing dhuweni teges kang padha,
2. nalika didhepi tembang macapat ora bingung tembung-tembunge. Amarga biyasane tembang-tembang macapat kuwi nggunake tembung-tembung sing tegese padha, nanging tembunge bedho.
2.2 Dhasare
Para siswa akeh sing angel nyinauni basa jawa. Kuwi dibuktekake kurange minat lan semangat para siswa nalika pelajaran basa jawa, lan uga biji sing padha sithik, kuwi biji ulangan, rapot utawa ujian sekolah. Ora mung siswa sing ngarani basa jawa kuwi angel, setengahe guru uga ngerasakake anane kangelan olehe mulang basa jawa ana ing kelas.
Olehe ngemas carane mulang ana ing kelas kuwi mrihatinke. Para guru nggunakake metode sing iseh statis, yaiku mung nggunakake metode ceramah, durung manfaatake alat peraga sing sempurna, lan olehe nguwasani materi uga iseh terbatas.
Langkah-langkah sing bisa dienggo kanggo ningkatake prestasi nyinauni basa jawa, yaiku bisa lewat modifikasi olehe nggunakake metode, optimalisasi olehe nggunakake peraga, strategi pasinaon sing trep lan uga nambahi referensi sumber pasinaon.
Dasanamane tembung, kuwi salah sijine bagian saka materi basa jawa sing dikeluhke dening para siswa lan guru. Jarene materi kuwi kalebu materi sing angel.
2.3 Metode sing Nggampangake Sinau Dasanama
Saka sabab-sabab kang kaperang ing dhuwur, ana salah siji cara utawa metode sing bisa dienggo kanggo nggampangake ana ing pasinaon basa jawa. Metode kuwi yaiku nganakake utawa gawe kamus cilik sing isine ngenani babagan dasanama. Kamuse kuwi cilik, praktis lan kreatif supaya gampang digawa ing endi wae.
Muga-muga anane kamus pinter tentang dasanama tembung lan watake tembang macapat bisa dienggo kanggo solusi masalah-masalah ana ing dhuwur. Ing ngisor iki ana tuladhane kamus cilik kasebut:
No
Tembung
Dasanamane
1
Abang
Abrit,  mbranang, jingga, rekta
2
Alas
Jenggala, wana, wanadri, luwung
3
Anom
Timur mudha, taruna, taruni
4
Arep
Ayun, apti, arsi, arsa, septa
5
Anak
Atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga 
6
Angin
Bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut. 
7
Awak
Badhan, sarira, raga
8
Bangke
Mayit, parasu, kunarpa, wangke, sawa, kuwanda
9
Banyu
Her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala  
10
Bapa
Bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah 
11
Bodho
Blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung 
12
Bumi
Bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma 
13
Buta
Asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil 
14
Dalan
Delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana 
15
Dhewe
Pribadhi, priyangga, anggana
16
Dhuwit
Arta, yatra, uwang, picis
17
Dhuwur
Luhur, inggil, dhuhur, punjung
18
Endah
Apik, raras, peni, rum, halep, resmi, wicitra
19
Geni
Agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka 
20
Godhong
Ron, patra, rondhon
21
Gunung
Aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir 
22
Ibu
Biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi 
23
Ireng
Cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking 
24
Iwak
Matsura, mina, ulam 
25
Jaran
Aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik 
26
Jeneng
Asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger 
27
Kaya
Kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha 
28
Kethek
Juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre 
29
Kraton
Dhatulaya, kedhaton, pura, puri 
30
Kuning
Jenar, kapuranta, pita 
31
Lanang
Jaler, jalu, kakung, priya 
32
Langit
Akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat 
33
Lara
Gerah, gering, roga, sakit 
34
Lintang
Kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang 
35
Omah
Graha, panti, wisma, yasa 
36
Pinter
Guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya 
37
Sedih
Dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena 
38
Slamet
Basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada 
39
Wadon
Dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri 


BAB III
PANUTUP
3.1 Dudhutan
Para siswa akeh sing angel nyinauni basa jawa. Ora mung siswa sing ngarani basa jawa kuwi angel, setengahe guru uga ngerasakake anane kangelan olehe mulang basa jawa ana ing kelas. Kanggo ningkatake prestasi nyinauni basa jawa, yaiku bisa lewat modifikasi olehe nggunakake metode pasinaon.
Salah siji cara utawa metode sing bisa dienggo kanggo nggampangake ana ing pasinaon basa jawa. Metode kuwi yaiku nganakake utawa gawe kamus cilik sing isine ngenani babagan dasanama. Kamuse kuwi cilik, praktis lan kreatif supaya gampang digawa ing endi wae.


KAPUSTAKAN:
Padmosoekotjo, S. Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.

0 komentar:

Posting Komentar