Senin, 21 Desember 2015

Wacanan



PEMILU
          Pemilu iku cekakan saka tembung pemilihan umum. Tegese para warga diwenehi kebebasan milih wong kang dipercaya kanggo mimpin bangsane dhewe lan milih para wakil rakyat ing DPR.
          Pemilu uga kanggo milih presidhen. Para warga bisa langsung milih wong kang dipercaya. Dene kanggo milih para wakil rakyat ing DPR iku ora langsung milih wong, nanging sing dipilih iku wujud gambar utawa lambang partai minangka tenger gantine wong kang dipercaya. Mula melu Pemilu ateges milih gambar partai sarana nyoblos gambar kang cocog karo pilihane ati.
          Ing negarane dhewe pemilu dianakake saben limang taun sapisan. Ateges saben limang taun sapisan milih wong kang dipercaya bakal dadi wakil lan ngatur nasibe rakyat.
          Sarehning pemilu iku dadi sarana kanggo milih bakal pemimpin, mula saben warga negara sing wis diwasa prayoga melu pemilihan umum. Melu pemilu kalebu tumindak kang utama. Awit milih para wakil rakyat lan pemimpin kang becik ateges melu gawe tentrem lan tumatane bangsa negara.

0 komentar:

Posting Komentar