Senin, 21 Desember 2015

Tradhisi Ruwatan



Ruwatan kui saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni.
Dene Upacara Ruwatan kui nduweni teges ngresiki, lan nyuceakake menungso saka kasusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa, utawa wilayah saka ancaman bahaya. Intine upacara ruwatan iki sejatine ndonga, nyenyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake sial.
Asal-usul ruwatan:
Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, Kala artine bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.

Crita singkate ngene :
Wektu kui Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma. Mabur ning dhuwur samudro numpak lembu Andhini. Bathara Guru ora bisa nahan nafsu, kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Nanging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe (sperma) Bathara Guru tiba ning donya, lan malih dadi makhluk sing gedhe, yaiku raseksa. Raseksa kui mau mabur ning kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara Guru. 
Bathara Guru ngakoni menawa kui putrane, lan raseksa kui dijenengke Bathara Kala. Kala takon karo bapake, menungsa sing koyo piye sing ethuk dadi pakanane. Bathara Guru njawab, yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial amarga lairane utawa menungso sing nduweni dosa. Kala medhuk nyang donya lan nggoleki mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak sukerta kuwi akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungso ning donya bakal enthek dipangan Kala. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji.

Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan kanggo anak sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala. Upacara Ruwatan nganggo nanggap wayangan sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji kanggo sangu Bathara Kala lungo nyang panggonane.

Tujuan Ruwatan:
Ruwatan iku tujuane kanggo mbalekake neng keadaan sedurunge, maksude keadaan saiki sing kurang apik dibalekake neng keadaan sudurunge sing apik. Tujuan liya ruwatan yaiku mbebasake wong utawa barang utawa desa saka ancaman bencana sing kemungkinan bakal kedadiyan dadi isa dianggep yen upacara adat iki sejatine kanggo tolak bala utawa mbuang sial.

Sumber: http://www.beritajawa.com/2015/02/arti-upacara-ruwatan.html

0 komentar:

Posting Komentar