Rabu, 23 Desember 2015

Lucu



NYETRUM MALING

Jaman biyen ana maling cilik-cilikan kayata maling woh-wohan. Sapa wae sing duwe wit pelem, jambu, rambutan lan sapanunggalane kudu ngati-ati. Esuk-esuk mesthi ngerteni yen woh-wohane dicolong wong.
Cak Dar pirang-pirang dina muring-muring. Dheweke bingung muter akal olehe arep nangkap maling sing saben dina ngrampok woh-wohane. Arep njaga woh-wohane nganti esuk, dheweke ora betah melek. Apa maneh yen ngelingi menawa iku mesthi nekad, mangka Cak Dar ora wani gelud.
Dumadakan dheweke nemu akal. Kebeneran desane lagi wae klebon aliran listrik mbarengi program Listrik Masuk Desa. Mula pager sing kulina dilumpati maling banjur diwenehi kawat wuda sing dialiri listrik, saengga wong sing arep nyolong woh-wohan mesthi kesetrum. Temenan. Meneri Dina Jemuah Legi, esuk-esuk desane Cak Dar geger kepati. Ana wong loro nemahi tiwas nemplek ing pager kebone Cak Dar. “Kapokmu kapan!” batine Cak Dar.
Nanging ora let suwe genti Cak Dar sing diringkus polisi. Bukti-buktine wis cetha, dhewekke ora bisa suwala. Cekaking crita Cak Dar sida dikunjara sawetara taun gara-gara nyetrum maling. “Oalah Rek.. masalah panganan wae kok, nganti mlebu kunjara. Saumpama dakkongkon ngepek wae, rak ora nganti kaya ngene,” getune ora uwis-uwis.

Dening: Agus Iswandriyanto
Jl.Ir.Soekarno 96, Tempeh, Lumajang

0 komentar:

Posting Komentar