Rabu, 23 Desember 2015

Ayo Nulis



Karangan Eksposisi

Karangan eksposisi tegese karangan kang nyritakake sawijining proses. Ancas karangan eksposisi yaiku maparake, njlentrehake (menjelaskan), lan ngandharake informasi, supaya pamaos bisa nampa isine andharan mau. Wacana eksposisi lumrahe digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu, metodhe, cara gawe sawijining barang, lan proses dumadine sawijining prastawa kang bisa ditonton ing TV.
Tuladha:
Mendhem Ari-Ari

          Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing lumrahe ditindakake dening wong Jawa, malah uga saka suku liya kayata ing Sunda. Ari-ari iku saluran antarane ibu lan bayi wektu bayi isih ing jero rahim. Jeneng liya kanggo ari-ari yaiku arumana utawa embing-embing. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembare bayi mau, mulane ari-ari kudu dirumat lan dijaga, umpamane papan kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (lumrahe senthir). Iki dadi simbol “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki kudu urip nganti 35 dina (selapan). Sadurunge dipendhem ari-ari mau dikumbah nganti resik banjur dilebokake ing kendhi utawa bathok klapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, kendhi mau diwehi godhong senthe banjur dibungkus kain mori. Kendhi digendhong, dipayungi, lan digawa menyang papan kanggo mendhem ari-ari mau. Papane kudu ing sisih tengen lawang utawa omah. Sing mendhem kendhi kudu bapake bayi mau.

0 komentar:

Posting Komentar