Minggu, 27 Desember 2015

Gamelan_Gong



Gong

Gong

Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palangan gayor sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong.[1]Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan

Wujud
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,[2] lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.

Swara
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané, yaiku kanthi nadha 3(telu)

Fungsi
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan utawa dadi pratandha pungkasé sawijining tembang lan gérong dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.

Sumber: https://jv.wikipedia.org/wiki/Gong

0 komentar:

Posting Komentar