Klenengan Selasa Legen
Nyebar
Pitutur Luhur Liwat Tabuhan Gendhing
Tabuhan gendhingKebo Giro pelog barang kang
kasusul Ladrang Wilujeng pelog barang ing wayah wengi kuwi miwiti adicara
Klenengan Selasa Legen kang dibabar ing Balai Soedjatmoko Solo, Senen (1/2).
Klenengan Selasa Legen ing kalodhangan iku murwakani taun 2010, sawuse ing sasi
Januari wingi ora ana dina Selasa Legi. Kanggo wiwitan Klenengan Selasa Legen
iki, Balai Soedjatmoko ngepyakake pepanthan karawitan putri Srikandi Laras kang
disengkuyung saka Sanggar Seni Sekar Jagad saka Kotakan RT 04/RW VI, Desa
Bakalan, Kecamatan Polokarto, Kabupaten Sukoharjo. Anggotane yakuwi sing nyebar
ing Sukoharjo kang duweni pamikiran padha, yakuwi kepengin nguri-uri kabudayan
Jawa.
Srikandi Laras kang Dipandhegani dening Painemi
AMPd, wengi kugadeggwi kaya-kaya bisnambani rasa ngelake para warga kang wus
suwe ngenteni larase swara gending ing papan kono. Pepanthan karawitan putri
iku gadeg awit taun 2008 kapungkur, kanthi anggota sing sakabehe wong wadon.
Mula iku, anane Srikandi Laras iki bisa nyuguhake babaran kang beda tinimbang
pepanthan karawitan liya sing akeh-akehe didominasi
wong lanang.
Garapane para wanita iku pantes ditungi jempol
dening para pamirsa utawa warga bebrayan sing ngebaki Balai Soedjat moko.
Garapane pancen apik, alus, tur laras. Kurang luwih 11 gendhing sing ditabuh
kuwi kabehe garapane apik. Apa maneh, gendhing riptane Srikandi Laras dhewe,
yakuwi lancaran Sega Thiwul lan lancaran utawa lelagon Dewi Sri. Rong gendhing
kuwi ora awates gendhing kaya salumrahe gendhing, nanging duweni makna lan
ngamot pitutur luhur marang warga bebrayan minangka dadi bahan pamikiran kang
bisa dianggo sangu ngadhepi kahanan ing jaman saiki. Bisa uga, rong lagu kuwi
dadi sarana ngajak sakabehe wong supaya bali nguripi potensi lokal sing bisa
nglawan arus global.
Kaya ing lancaran Sega Thiwul, liwat gendhing
iki, coba didungungake manawa awake dhewe iki lagi diadhepake marang kahanan
donya sing sarwa kapitalis, uga tragedi pertanian sing wus kebak apa-apa sing
mambu bahan kimia.
Kelangan
tradhisi
“Awake dhewe nyoba
ngajak bali maneh ing potensi lokal. Kabeh warga nresnani dhaharan sega thiwul,
dudu hamburger utawa steak. Sega thiwul iki sanajan sepele, nanging ya ngandhut
gizi akeh. Liwat Sega Thiwul iki, aku sakanca uga pengin ngajak kabeh pehak
supaya luwih ngajeni para tani. Wong dhuwuran dhewe tanpa para tani mesthi ya
ora bisa mlaku,” pratelane Joko Ngadimin, pangarsa Sanggar Seni Sekar Jagad,
nalika ditemoni ing saselane acara.
Dene lancaran Dewi Sri, jarene
Ngadimin, nggambarake kahanan ing jaman saiki, yaiku warga bebrayan wus
kelangan tradhisi caos dhahar dhumateng Mbok Sri utawa Dewi Sri, sing diprecaya
saperangane wong minangka dewine pari.
“Ndhisik para tani isih ngadani
tradhisi methik wiwit. Kabeh ngugemi manawa nyingkiri utawa ninggalake tradhisi
kuwi mesthi parine bakal diserang ama. Liwat gendhing iki, coba dielingake
maneh lan ngajak bali ing tradhisi luhur mau. Apa maneh, ing Sukoharjo saiki
lagi entuk serangan ama tikus gedhen-gedhenan. Iki wanci sing pas kanggo ngajak
nguripake tradhisi caos dhahar dhumateng Dewi Sri,” tandhese Ngadimin.
Kapetik saka: Jagad
Jawa Solopos
0 komentar:
Posting Komentar