Kamis, 03 Desember 2015

Artikel babagan ijazah palsu


TERLIBATE DUNIA PENDIDIKAN
ING SAJRONE KASUS IJAZAH PALSU

Kedadeyan sing ana ing sajroning masyarakat saiki yaiku pengin cepet ngrampungake perkara, nanging ora mikirke akibat sing bakal ditimbulke saka perkara kuwi. Padahal perkara kuwi wis cetha-cetha dilarang Pemerintah nanging kok ya iseh dilakoni. Manungsa mung mikirke kesenengane awake dhewe thok, tanpa dipikir-pikir dhisik apa kuwi sing dilakoni bisa nyebabake rugine awake dhewe lan wong liya apa ora.
Salah sijine yaiku durung suwe iki jagad pendidikan ing negara kita digegerake dening ijazah palsu sing ditemokake dening Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Ing salah sijining perguruan tinggi sing embel-embele mancanegara, kementerian nemokake yen ana ijazah sing bisa gampang dientuki dening sapa wae kang bisa bayar larang. Babagan iki temtu gawe rusaking pendidikan kita, apamaneh yen nganti wong-wong kang njabat utawa makarya ing posisi kang penting, ana sing biyene dhaftar kerja nganggo ijazah palsu iku. Nyatane pamarintah ora sacara tinarbuka ngumumake sapa wae kang dadi “alumni” perguruan tinggi kuwi mau saengga duwe ijazah palsu.
Kasus anane ijazah palsu kuwi wujud saka rusake moral lan pendidikan sing ana ning Indonesia. Para pelakune kuwi ora liya saka kalangan pendidik. Para pendidik sing arep melu Panitia Pendidikan dan Latihan Profesi Guru (PLPG) kuwi tujuwane supaya nduweni sertifikat ngajar. Yen guru ora melu PLPG maka ora duwe sertifikat. Padahal yen nduweni sertifikat ngajar, dheweke kuwi bisa nduwe pagawean kang gaji utawa upahe lumayan mungguhe para pengajar. Mangka saka kuwi para pendidik nggunakake macem-macem cara supaya nduweni sertifikat kuwi, salah sijine yaiku gawe ijazah palsu.
Ora mung amarga pengen nduweni pegawean kang penak kanthi upah sing lumayan thok. Ana uga sing tuku pangkat utawa gelar kuwi amarga mung pengen dihormati lan dialem wong. Yen nduweni pangkat utawa gelar sing dhuwur mesthi biyasane bakal dianggep wong sing nduweni pendidikan sing dhuwur lan pinter. Djarot (25/5) nyatakne “Inilah kalau masyarakat kita cinta gelar, makanya banyak yang manfaatkan keadaan ini”.
Babagan ngenani ijazah palsu kuwi ana ing sajrone pasal 263 Kitab Undang-undang Hukum Pidana (KUHP), sing unine: (1) Barang siapa membuat surat palsu atau memalsukan surat yang dapat menimbulkan sesuatu hak, perikatan atau pembebasan hutang, atau yang diperuntukkan sebagai bukti daripada sesuatu hal dengan maksud untuk memakai atau menyuruh orang lain memakai surat tersebut seolah-olah isinya benar dan tidak dipalsu, dipidana jika pemakaian tersebut dapat menimbulkan kerugian, karena pemalsuan surat, dengan pidana penjara paling lama 6 tahun. (2) Dipidana dengan pidana yang sama, barang siapa dengan sengaja memakai surat palsu atau yang dpalsukan seolah-olah asli, jika pemakaian surat itu dapat menimbulkan kerugian.
Dene sing khusus kanggo ijazah, sing ana ing sajabane KUHP ana peraturane dewe, yaiku ana ing Pasal 69 ayat 1 UU No. 20 Tahun 2003 tentang Sistem Pendidika Nasional sing ngatur yen Setiap orang yang menggunakan ijazah, sertifikat kompetensi, gelar akademik, profesi, dan/atau vokasi yang terbukti palsu dipidana dengan pidana penjara paling lama lima tahun dan/atau pidana denda paling banyak Rp 500.000.000,00 (lima ratus juta rupiah).”
Kanyatane kecurangan-kecurangan sing ana ing sajrone dunya pendidikan wis dadi penyakit akhlak sing durung ana obate. Isa uga malah ora ana obate, yen para masyarakat tetep wae ora sadar-sadar yen perkara kuwi ora apik nek dilakoni. Ora mung para muride thok, nanging para guru uga ora ketinggalan saking ngelakoni kecurangan ing sajrone pendidikan.
Guru kuwi pendidik profesional sing tugas utamane yaiku mulang, ngajar, ngarahke, ngelatih, lan biji para muride. Kang ana ing pendidikan anak usia dini, pendidikan dasar, utawa ana ing pendidikan menengah. Sawetara ing liya panggonan tingkahe kuwi ora trep karo kode etik utawa karakter sejatine guru awit ana ijazah palsu utawa ijazah ilegal. Yen gurune wae ngelakoni ngono apa meneh muride besok. Kan ana unen-unen ”Guru kuwi digugu lan ditiru”. Saliyane kuwi uga ana unen-unen “Guru kencing berdiri, murid kencing berlari”. Muride besok malah bisa luwih parah saka gurune.
Dene kode etik guru kuwi kaya kang ana ing pasal 1 lan 2 bagian siji ngenani pangertene, tujuwan lan fungsi kode etik guru. Kang isine yaiku ana ing pasal 1 ayat (1) unine Kode Etik Guru Indonesia adalah norma dan asas yang disepakati dan diterima oleh guru-guru Indonesia sebagai pedoman sikap dan perilaku dalam melasanakan tugas profesi sebagai pendidik, anggota masyarakat, dan warga negara.
Pasal 2 ayat (1) unine Kode Etik Guru Indonesia merupakan pedoman sikap dan perilaku bertujuan menempatkan guru sebagai profesi terhormat, mulia, dan  bermartabat yang dilindungi undang-undang. Pasal 2 ayat (2), Kode Etik Guru Indonesia berfungsi sebagai seperangkat prinsip dan norma moral yang melandasi pelaksanaan tugas dan layanan profesional guru dalam hubungannya dengan peserta didik, orang tua/ wali siswa, sekolah dan rekan seprofesi, organisasi profesi, dan pemerintah sesuai dengan nilai-nilai agama, pendidikan, sosial, etika, dan kemanusiaan.
Kasus ijazah ilegal ana nalika Mentri Riset, Teknologi, dan Pendidikan Tinggi lagi ngadakake inspeksi dadakan ing Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi (STIE) Adhy Niaga ing Bekasi pertengahan Mei 2015. Perguruan swasta kuwi ngeluluske mahasiswa sing ora layak diwisuda amarga durung nykupi syarat wisuda. Sawuse ngadakake proses verifikasi data, Kementrian Riset, Teknologi, dan Pendidikan Tinggi (Kemenristekdikti), Rabu (3/6), perkuliahan ning STIE Adhy Niaga disetop sedhelo.
Miturut dhata (Kompas, 4/6), STIE Adhy Niaga nduwe 3000 mahasiswa. Nanging, keterangane ora ana sing jelas ngenani mahasiswa anyar lan mahasiswa pindahan. Uga ora ana data ngenani kurikulum perkuliahan lan jaduwal akademik sing ngatur wektu pembelajaran, penelitian, lan penulisan karya ilmiah. Menurut dhata Kemenristekdikti, status STIE Adhy Niaga ora melaku.
Sejatine babagan iki wis ana kawet biyen, nanging kasus iki dibahas meneh amarga ana laporan saking masyarakat. Sekurang-kurange ada 18 Perguruan Tinggi sing nerapake lan ngelakoni praktek ilegal kasebut. 18 kamus sing dilaporke kuwi ana ing dhaerah Jabodetabek, Kupang lan Nusa Tenggara Timur. Kayata kampus STIE Adhy Niaga ning Bekasi, University of Barkley ing Jakarta, lan Universitas PGRI ing Kupang.
Sabenere praktek adol tinuku ijazah palsu kuwi ngelanggar UU Nomor 12 Tahun 2012 ngenani Pendidikan Tinggi. Dene ancamane kuwi di penjara paling suwe 10 taun, utawa denda maksimal sakmiliyar rupiyah.
Kementriaan Pemberdayaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi (Kemenpan-RB) nerbitake surat edaran kanggo nangani ijazah palsu, lan kanggo laku sabanjure saka terungkape sindikat pemalsu dokumen kasebut ing wektu-wektu sadurunge. Herman Suryatman (Kabiro Hukum, Komunikasi dan Informasi Publik Kemenpan-RB), kamis (28/5), ngungkapne "Setelah berkoordinasi dengan Menristek-Dikti, Menpan-RB akhirnya menerbitkan surat edaran dengan Nomor 03/2015 tentang Penanganan Ijazah Palsu di lingkungan instansi pemerintah seperti Aparatur Sipil Negara (ASN)/TNI/POLRI yang merupakan tindak lanjut terungkapnya sindikat penerbitan ijazah palsu baru-baru ini”.
Ing satengahe pendidikan karakter sing lagi digencarake dening Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan, mangka anane pemalsuan ijazah sing dilakoni dening para guru kuwi pancen gawe isine kita. Sejatine pendidikan karakter kuwi ora mung ngenani babagan bener lan salahe, nanging kepriye carane nerapake kabiyasaan sing becik marang para murid. Sing awujud jujur, tanggung jawab, tingkah laku sing becik, andhap asor lan liya-liyane.
Dene sing nyetuske pendidikan karakter ing Indonesia yaiku Megawati. Dheweke wis nyusun sanga pilar pendidikan mulya sing trep didadekke pathokan ana ing pendidikan karakter. Sing bisa diterapake ana ing sajrone sekolah utawa sajabane sekolah. Sanga pilar miturut Megawati ing sajroning buku Manajemen Pendidikan Karakter kuwi yaiku: (1)Cinta Allah dan kebenaran; (2)Tanggung jawab, disiplin, dan mandiri; (3)Amanah; (4)Hormat dan santun; (5)kasih sayang, peduli, dan kerja sama; (6)percaya diri, kreatif, dan pantang menyerah; (7)adil dan berjiwa kepemimpinan; (8)baik dan rendah hati; (9)toleran dan cinta damai.
            Saben-saben tembung kang ana ing sanga pilar pendidikan kuwi nduweni makna kang endah. Mula sangka kuwi diarepake supaya para pendidik, murid, pejabat, pengusaha lan liya-liyane nduweni sipat kaya kang ana ing sanga pilar pendidikan mulya kuwi. Supaya ora ngelakoni perkara-perkara kaya kang kasebut ing dhuwur mau.
           
Kapustakan:
Chazawi, Adami. 2001. Kejahatan Mengenai Pemalsuan (Pemalsuan Surat). Jakarta: Divisi Buku Perguruan Tinggi, PT RajaGrafindo Persada.
Mulyasa, H.E. 2011. Manajemen Pendidikan Karakter (Hakikat Pendidikan Karakter). Jakarta: Bumi Aksara.
Surya, Muhammad. 2013. Psikologi Guru Konsep dan Aplikasi (Profesi, Organisasi Profesi, dan Kode Etik Guru). Bandung: Alfabeta.
Khoiri, Ilham. 2015. “Ijazah Palsu dan Kepalsuan Pendidikan Kita”. http://print.kompas.com/baca/2015/06/09/Ijazah-Palsu-dan-Kepalsuan-Pendidikan-Kita. Diakses pada 9 Juni 2015 15:29 WIB.
R, Musdalifa. 2007. “Tinjauan Yuridis Terhadap Tindak Pidana Pemalsuan Ijazah (Studi Kasus Putusan No.25/Pid.B/2007/PN.BR)”. Jurnal Skripsi Ayu.

0 komentar:

Posting Komentar