Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan 2



      Tangisan Rakyat
Nalika matahari jumedhul
Awan putih padha jejogedan ning dhuwur kono
Segara sing katon biru
Gawe keuripan kanggo nelayan
            Nalika sing nguwasani negara metu
            Kita njerit, lan nangis
            Nrungokake omonganmu sing palsu
            Gawe sengsarane rakyat
Nalika sing kuwasa nuduhake azabe
Banjir ana ing ngendi-ngendi
Ewonan rakyat padha mlayu
Goleki dalan kebebasan

      Kertas Putih
Awakmu sing putih
Awakmu sing resik
Sithik baka sithik
Bakal reged
Reged amarga coretan-coretan pen
Coretan-coretan sejarah
Sing ora bakal kedadeyan maneh
Lewat kertas putih iki
Dadi saksi bisu
Yen aku tau duweni cerita ing dunnya iki
Yen aku tau urip ana ing dunnya iki

0 komentar:

Posting Komentar