Senin, 21 Desember 2015

Kagunan Basa "Saloka"



SALOKA

Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
a.   Gajah ngidak rapah = wong nerak wewalere dhewe.
b.   Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wulang wong enom.
c.   Kemladheyan ngajak sempal = mitra kang ngajak rusak.
d.   Tekek mati ulone = wong cilaka marga rembuge dhewe.
e.   Bathok bolu isi madu = wong ala rupane nanging pinter.
f.   Kethek seranggon = wong sakulawarga ngroyok/ ewang-ewangan kabeh.
g.   Pecruk tunggu bara = wong ala dipercaya tunggu barang karemane.
h.   Belo melu seton = kalah perbawa marga kalah tuwa.
i.     Kaya baladewa ilang gapite = wong kang ora duwe kekuatan.
j.    Rindhik asu digitik = wong kang katuju kekarepane.
k.   Kekudhung walulang macan = wong kang tumindak kanthi migunakake asmane wong kang kuwasa.
l.     Kutuk marani sunduk = wong kang marani cilaka.

0 komentar:

Posting Komentar