Senin, 21 Desember 2015

Cerita Wayang "Rahwana"



PRABU RAHWANA


Prabu Rahwana utawa Dasamuka ratu ing Ngalengka iki wujud raseksa. Duwe adhi telu, yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana.
      Kumbakarna wujud raseksa nanging becik budine, Sarpakenaka buto wadon kang kukune landhep mawa wisa, lan Gunawan Wibisana manungsa biyasa bagus rupane.
      Prabu Rahwana sekti mandraguna nanging duwe watak angkara murka. Senadyan wis duwe bojo widadari, isih nyolong garwane Prabu Rama, yaiku Dewi Sinta.
     Amarga kalakuane kang ala kuwi, Ngalengka diserbu dening bala kethek, prajurite Prabu Rama. Para raseksa balane Rahwana ditumpes tapis dening wadya kethek.


0 komentar:

Posting Komentar