Minggu, 20 Desember 2015

Serat Jawa



SERAT NITIPRAJA = BUKU NITIPRAJA

Yasane Sinuwun Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Mataram nalika taun 1641.
Isine piwulang marang para luhuring negara, utawa para pemimpining nagara, bab anggone ngurusi nagara, lan momong marang wong cilik utawa rakyat.
Dicritakake ana tuladha tumrap para pemimpin, yaiku lelakone patih ing nagara Mesir sing aran Patih Koja-jajahan. Patih sing gedhe pangwasane. Nanging iya patih sing akeh danane marang rerehane. Gawene mistakake para bupati lan ratu rerehan, sing arep seba marang ngarsane ratu ing Nagara Mesir. Ora mung cukup mstakake, nanging sang patih mau uga menehi sandhangan anyar sing apik-apik, marang para bupati lan para ratu rerehan mau. Sandhangan anyar mau, supaya dienggo seba marang sang prabu Mesir. Manawa pinuju wektu paseban mangkono, Patih Koja-jajahan sing becik atine sarta akeh danane mau mung nganggo panganggo sing prasaja wae.
Cekak cukupe Sang Patih Koja-jajahan mau ora kurang-kurang becik bebudene, marang sang prabu ing Mesir, lan sakawulane kabeh. Ewasamono, petihe sang patih mau kena ing cidra. Utawa dialani dening wong sing ora seneng. E, ngalam donya iki pancen ngewuhake. Wong becik blaba seneng weweh kok ya dialani!
Iku nggambarake sepira abote wong dadi pemimpin, momong rakyat lan gawe karahayone nagara. Karepe becik apik, nanging ana wae wong sing ora bisa aweh panarima marang kabecikane kyai patih mau. Malah wekasane nandhang sangsara marga dipiala.

0 komentar:

Posting Komentar