Rabu, 23 Desember 2015

Ayo ngguyu

LATAH

Tangga ngarep omah crita, yen rayine sing dadi guru nate dadi ptanatacara (MC) ing acara serah terima kepala sekolah. Awit sing pindhah kepala sekolah, mula acara mau dirawuhi kabeh kepala sekolah saka sekolahan-sekolahan liyane, dalah pejabat Dikbud lan penilik sekolah.
Nengah-nengahi mranata acara tenggorokane rada gatel kudu watuk, mula mik sing dicekel didohke cedhak bokong, karepe swara watukke ben ora mlebu mik. Nanging apese awak, ngepasi watuk grok.. grok.. dadak ana swara liya ngumandhang saindenging ruwangan... dhuuut.. breet...!
Sakala sing rawuh sire plan padha lingak-linguk. Bareng ngerti dununge mik, sakala mak geeerrr ngguyu kabeh. Ibu-ibu olehe gumujeng nganti pamit nyang toilet merga kebelet pipis. Lha MC-ne kisinan trus mlayu pinarak.
Sawise lerem, Bapak Penilik ngendika supaya acara diterusake. “Iku mau tandha ben aja padha ngantuk, ora apa-apa. Ora sengaja latah, ngarep muni buri ngimbangi, wis pas.”s

0 komentar:

Posting Komentar