Senin, 21 Desember 2015

Cerita Wayang "Anoman"



Anoman
Anoman kuwi wujud kethek putih memplak. Duwe kuku dawa ana ing jempol tangane. Jenenge kuku Pancanaka, kaya kukune Wrekudara. Sandhang panganggone Anoman kaya sandhang panganggone Wrekudara.
            Anoman iku trengginas, trampil cukat mencolot utawa mletik. Awake entheng banget prasasat bisa mabur. Nalika brubuh Ngalengka, Anoman tinuding dadi senapati Prabu Ramawijaya. Awit saka kasektene, Rahwana sabalane bisa ditumpes dening Anoman sabalane kang awujud kethek.
            Anoman iku putrane Dewi Anjani patutan karo Bathara Guru ing Kahyangan Argadumilah. Bathara Guru panggedhening para dewa. Dadi Anoman iku satengah dewa. Mula sekti banget lan umure nganti pirang-pirang atus tahun.
            Bareng wis tuwa Anoman madeg dadi pandhita, aran Resi Mayangkara. Kasatriyan Kendhalisada diowahi dadi pratapan Kendhalisada. Cantrike Anoman akeh banget, ing antarane putra Pandawa kayata Gathutkaca, Antareja, Antasena, uga Abimanyu.

0 komentar:

Posting Komentar