Senin, 07 Desember 2015

Drama Bahasa Jawa Lucu



Drama Bahasa Jawa, Percakapan Lucu Cowok dan Cewek

Nang mubarang panggon ana sawong lanang lan wedok lagi catur-gunem ngenani kuripan masing-masing. si wedok kayane keliwat agresif lan luwih akeh pitakon menyang cowok.

Wedok: Mas kerja neng endi?

Lanang: Aku mung duwe siji loro hotel bintang 4 lan 5 neng Jakarta lan Bali

Wedok: (WOW, konglomerat mesti!) Mas tinggal neng endi?

Lanang: Pondok Indah Bukit Golf

Wedok: (WOW keren! Omahe wong sugih) mesti gedhe omahe ya mas?

Lanang: Ora, biyasa wae, mung 3000 meter persegi

Wedok: (BUSET) mesti mobilnya akeh ya mas?

Lanang: Sethithik kok, mung ana Ferrari, Jaguar, Mercedes, BMW, lan Mazda

Wedok : (EDAN, cowok idaman aku iki!) Mas wis nduwe bojo urung?

Lanang: Nganti wektu iki durung

Wedok: (Enak iki yen aku iso dadi bojone) Mas udud?

Lanang: Ora, udud ora apik kanggo kawarasan awak

Wedok: (WAH waras banget!) Mas dhemen ngombe wedang koplo ora?

Lanang: Ora lah

Wedok: (Edan Cool abissss!!) Mas dhemen judi ora?

Lanang: Ora, go opo judi? Ngentekne dhuwit ae

Wedok: (Ooohhhh... So sweett...JOS GANDOS) Mas dhemen dugem ora?

Lanang: Ora lah

Wedok: (Sholeh banget ki lanangan!) Mas uwes munggah haji?

Lanang: Uwes, nembe peng 3 lan umroh paling ping 6

Wedok : (Subhanallah) Hobi mu opo mas?

Lanang: Ngapusi wong

Wedok: *Mrengut raine kecut*

Sumber : www.cerkakbahasajawa.com/2015/05/kumpulan-cerkak-bahasa-jawa-lucu.html

0 komentar:

Posting Komentar