Senin, 21 Desember 2015

Kagunan Basa "Wangsalan"



WANGSALAN

Wangsalan yaiku unen-unen kaya cangkriman nanging dibatang dhewe.
Tuladha:
A.    Kang awujud ukara lumrah
a.     Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni
           Saron bumbung = angklung
b.     Balung jagung sampun ketanggelan
           Balung jagung = janggel
c.      Wong kok menthi kacang, mbesengut wae
           Penthil kacang = sungut
d.     Sarung jagung, bobot timbang ana kowe
           Sarung jagung = klobot
e.     Balung geni, mbok menawa dolan mrene
          Mbalung geni = mawa
f.       Bebek alit kok wira-wiri ana apa ta?
           Bebek alit = meri
g.     Mrica kecut togna wae sauni-unine
           Mrica kecut = wuni

B.     Kang awujud ukara edi peni
a.     Kapi jarwa pethekku mangsa wurunga
Kapi = kethek
b.     Kukus gantung, sawangana kok bingung
Kukus gantung = sawang
c.      Reca kayu golekana kang satuhu
Reca kayu = golek
d.     Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung
Wohing tanjung = kecik
e.     Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso
Ron mlinjo = so

0 komentar:

Posting Komentar