Jumat, 18 Desember 2015

Wacanan Basa Jawa



Mertamu

Sonten-sonten Pak Marta mireng, wonten montor kendel ing latar ngajeng. Pak Marta medal saking griya manggihi tamunipun ingkang saweg mandhap saking mobil.
Tamunipun: “Kula nuwun.”
Pak Marta: “Mangga.”
Sasampunipun sami salama kanthi akrab, tamunipun dipunaturi lenggah ing pandhapi. Pak Marta enggal-enggal mlebet ing griya, gantos pangangge ingkang resik. Boten let dangu Pak Marta medal malih manggihi tamunipun.
Tamunipun menika salah satunggaling saudagar sugih saking Pekalongan. Prelunipun mertamu, badhe ngajak sesambetan dagang bathik kaliyan Pak Marta sekaliyan. Bu Marta dereng medal manggihi tamunipun. Piyambakipun saweg kengkenan rencangipun nyaosi unjukan dhateng tamunipun.
Boten dangu Bu Marta medal saking griya, sampun ngagem pangangge ingkang resik, tumut manggihi tamunipun.
Wondene tamu punika, kedah dipunajeni tuwin dipunkurmati. Rencangipun Bu Marta medal, ngladosaken unjukan kaliyan nyamikan. Lampahipun alon, mripatipun ningali mangajeng, boten jlalatan. Ingkang dipunladosi rumiyin tamunipun, tumunten Pak Marta sekaliyan.
Sasampunipun bage-binage, kanthi raketing pasedherekan, ingkang sampun dangu pitepanganipun, Pak Marta utawi Bu Marta gentos-gentos ngaturaken unjukan saha dhahar nyamikan. Dipunlajengaken ngrembag ancas sarta tujuwanipun mertamu.
Tamu: “Pisowan kula mriki, kajawi kuwi kasugengan panjenengan sekaliyan dalah kulawarga, wonten prelunipun sakedhik. Inggih menika menawi kepareng saha dhangan ing penggalih, panjenengan sekaliyan badhe kula ajak nyambut damel sesarengan, sade wade saking Pekalongan.”
Pak Marta: “Inggih. Matur nuwun sanget, dhateng kapitadosan panjenengan dhateng kula kekalih. Namung kemawon ingkang kuwadean punika ibunipun. Manawi kula gadhah pedamelan piyambak, wonten kaontor museum. Piye bu, kowe saguh apa ora?”
Bu Marta: “Inggih sagah. Namung caranipun kados pundi?”
Tamu: “Menawi makaten wiwit benjing- enjing, ibu badhe kula kintuni dagangan wade saking Pekalongan, komplit sadaftaripun regi sapotongipun, sarta gunggungipun barang sadaya. Sumangga ibu, anggenipun badhe nyade sapotongipun, wonten ing ngriki. Sawulan malih kula sowan mriki, mendhet arta pepajenganipun. Sarta nambah dagangan wade ingkang sampun tipis.”
Bu Marta: “Inggih. Manawi makaten kula sagah.”
Tamu: “Sarehne sampun cekap prelunipun, kula enggal-enggal nyuwun pamit.”
Pak Marta: “Inggih mangga, ndherekaken sugeng tindak.”

Sumber: Sudharto dan Sudi Yatmana, 1993. Ajar Basa, Semarang: Aneka Ilmu

0 komentar:

Posting Komentar