Rabu, 23 Desember 2015

Maca-Kapustakan Jawa



Maca Cerkak

Cerkak ing basa Indonesia diarani cerpen. Cerkak bisa katulis nganggo basa ngoko utawa krama, gumantung saka pengarange. Menawa arep maca cerkak, bisa maca kalawarti-kalawarti basa Jawa. Cerkak iku bisa awujud crita nyata, utawa ora nyata.
Cerkak utawa crita cekak iku salah sijine wujud kapustakan Jawa ing jaman anyar. Miturut jamane, kapustakan Jawa bisa kaperang dadi papat, yaiku:
1.       Kapustakan Jaman Kuno
Tuladhane karya sastra ing jaman iki yaiku Serat Ramayana , Serat Mahabarata, Serat Arjuna Wiwaha, Serat Bharatayudha, Serat Negara Kertagama, Serat Sutasoma, lan liya-liyane.
2.      Kapustakan Jaman Islam
Tuladhane karya sastra ing jaman iki yaiku Suluk Wujil, Suluk Sukerta, Suluk Malang sumirang,  Layang Niti Sutri, Layang Manikmaya, Serat Ambiya, lan liya-liyane.
3.      Kapustakan Jaman Mataram nganti Jaman Surakerta (wiwitan)
Tuladhane karya sastra ing jaman iki yaiku Layang Jayabaya, Layang Cemporet, Layang Katalidha, Layang Pustaka Raja Purwa, lan liya-liyane.
4.      Kapustakan Jaman Anyar
Tuladhane yaiku Sarining Paramasastra Jawa, Baysastra Jawa, Dongeng Sato Kewan, Bebasan lan Saloka, Serat Ken Dedes, lan liya-liyane.

0 komentar:

Posting Komentar