Kamis, 03 Desember 2015

Geguritan

Putih, Kelawu, Apa Ireng?

Nalika kowe lair ana ing donya iki
Kowe gak reti arep dadi apa
Apa kowe dadi ireng
Apa putih bakale
Kuwi tergantung marang wong tuwamu
Yen wong tuwamu ngajari apik
Berarti kowe dadi putih
Yen wong tuamu ngajari ala
Kowe bakal dadi ireng
Nanging yen wong tuwamu ngajari loro-lorone
Awakmu bakal dadi kelawu
Nanging awake dhewe gak bisa mileh
Kuwi wis ditentukna sing kuwasa
Sakumpama bisa mileh, mesthi kita mileh sing putih
Lan ora ana sing bakal mileh ireng utawa kelawu
Yen mengkono berarti ning dunnyo iki isine mung wong apik-apik
Terus apa gunane ana suwargo lan neraka?



Kapas Putih

Nalika awake dhewe lair
Kita kaya kapas putih
Sing dhurung tau dienggo
Sing dhurung diregedi dosa-dosa
 Sing mabur digawa angin
 Lan ora reti arep digawa ning ngendi
Apa kuwi ning laut, ning gunung
Malahan bisa uga digawa ning langit
Ora ana sing bakal reti
Kecuali sing maha kuwasa
Angin wae sing gawa awake dhewe sok ora reti
Apa maneh aku lan kowe?

0 komentar:

Posting Komentar