Senin, 21 Desember 2015

Pacelaton



Danur : Git, tontonan apa sing paling koksenengi?
Sigit : Wayang kulit.
Danur : Ketoke rada aneh tur nyleneh. Bocah cilik koksenengane
wayang.
Sigit : Ah, ya ora aneh tur ora nyleneh. Wong meh saben dina aku
krungu swarane gender lan weruh bapak latihan wayang.
Danur : O, ya, ya. Aku lagi kelingan yen bapakmu kuwi dhalang. Dhek
kowe ditetakake kae, kok ora bapakmu dhewe sibf dhalang dhewe.
Sigit : Wah, yen kuwi ora umum. Wong duwe gawe wayangan kok
didhalangi
           Dhewe.
Danur : Yen bapakmu oleh tanggapan, kowe apa mesthi nonton?
Sigit : Yen ora adoh aku mesthi nonton, nanging yen adoh, ya ora
nonton.
Danur : Suk yen gedhe, kowe apa kepengin dadi dhalang?
Sigit : Ya, saiki bae aku wis bisa ndhalang, ora ketang durung
apik.Lha yen kowe, tontonan apa sing koksenengi?
Danur : Yen aku seneng nonton pementasan musik ndhangndhut. Aku
duwe kaset ndhangndhut pirang-pirang. Yen kepengin nyilih daksilihi.
Sigit : Matur nuwun. Kapan-kapan aku dakdolan menyang omahmu nyilih
kaset ndhangndhut.



0 komentar:

Posting Komentar