Minggu, 20 Desember 2015

Wayang



SARASILAH PANDHAWA

Prabu Kresnadipayana iya Prabu Abiyasa ing Ngastina, iku kagungan putra kakung telu, sing pambarep jenenge Dhestharasta, sing penggulu Pandhu, sing wuragil Yama Widura. Dhestharasta cacat wuta, Pandhu cacat tengeng, Yama Widura cacat gejing.
            Bareng Prabu Abiyasa wis sepuh, kaprabon Ngastina diparingake Pandhu, jejuluk Prabu Pandhu Dewanata. Abiyasa banjur mbagawan ana ing Gunung Retawu. Misuwure ing Sapta Arga Wukir Retawu, kasebut Bagawan Abiyasa. Kocapa Prabu Pandhu Dewanata dhaup karo Dewi Kunthi, kagungan putra kakung telu, yaiku Yudhistira, Bratasena, lan Arjuna. Karo garwa Dewi Madrim kagungan putra kakung kembar, yaiku Nakula lan Sadewa. Prabu Pandhu ora suwe jumeneng nata isih timur seda. Putrane iseh cilik-cilik.
            Sing jumeneng ratu ing Ngastina sesedane Prabu Pandhu yaiku Dhestharastha. Dhestharastha krama karo Dewi Gendari kagungan putra satus, sing misuwure aran Sata (satus) Kurawa. Pambarepe aran Jakapitana, sing besuk gumanti jumeneng ratu ana Ngastina, jejuluk Prabu Duryudana utawa Prabu Suyudana.

0 komentar:

Posting Komentar