Rabu, 30 Desember 2015

Artikel Bahasa Jawa Tentang Wayang Kulit



Wayang Kulit
Wayang kulit ngrupikaken satunggaling kesenian tradisional jawa ingkang kalebet kesenian tuwa kedamel saking cucal utawi kulit kewan kados sapi, mendho, ugo kewan sanes kagem mujutaken tokoh ing pewayangan. 

Para ilmuwan anggadahi penggalih bilih kesenian wayang kulit sampun dipun ginakaken dening masyarakat jawi kagem satunggaling hiburan tebih sakderengipun agami hindu lan budha mlebet wonten ing tlatah jawi. Kisah lan crita wonten pamentasan pewayangan ingkang anggadahi filosofi tatanan lan tuntunan gesang ing masyarakat ingkang sae ndadosaken kesenian menika salah satunggaling cara kagem nyebaraken kebecikan kados tatanan saha hukom-hukom ing masyarakat.
Mboten kaget menawi agami ingkang mlebet ing tanah jawi kathah ngginakaken kesenian tradisional menika satunggaling cara anggenipun nyebarake piwulangannipun. Kados crita pewayangan ingkang kita mangertosi samenika kathah ingkang nyitakaken dewa saha ajaran agami saking nagari India kanthi lakon kang terkenal nun injih mahabharata perang baratayudha. 


Menawi kula panjenengan sami tingali wonten crita menika anggadahi satunggaling pokok kanthi nyebaraken piwulangan kagem gesang ingkang sae dening hubunganipun kalian sesami makhluk ugi hubunganipun kalian kang Maha Kuwasa. 

Perkembangan jaman lan tatanan gesang wonten masyarakat samenika saestu sampun minggiraken kesenian wayang kulit saking tlatah hiburan. Perkembangan teknologi langkung-langkung elektronik saestu saget ngilangaken tradisi jawi menika saking tlatah jawi. Mila menika artikel bahasa jawa tentang wayang kulit menika saget sami kita ginakaken kagem satunggaling motivasi kita supados saget nguri-uri tradisi jawi wayang kulit. Kanthi kesadaran kula panjengan sami anggenipun nguri-uri tradisi jawi mugi saged nglestarekaken wayang kulit menika dumugi anak wayah kita sedaya.

Demikian sedikit uraian artikel bahasa jawa tentang wayang kulit, semoga bermanfaat dan menginspirasi kita semua untuk senantiasa melestarikan kebudayaan jawa. Mohon maaf jika dalam artikel di atas terdapat banyak kekurangan dan kekeliruan, mohon dimaklumi karena masih dalam taraf belajar. Matur suwun.

Sumber: http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/04/artikel-bahasa-jawa-tentang-wayang-kulit.html

0 komentar:

Posting Komentar